Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

gladhi pts

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

salah siji bedane macapat lan puisi yaiku ...

a)

puisi duwe aturan baku

b)

macapat duwe aturan baku

c)

macapat ora duwe aturan baku

d)

macapat lan puisi ora duwe aturan baku

2.

tibaning swara ana ing pungkasaning gatra yaiku ...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru tembang

3.

Gegaraning wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel angel kalangkung

Tan kena tinumbas arta

Adhedhasar paugerane tembang, tembang kasebut kalebu ....

a)

pangkur

b)

kinanthi

c)

sinom

d)

asmaradana

e)

mijil

4.

Gegaraning wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel angel kalangkung

Tan kena tinumbas arta

Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima yaiku ....

a)

8u

b)

7a

c)

8a

d)

6a

e)

7g

5.

cacahe wanda saben sagatra diarani ....

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru wanda

e)

guru swara

6.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet kriteria sawijining prastawa ingkang layak didadoske pawarta inggih menika...

a)

Aktual

b)

Kedadeyan biasa

c)

Wigati

d)

Paraga

7.

Sifat pawartos salah setunggalipun kedah aktual. Tegesipun aktual inggih menika...

a)

Wigati

b)

Anyar

c)

Mitayani

d)

Nyata

8.

"Dina Selasa, 3 November 2020 ing SMA Kristen Shekinah Temanggung, ana kegiyatan simulasi pembelajaran tatap muka."

Saking pethilan pawarta punika, unsur pawarta ingkang dereng wonten inggih menika....

a)

Who

b)

Where

c)

Why

d)

What

9.

Unsur when ing sajroning pawata wosipun babagan....

a)

Kadospundi prastawa kasebat kedadosan.

b)

Papan panggenan prastawa ingkang dipawartaken

c)

Wekdal kedadosan prastawa ingkang dipunpawartaaken

d)

Sinten ingkang dipunwartaaken

10.

Syarat pawarta kang becik yaiku kudu ngemu unsur ing ngisor iki, kajaba...

a)

Aktual

b)

Faktual

c)

Wigati

d)

Hoax

11.

Ing ngisor iki kalebu unsur pawarta 5W+1H, kajaba..

a)

Who (sapa)

b)

Which (pira)

c)

When (kapan)

d)

How (kepiye)

12.

Pawarta kang wigati yaiku...

a)

Pawarta kang nembe kadadeyan

b)

Pawarta kang kadadeyan ana ing cedhak papan panggonanmu

c)

Pawarta kang kadadeyane adoh saka papan panggonanmu

d)

Pawarta kang ora jelas asal usule

13.

Apa kang diarani pawarta?

a)

Informasi kang katujokake kanggo awake dheqe

b)

informasi kang wis lawas

c)

informasi ngenani sawijing kadadeyan kang anyar lan katujokake marang wong akeh

d)

informasi kang ora bener-bener kadadeyan kang ditujokake marang wong akeh

14.

Gambar ing sisih tengen yaiku arane...

a)

editor

b)

pangiyar pawarta

c)

reporter

d)

narasumber

15.

1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sakniki kang arep luntur. Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati, Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun marang para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kagiyatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki dianakake setahun pisan.

Saking waosan teks pawartos, unsur where ingkang wonten ing teks pawartos inggih punika….

a)

Endang Sri Wahyuningsih

b)

Stadiun Jayakusuma

c)

Dina Kesaktian Pancasila

d)

Pemuda Pati

16.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga Negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian kehutanan lan lingkungan hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli yaiku alame, tandurane lank wan-kewane. Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia?

a)

Maasyarakat

b)

Pemerintah

c)

Presiden

d)

Kabeh warga Indonesia

e)

Kepala Desa

17.

When iku kalebu unsur pawarta kang ngandharake babagan......kadadeyan.

a)

Papan

b)

Paraga

c)

Wigati

d)

Wektu

18.

Kirab Bendera Ing Kabupaten Pati

Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diaral saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun Alun Pati

Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur Minurut Ketua Forum Komunikasu Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun maran para pihak kang melu acara iki lan sing pedulu karo kegiatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan. 

Kenapa acara kirap dianakake?

a)

Amargi pawa warga pingin ana hiburan

b)

Amarga mung setahun sepisan dianakake

c)

Para warga diutus bu sri

d)

Amarga jiwa nasionalisme pemuda sakniki arep luntur

19.

Ing ngisor iki kang ora kalebu pawarta kang temane kadadeyan alam....

a)
b)
c)
d)
20.

Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah

a)

Sesorah

b)

Wara-wara

c)

Pambyawara

d)

Pariwara

e)

Pranatacara

21.

Sesorah kanthi cara apalan

a)

ekstemporan

b)

impromtu

c)

manuskrip

d)

memoriter

e)

lipsing

22.

Sesorah kanthi cara maca teks

a)

impromtu

b)

manuskrip

c)

ekstemporan

d)

memoriter

e)

lipsing

23.

Sesorah kanthi cara maca teks

a)

impromtu

b)

manuskrip

c)

ekstemporan

d)

memoriter

e)

lipsing

24.

Sesorah kanthi cara dadakan

a)

lipsing

b)

manuskrip

c)

impromtu

d)

memoriter

e)

ekstemporan

25.

Sesorah kanthi cara ngasta cathetan cilik minangka pangeling-eling urutaning isi ingkang badhe kawedharake

a)

ekstemporan

b)

manuskrip

c)

lipsing

d)

impromtu

e)

memoriter

26.

Sanes salam pambuka

a)

Nuwun

b)

Sugeng siyang

c)

Assalamualaikum warohmatuhi wabarokatuh

d)

Ingkang kinurmatan

e)

Salom

27.

Ingkang kinurmatan kepala sekolah,

ingkang kula hormati bapak lan ibu guru,

saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Atur pakurmatan

d)

Pamuji

e)

Surasa

28.

Puji syukur kita aturaken ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saha kawilujengan saengga kempal wonten acara menika.

a)

Pambuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Puji syukur

d)

Surasa

e)

Pangajeng-ajeng

29.

Cara nyegah virus punika ingkang kapisan, wijik mawi sabun paling sakedhik 20 detik. Kaping kalih Physical distancing utawi wicanten kaliyan tiyang sanes paling sakedhik wonten jarak 2 meter punika wigatos sanget. Kaping tiga, menawi kedah medal saking griya, kedah ngagem masker. Kaping sekawan, enggal periksa dhateng griya sakit menawi wonten gejala watuk, benter, lan ambekanipun sesek. Ingkang pungkasan, menawi mboten wonten masalah ingkang wigatos, tetep wonten griya mawon.

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Pamuji syukur

30.

Mugi-mugi kula lan panjenengan ditebihaken saking virus punika, lan virus punika enggal ical saking donya, Aamiin.

a)

Pamuji syukur

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Salam panutup

31.

Perangan panutup ing sesorah

a)

pangajeng-ajeng, nyuwun pangapunten, salam panutup

b)

surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup

c)

nyuwun pangapunten, salam pambuka

d)

surasa, pangajeng-ajeng, pamuji syukur

e)

pambuka, surasa, panutup

32.

Struktur teks carita wayang utawa teks narasi yaiku .....

a)

Orietasi, Prastawa, Reorientasi

b)

Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean

c)

Orientasi, Komplikasi, Klimaks, Resolusi, Reorientai, Koda

d)

Idhentifikasi, Komplikasi, Resolusi

33.

Arjuna rumaos ciut manahe boten saged nglajengaken perang. Tembung ciut manahe nduweni teges .....

a)

Bingung

b)

Ragu-ragu

c)

Sabar

d)

Ora wani

34.

Ukara tanduk yaiku....

a)

Ukara sing jejere nindakake pengajian

b)

Ukara sing jejere ora nindakake pengawean

c)

Ukara sing jejere nindakake pengawean

d)

Ukara sing jejere nindakake pendidikan

35.

Ukara tanggap yaiku....

a)

ukara sing jejere ora dikenani pengawean

b)

ukara sing jejere dikenani pengajian

c)

ukara sing jejere dikenani pengawean

d)

ukara sing jejere dikenani pendidikan

36.

Sing kalebu ukara tanduk ing ngisor iki yaiku....

a)

Kembang disiram Mas Doni saben sore.

b)

Iwak ing meja dakpangan karo adhik.

c)

Sepedhahe Ratna kotumpaki karo Roni

d)

Ibu lagi nyetrika seragam sekolahku.

37.

Sepedaku disilih Daffa yen diowahi dadi ukoro tanduk yaiku....

a)

Daffa nyilih sepedaku

b)

Daffa ngowo sepedaku

c)

Daffa tuku sepedaku

d)

Daffa ngumbah sepedaku

38.

Buku lan potelot daktuku ana ing Koperasi Sekolah.

Ukara ing dhuwur diarani....

a)

ukara tanduk

b)

ukara tanggap

c)

ukara panjaluk

d)

ukara pitakon

39.

Ing Basa Jawa, kalimat iku diarani ... .

a)

tembung

b)

ukara

c)

gatra

d)

pada

40.

Adi ditukoke pit anyar karo bapakne. Ukara kuwi mau klebu jenis ukara ... .

a)

tanggap

b)

tanduk

c)

langsung

d)

crita

41.

Ukara ibu dhahar soto, yen diubah dadi ukara tanduk dadine ... .

a)

Ibu ndhahar soto

b)

soto dhahar ibu

c)

soto iku didhahar ibu

d)

Ibu didhahar soto

42.

Rafel mangan lontong balap ing pawon. Katrangane ukara iki....

a)

Rafel

b)

Mangan

c)

Lontong balap

d)

Ing pawon

43.

Mateni lampu, tembung kang digaris ngisor kagolong tembung....

a)

Tembung aran

b)

Tembung kriya

c)

Tembung kahanan

d)

Tembung katrangan

44.

Kedadeyan kang dadi pangeling-eling tumrap wong sing ngalami diarani . . . .

a)

pengalaman

b)

pengalaman lucu

c)

dhagelan

d)

crita pengalaman

45.

Ing lakon wayang Anoman Duta, Kethek Anoman dadi dutaning ....

a)

Prabu Rahwana

b)

Rama Parasu

c)

Prabu Rama

d)

Dewi Shinta

46.

Tembung Duta, tegese padha karo ....

a)

batur

b)

utusan

c)

tukang aweh kabar

d)

tukang ngopeni kewan

47.

1. Crita wayang iku asale saka India. Babone crita ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Mahabharata nyritakake…. .

a)

Asal usul wayang saka tanah Hindia

b)

Kabeh crita kang ana ing sajroning wayang

c)

Lelakone Rama lan Sinta nalika Rahwana nyulik Dewi Sinta.

d)

Lelakone keturunan Bharata, yaiku perang Pandhawa lan Kurawa

48.

Gegaman sing dienggo Nakula yaiku .....

a)

Tombak

b)

Gadha

c)

Kapak

d)

Pedhang

49.

Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.


Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean .....

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

50.

Pambarape pandhawa yaiku .....

a)

Bima

b)

Yudhistira

c)

Karna

d)

Duryudana