NEW
Font size
S
M
L
XL
Worksheetswulangan basa jawa kelas xii bab 5
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Name
Class
Date
1.
Cikal bakal ludruk yaiku kesenian ....
a)
lerok
b)
lorek
c)
remo
d)
besutan
e)
bandhan
2.
Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku ….
a)
tari srimpi
b)
tari merak
c)
tari remo
d)
tari gambyong
e)
tari kreasi
3.
Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi ….
a)
lagu dolanan
b)
tembang macapat
c)
tembang kenangan
d)
tembang campursari
e)
ngidung jula-juli
4.
Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit ….
a)
ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta.
b)
ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah.
c)
para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang.
d)
para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk.
e)
sumber ceritane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah.
5.
Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku ….
a)
Cak Kartolo
b)
Cak Kirun
c)
Cak Durasim
d)
Cak Supali
e)
Cak Agus Kuprit
6.
Titikane crita ludruk yaiku ….
a)
Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur.
b)
Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah.
c)
Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik.
d)
Critane kapethik saka babad tanah Jawa.
e)
Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.
7.
Kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku ….
a)
kethoprak jangkep
b)
kethoprak lesung
c)
kethoprak pendhapa
d)
kethoprak gejog
e)
kethoprak tobong
8.
Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese ….
a)
nggambarake panandhanging kawula alit
b)
crita kang ngandhut unsur sejarah
c)
crita bab asal-usul panggonan
d)
crita saka manca negara
e)
Crita carangan
9.
Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku ....
a)
para pamaraga/pemain kudu bisa nembang
b)
para pamaraga/pemain kudu bisa nari
c)
para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri
d)
para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan
e)
para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara
10.
Umume cerita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka ....
a)
dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana
b)
dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana
c)
jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana
d)
jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana
e)
jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana
11.
Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah, ananging ... .
a)
tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan.
b)
sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan.
c)
pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan.
d)
pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah.
e)
isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.
12.
Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk ....
a)
migunakake basa kang lungit
b)
migunakake lelewaning basa
c)
dadi spontan lan prasaja
d)
dadi kaku kebak tatanan
e)
tansah cengengesan
13.
Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone kelompok tontonan, gumantung marang ....
a)
sutradhara lan sing nanggap tontonan.
b)
sutradhara, pemain, lan prodhuser.
c)
kepriye anggone sutradhara ngatur paraga.
d)
kepriye promosi lan tanggapane penonton.
e)
kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku.
14.
Manajemen tontonan ndhuweni peranan, yaiku:
a)
netepake rancangan, ngorganisir, lan nandhingake
b)
netepake rancangan, ngoreksi, lan ngendhaleni
c)
netepake rancangan, ngorganisir, lan ngendhaleni
d)
netepake koordinasi, ngorganisir, lan ngendhaleni
e)
netepake jadwal, ngorganisir, lan ngendhaleni
15.
Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku ....
a)
mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak.
b)
mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak.
c)
mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan.
d)
mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama.
e)
mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan.
Reset
