wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan 1

Total questions: 25

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Tembung geguritan asale saka tembung lingga gita. Tembung gita tegese...

a)

karangan

b)

gancaran

c)

macapat

d)

kawi

e)

tembang utawa syair

2.

Bentenipun geguritan gagrag lawas kaliyan geguritan gagrag enggal inggih menika...

a)

geguritan gagrag lawas lan gagrag enggal kekalihipun kawengku ing guru wilangan

b)

geguritan gagrag lawas dipunwiwiti tembung sun gegurit, geguritan gagrag enggal sipunwiwiti mangajapa

c)

geguritan gagrag lawas kawengku ing guru wilangan, geguritan gagrag enggal kawengku ing guru lagu

d)

geguritan gagrag lawas dipunwiwiti mangajapa, geguritan gagrag enggal dipunwiwiti sun gegurit

e)

geguritan gagrag lawas gunggungipun wanda saben gatra sami, geguritan gagrag enggal mardika

3.

Geguritan ngemot tembung-tembung ingkang ngemot teges mantes, ateges supados saged mangertosi geguritan wosipun geguritan kedah nindakaken kados kaandharaken ing ngandhap menika...

a)

maos geguritan kanthi premati, mangertosi tegesipun tembung ambal-ambalan, anggenipun maos lan madosi panganggitipun

b)

maos geguritan kanthi premati, mangertosi tegesipun tembung ambal-ambalan, anggenipun maos lan dipundamel gancaran

c)

maos geguritan kanthi awis-awis, mangertosi tegesipun irah-irahan, ambal-ambalan anggenipun maos, lan dipundamel gancaran

d)

maos geguritan kanthi premati, mangertosi tegesipun irah-irahan, kala-kala anggenipun maos, lan dipundamel gancaran

e)

maos geguritan kanthi premati, mangertosi tegesipun tembung, kala-kala anggenipun maos lan dipundamel geguritan ingkang sami

4.

Teks geguritan ing dhuwur migunani paugeran tibaning swara padha, mula geguritan kuwi kalebu gagrag...

a)

anyar

b)

lawas

c)

tengahan

d)

sastra

e)

swara

5.

Undheraning prakara ing geguritan iki yaiku kahanan...

a)

tengah wengi

b)

wayah esuk

c)

tengah wengi tumuju fajar

d)

nalika fajar

e)

wayah sore

6.

Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon. Gatra kasebut katitik saka tetembungan kang digunakake kalebu lelewaning basa majas...

a)

litotes

b)

ironi

c)

hiperbola

d)

personifikasi

e)

metafora

7.

Cahyane sang sitaresmi sasadhara katon surem. Gatra kasebut katitik saka tetembungan kang digunakake kalebu lelewaning basa...

a)

dasanama

b)

purwakanthi

c)

wangsalan

d)

parikan

e)

pepindhan

8.

Panggurit Angkatan Pujangga Baru kang dianggep panulis geguritan Jawa Modern kapisan yaiku...

a)

R. Sumanto

b)

Suripan Sadi Hutomo

c)

R. Intoyo

d)

St. Lesmaniasita

e)

Danajaya

9.

Geguritan kang dianggep minangka geguritan Jawa Modern kapisan yaiku...

a)

Suling

b)

Dayaning Sastra

c)

Apa kowe wis lega?

d)

Rawa Pening

e)

Wong Jawa

10.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake prekawis iki, kajaba...

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

busana

11.

Geguritan menika kalebet karya sastra ingkang iketaning basa memper kados syair tembang nanging mardika boten mawi guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun. Pranyatan menika jumbuh kaliyan titikanipun geguritan inggih menika...

a)

boten kawengku ing pathokan

b)

migunakaken tembung-tembung kang pinilih

c)

wosipun mentes

d)

awis-awis migunakaken tembung pangiket

e)

migunakaken purwakanthi

12.

Kanthi ati kang krasa rinujit. Ati kang krasa rinujit tegese...

a)

ati kang bungah

b)

rasa kang mantep

c)

ati kang serakah

d)

ati kang kelara-lara

e)

ati kang kelegan

13.

Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki. Tembung ratri tegese...

a)

wengi

b)

surup

c)

sore

d)

awan

e)

subuh

14.

Wos surasane pada kapisan yaiku...

a)

urip ora bisa kecukupan

b)

gegambaran ati kang kelara-lara

c)

ngerteni kahanan kang nengsemake

d)

ngerteni kahanan kang endah

e)

donga marang Gusti

15.

Wos surasane pada kapindho yaiku...

a)

urip ora bisa kacukupan

b)

gegambaran ati kang kelara-lara

c)

donga marang Gusti

d)

ngerteni kahanan kang nengsemake

e)

ngerteni kahanan kang endah

16.

Kanthi ati kang krasa rinujit. Ukara kasebut ngandhut citraan...

a)

paningal

b)

pamireng

c)

gerak

d)

perabaan

e)

perasaan

17.

Alam krasa panas, bumi ugi nangis. Ukara kasebut ngandhut majas...

a)

sinekdok

b)

metonimia

c)

personifikasi

d)

metafora

e)

alegori

18.

Pethikan teks geguritan Tresnamu Ibu. "Aywa nganti nyitak kuciwaning kalbu. Tansah ngudi mrih bisa gawe eseming lathimu. Mongkoging penggalihmu kang dakantu-antu. Ibu, kula nyuwun pangestu." Gatra-gatra kuwi mau tansah dipungkasi aksara swara U. Bab iki kalebu salah sawijining struktur teks geguritan yaiku...

a)

lelewaning basa

b)

diksi

c)

nada lan swasana

d)

purwakanthi

e)

tema

19.

Kang diarani geguritan bebas yaiku...

a)

geguritan modern

b)

geguritan tradhisional

c)

tembang tengahan

d)

kidung

e)

macapat

20.

Pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani...

(a)  

21.

kang ora kalebu perangan babagan nulis geguritan yaiku...

a)

tema

b)

rima

c)

diksi

d)

amanat

e)

skenario

22.

Ekspresi, patrap, sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani...

(a)  

23.

Pralambang yen pungkasaning laku manungsa tumuju ing akhirat yaiku...

a)

Nggogos umure janma manungsa

b)

Jarene, minangka sangune lelaku

c)

Pungkasane bakal gusis

d)

Pangumbarane janma manungsa

e)

Tumuju akhire jumangkah kang katuju

24.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg geguritan ing dhuwur yaiku...

a)

urip iki mung mampir ngombe

b)

agama ageming aji

c)

ambune arum jamban

d)

playune banter keong

e)

dahwen pati open

25.

Lamun cidra ilang jatining diri. Tembung cidra iku tegese...

a)

blenjani janji

b)

lara ati

c)

kangen

d)

ngugemi

e)

bungah