wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sesorah Kelas 6

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Sing diarani pidato kuwi yaiku...

a)

ngomong ing ngarepe wong akeh sak perlu medharake gagasan, ide , lan pamikiran kanti tujuan tartamtu

b)

pacelaton sing ditindakake antara wong karo wong liyane

c)

pacelaton sing ditindakake ing ngarepe wong akeh

d)

nyritakake kadadean-kedadean jaman biyen

2.

Bapak lan Ibu ingkang kula kurmati,

Kegiyatan bakti sosial menika program ingkang kawontenaken setunggal taun sepisan. Kanti kegiatan menika mbok bilih saged nuwuhaken raos tepa selira kanca-kanca kelas VI marang sapadhapadha. Kegiatan bakti sosial menika kangge sarana nyaosi pambiyantu dhumateng para warga ingkang mbetahaken kegiyatan menika mugi-mugi wonten guna lan paedahipun kangge panjenengan sedaya.

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten. Nuwun.


Sing kalebu wasana basa( panutup pidato) yaiku...

a)

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

b)

Bapak lan Ibu ingkang kula kurmati,

c)

Kegiyatan bakti sosial menika program ingkang kawontenaken setunggal taun sepisan.

d)

Kanti kegiatan menika mbok bilih saged nuwuhaken raos tepa selira kanca-kanca kelas VI marang sapadhapadha.

3.

Assalamualaikum wr. wb.

Dhumateng bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya

Monggo kita...njunjungake puja lan puji syukur marang gusti Allah swt amargi sampun maringi berkah lan karunia.


Tembung sing mathuk kanggo njangjepi ukara ing ndhuwur yaiku...

a)

sesarengan

b)

nyenyuwun

c)

kaliyan panjenengan

d)

ngaturaken

4.

Ingkang kalebu ciri basa pidato resmi yaiku...

a)

tembunge baku

b)

intonasi swara munggah mudhun

c)

kerep nganggo ukara ora jangkep

d)

intonasi datar

5.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu bahasa pidato resmi yaiku...

a)

salajengipun kula warga ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadhang

b)

Para Gubernur ingkang kinurmatan mugi-mugi semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kagem nindakaken pembangunan ing Indonesia.

c)

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten sedaya atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih.

d)

salajengipun kula minangka kanca namung gadhah pangajab, mugi-mugi kanthi tambahing yuswa sederek kula.

6.

Basa sing digunakake ing pidato ora resmi yaiku...

a)

nganggo tembung ora baku

b)

digunakake ing kahanan resmi

c)

Nganggo ukara jangkep

d)

Intonasine datar

7.

Ing ngisor iki minangka gagasan baku pambuka pidato, kajaba....

a)

pakurmatan

b)

dudutan

c)

tetembungan

d)

puji syukur

8.

Ing ngisor iki sing ora kalebu perangane pidato yaiku...

a)

pambuka

b)

isi

c)

penutup

d)

kesimpulan

9.

Bapak Ibu guru ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita .... ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat wal afiat.

Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku...

a)

ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh

b)

ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya

c)

ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha agung

d)

matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika

10.

Gegayuhan kaliyan adicara syukuran punika, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sekolah dhateng pawiyatan ingkang langkung inggil ngantos perguruan tinggi. Mboten kesupen kula sakanca inggih nyuwun agunging pangapunten, awit kula asring ndamel kalepatan.

Pidato ing ndhuwur kalebu jenise pidato....

a)

ora resmi

b)

resmi

c)

pangajak

d)

panglipur

11.

1. Perangane sesorah yaiku...

a)

A. Isi lan panutup

b)

B. Pambuka, isi (Surasa) lan panutup

c)

C. Uluk salam lan panutup

d)

Pambuka lan panutup

12.

Assalamua'laikum...Wr.Wb

Ukara iku minangka....perangan sesorah

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Penutup

13.

Muji syukur marang Gusti Allah kalebu...

a)

Panutup

b)

Isi

c)

Pambuka

d)

Salam Panutup

14.

Jalaran Awit nugrahaning Gusti Allah dinten punika saged kempal. Tembung kempal tegese...

a)

Lunga

b)

Kumpul

c)

Bubar

d)

Bali

15.

Perangane sesorah kang ngemot isi Utawa kang Wigati ing tanggap wacana diarani

a)

Panutup

b)

Pambuka

c)

Surasa

d)

Salam pambuka

16.

Wasana cekap semanten atur Kula, Mbok bilih wonten kekirangan lan kalepatan nyuwun pangapunten . Kalebu perangan pidhato....

a)

Surasa / isi

b)

Panutup

c)

Salam pambuka

d)

Pambuka

17.

Ing ngisor iki perangane sesorah ,kajaba...

a)

Adangiyah

b)

Pambuka

c)

Surasa / isi

d)

Panutup

18.

Sing kudu disiapake nalika sesorah kajaba...

a)

Swara

b)

Intonasi

c)

Ekspresi

d)

Nesu

19.

Menawa sesorah ing ngarep para rawuh swarane kudu...

a)

Lirih

b)

Seru lan cetha

c)

Nesu

d)

Ora seru lan ora cetha

20.

Menawa sesorah ing sangarepe wong sing luwih tuwa nggunakake basa...

a)

Basa ngoko

b)

Kasar

c)

Basa krama

d)

Basa dialek