wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Harian Geguritan

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan iku salah sawijining karya sastra Jawa .....

a)

kuna

b)

tengahan

c)

tradisional

d)

modheren

2.

Ing ngisor iki kang kalebu titikane geguritan yaiku .....

a)

tetembungane mentes, ringkes, lan endah

b)

tetembungane sithik

c)

migunakake tembung kang baku

d)

ora perlu nganggo lelewaning basa

3.

Nalika gawe geguritan kudu nganggo tembung kang mentes. Apa tegese tembung kang mentes iku?

a)

Tembung kang waton apik

b)

Tembung kang ana isi/maknane

c)

Tembung kang dawa

d)

Ringkes

4.

Geguritan iku duwe struktur basa kang rinengga salah sijine yaiku bisa awujud lelewaning basa. Lelewaning basa ing basa Indonesia diarani .....

a)

seselan

b)

diksi

c)

gaya basa

d)

perulangan

5.

Geguritan bisa katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi swara. Apa kang diarani purwakanthi swara?

a)

Lagu kang dibaleni

b)

Aksara vokal kang dibaleni

c)

Tetembungan kang dibaleni

d)

Aksara konsonan kang dibaleni

6.

Janur gunung, gunung geni lor Ngayogya. Ukara kasebut kalebu purwakanthi .....

a)

lagu

b)

vokal/swara

c)

lumaksita

d)

sastra

7.

Teks geguritan mau bisa sliramu waca kanthi nggatekake solah bawa utawa obahing awak. Luwes, ora kaku, trep karo isine geguritan. Kang mangkono iku, ateges sliramu nggatekake ….

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

8.

Manawa maca geguritan kanthi pocapan kang cetha, ora groyok, pelo utawa rangu-rangu, lan bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamane mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha), mangkono iku tegese nggatekake .….

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

9.

Budi maca geguritan kanthi tema perjuangan, pamacane gurit sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan sing isine kesusahan, pamacane luwih alon lan sareh. Bab iki ateges Budi bisa ngecakake .….

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

10.

Anggone maca geguritan wirasa uga aja dilalekake amarga wirasa iku .….

a)

lirih lan serone swara

b)

cetha lan orane swara

c)

rasa pangrasane pocapan

d)

munggah mudhune swara

11.

Kang perlu digatekake nalika arep maca geguritan ing ngisor iki yaiku....

a)

analisis penganggite

b)

spontan anggone maca

c)

ora kudu gladhen dhisik

d)

mbedhah isine geguritan

12.

Underaning gagasan kang ana ing geguritan diarani .....

a)

purwakanthi

b)

ekspresi

c)

tema

d)

pamilihing tembung

13.

Pamiling tembung menawa ing basa Indonesia diarani .....

a)

majas

b)

diksi

c)

puisi

d)

intonasi

14.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku .....

a)

tembunge mentes lan endah

b)

pilihan tembung sakkarepe sing nulis

c)

irah-irahan ora kudu trep karo isine

d)

tembunge kena akeh banget

15.

Nulis geguritan isine kudu becik, tegese geguritan iku .....

a)

mengku pangolok-olok

b)

mengku patuladhan utama

c)

mengku gegojekan

d)

mengku rasa drengki/srei

16.

Geguritan asesirah "ron garing" nyritakake ....

a)

prihatine bocah sekolah nalika ngudi ngelmu

b)

nyritakake bocah sing lagi mbantu wong tuwa

c)

prihatine bocah sekolah nalika arep ulangan

d)

nerangake bocah sing lagi mbantu guru

17.

Wengi sangsaya atis. Tembung atis dasanamane yaiku .....

a)

anget

b)

panas

c)

adhem banget

d)

silir

18.

Tembung kadangku ana ing sajroning geguritan kasebut tegese .....

a)

anak

b)

sedhulur

c)

bapak

d)

ibu

19.

Tegese tembung donya ana ing geguritan kasebut yaiku .....

a)

bandha

b)

dhuwit

c)

jagat

d)

brana

20.

Sapa kang ngarang geguritan kasebut?

a)

Kadangku

b)

Aku

c)

R. Tantiningsih

d)

Suratiningsih