wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Macapat

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Urutane perkembangan puisi jawa yaiku . . .

a)

Kidung-Kakawin-tembang macapat-geguritan

b)

geguritan-tembang macapat-kakawin-kidung

c)

kakawin-kidung-tembang macapat-geguritan

d)

geguritan-kidung-kakawin-tembang macapat

e)

tembang macapat-kidung-kakawin-geguritan

2.

Paugeran tembang macapat jinis mijil yaiku . . .

a)

4 gatra = 12u, 6a, 8i,12a

b)

5 gatra = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

c)

6 gatra = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

d)

6 gatra = 10a, 6u, 8a, 8i, 6a, 6u

e)

6 gatra = 12a, 6a,8u,8a,6a,4i

3.

Cacahe wanda ing saben sagatra diarani . . .

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

paugeran

e)

guru wejangan

4.

Bapak Pucung dudu watu dudu gunung

Sabamu ing Sabrang

Ngon ingone sang bupati

Bapak Pucung yen mlaku lembehan grana

Guru wilangan lan guru lagune gatra katiga tembang macapat ing ndhuwur yaiku ...

a)

8a

b)

8e

c)

8i

d)

8u

e)

8o

5.

Piranti dhapur iku

Piring sendhok lading gelas garpu

Enthong wajan suthil serok peret panci

..............................................................................

Kukusan parur lan kalo

Cakepan kang trep tembang macapat ing ndhuwur yaiku . . .

a)

sendhok garpu susuk wajan

b)

gelas rak piring

c)

Lan dhandhang aliyas sobluK

d)

uleg kayu telenan

e)

pawon manci saringan

6.

Nasihat lan pitutur

Kang bener terapna nggo uripmu

Kabeh eling–elingen ja nganthi lali

Aja lali pituturku

Merga sira isih enom

Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …

a)

mijil

b)

dhandhanggula

c)

gambuh

d)

pangkur

e)

sinom

7.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha diarani ....

a)

sinom

b)

pangkur

c)

mijil

d)

asmaradhana

e)

kinanthi

8.

Nadyan silih bapa biyung kaki nini,

sadulur myang sanak,

kalamun muruk tan becik,

nora pantes yen den nuta

Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …

a)

megatruh

b)

sinom

c)

maskumambang

d)

kinanthi

e)

pangkur

9.

Leres njeng ranggawarsita

Jaman edan pakarti kali

Apa malah buwang sebrung

Judheg isine ilang

Watak ala dur angkara tanpa tutup

Emut bali para siswa

Tutur ala lawan becik

wangsulan kang cocog kanggo tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8e

b)

Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 9i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 11a, 8u, 7a, 8u, 8a, 8i

e)

Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 11a, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

10.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa kapatuh

Kapatuh pan dadi awon

Tembang macapat ing ndhuwur yaiku tembang ....

a)

pangkur

b)

sinom

c)

gambuh

d)

mijil

e)

megatruh

11.

Lan sembah sungkjemipun

Mring Hyang sukma elinga sireku

Apan titah sadaya amung sadermi

Tan welangsira andhaku

Kabeh kagungan Hyang manon

Tembang ing dhuwur kalebu jinis . . .

a)

pucung

b)

sinom

c)

maskumambang

d)

gambuh

e)

megatruh

12.

Lan sembah sungkjemipun

Mring Hyang sukma elinga sireku

Apan titah sadaya amung sadermi

Tan welangsira andhaku

Kabeh kagungan Hyang manon

guru gatra ing tembang dhuwur cacahe ....

a)

12

b)

5

c)

6

d)

7

e)

8

13.

Lan sembah sungkemipun

Mring Hyang sukma elinga sireku

Apan titah sadaya amung sadermi

Tan welangsira andhaku

Kabeh kagungan Hyang manon

Guru wilangan lan guru lagu gatra ragil yaiku . . .

a)

7u

b)

10u

c)

8o

d)

8u

e)

12i

14.

Wong kang manut pitutur wong tuwa ugi

.....................................

ing donya tumekeng akir

Tan wurung kasurang-surang

Ukara paling trep kanggo njangkepi tembang ing ndhuwur yaiku . . .

a)

jroning uring iku mau

b)

isi ati klawan budi

c)

anemu duraka

d)

lekase lawan kas

e)

tegese kang nyantosani

15.

Paugeran tembang macapat jinis sinom yaiku . . .

a)

8u, 8i, 8a, 6a,7a, 9u,10i, 12a, 7e

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7e, 8i, 12a

d)

8a, 8i, 8u, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

8a, 8i, 8a, 8o, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

16.

Guru wilangan tembang macapat jinis dhandanggula ing gatra kapindho yaiku . . .

a)

10i

b)

10u

c)

10a

d)

10e

e)

10o

17.

Tembang macapat jinis pangkur nduweni gatra . . . .

a)

8

b)

7

c)

9

d)

10

e)

12

18.

Kukusing dupa kumelun

ngeningken tyas kang apekik

kawengku sagung jajahan

nanging saget angikipi

sang resi kaneka putra

kang anjog saking wiyati

tembang ing nduwur kalebu jinis . . .

a)

megatruh

b)

kinanthi

c)

sinom

d)

durma

e)

pangkur

19.

Kukusing dupa kumelun

ngeningken tyas kang apekik

kawengku sagung jajahan

nanging saget angikipi

sang resi kaneka putra

kang anjog saking wiyati

paugeran tembang in dhuwur yaiku . . .

a)

8u, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i

b)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8e

c)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a

e)

8u, 8i, 8a, 8a, 8a, 8i

20.

Kukusing dupa kumelun

ngeningken tyas kang apekik

kawengku sagung jajahan

nanging saget angikipi

sang resi kaneka putra

kang anjog saking wiyati

guru wilangan gatra nomor 4 yaiku . . .

a)

8a

b)

8i

c)

8e

d)

8u

e)

8o