NEW
Font size
WorksheetsSH BHS. JAWA BAB 5 KELAS 6
Total questions: 20
Worksheet time: 1hrs 23mins
Kagiyatan ngandharake pamikiran utawa gagasan ing sangarepe wong akeh diarani ....
Pamedhar sabda
Sesorah
Rewang
Jagong
Wong sing nglakoni kagiyatan ngandharake pamikiran utawa gagasan ing sangarepe wong akeh diarani ....
Pamedhar sabda
Sesorah
Rewang
Jagong
Sing diarani perangan sesorah yaiku ....
Purwaka, surasa, wasana
Pambuka, kesimpulan, panutup
Latar crita, isi, panutup
Purwaka, sesorah, legawa
Ing ngisor iki kang ora klebu perangan pambuka sajrone sesorah yaiku ....
Puji sokur
Dudutan
Salam
Atur pakurmatan
Ing ngisor iki kang klebu perangan wasana sajrone sesorah yaiku ....
Atur pakurmatan
Wosing andharan
Salam
Panyuwunan pangapura
Pidhato kang ditindakake ing acara rapat DPR klebu jinis pidhato kang asipat ....
Ora resmi
Setengah resmi
Resmi
Biasa
Pidhato kang ditindakake ing acara syukuran ulang taun klebu jinis pidhato kang asipat ....
Ora resmi
Setengah resmi
Resmi
Biasa
Cara pidhato kang ora nganggo persiapan utawa ora nganggo reng-rengan pidhato diarani ....
Metode apalan
Metode impromptu
Metode naskah
Metode ekstemporer
Pidhato kanthi cara maca isine naskah kang wis direng-reng sadurunge diarani ....
Metode apalan
Metode impromptu
Metode naskah
Metode ekstemporer
Ing ngisor iki sing ora klebu bab-bab kang kudu digatekake nalika pidhato yaiku ....
Swara
Subasita
Wong sing ngrungokne pidhato
Patrap
Patrap utawa sikap nalika pidhato sing becik yaiku ....
Jumeneng jejeg nanging ora kaku
Ndhingkluk
Sikil mbegagah amba
Kakehan obah
Pidhato kang nduweni ancas kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing adicara apa wae diarani ....
Atur pawarta
Atur panglipur
Atur pangajak
Atur pambagya
Pidhato kang kang aweh kabar utawa inpormasi diarani ....
Atur pawarta
Atur panglipur
Atur pangajak
Atur pambagya
Pidhato iku tegese guneman ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu. Pidhato iku nduweni ancas kang beda-beda. Salah sawijine yaiku paring atur panglipur. Kang diarani atur panglipur yaiku ....
Pidhato kang nduweni ancas kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing adicara apa wae
Pidhato kang aweh kabar utawa inpormasi kayata ana ing acara rapat utawa promosi barang
Pidhato kang ancase supaya sing mirengake percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening pamedhar sabda
Pidhato kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah
Puji sokur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat satemah kita saget kempal kanthi pinaringan karaharjan.
Pretelan teks pidhato kasebut klebu perangane ....
Surasa
Dudutan
Purwaka
Wasana
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati bapak/ibu Kepala SD Negeri 3 Slogohimo
Ingkang kinurmatan bapak/ibu Wali kelas 6 SD Negeri 3 Slogohimo
Ingkang kula tresnani rencang-rencang kelas 6 SD Negeri 3 Slogohimo
Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan kaharjan satemah ing wekdal menika kita saged makempal.
Kula Shelin wakil saking kelas 6 ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak ibu guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SD Negeri 3 Slogohimo.
Kula lan rencang-rencang namung saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan karentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.
Kula lan rencang-rencang ugi nyuwun ageng ing pangapunten awit asring ndamel bapak ibu guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih bapak ibu guru sedaya.
Dhumateng bapak ibu guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamiin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.
.
.
Sapa sing ngandharake pidhato kasebut?
Bapak kepala sekolah
Bapak guru
Ibu guru
Shelin

Ana ing acara apa pidhato kasebut ditindakake?
Pengetan dina Kartini
Upacara 17 Agustus
Perpisahan kelas 6
Perpisahan kepala sekolah
Metode pidhato kanthi cara ngapalake isine teks pidhatokang wis direng-reng sakdurunge diiarani ....
Metode apalan
Metode naskah
Metode ekstemporer
Metode impromptu
Ancas pidhato atur pangajak yaiku ....
Pidhato kanggo nampa rawuhe para tamu kang ana ing adicara apa wae
Pidhato kang aweh kabar utawa inpormasi kayata ana ing adicara rapat
Pidhato kang ancase supaya sing mirengake percaya lan nindakake apa kang diwedharake dening pamedhar sabda
Pidhato kang aweh panglipur supaya sing ngrungokake bisa legawa, lila lan seneng atine
Ancas pidhato atur panglipur yaiku ....