WorksheetsPTS 2 BAHASA JAWA KD 3.3
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Yitna yuwana, lena kena
Unen-unen kasebut kalebu jinise ....
bebasan
paribasan
saloka
tembang dolanan
Kebo nusu gudel
Unen-unen kasebut duweni teges yaiku ....
wong becik dianggap wong ala
wong duwe kekarepan sing mokal kalakone
wong ngrekasa uripe merga kabotan butuh, kakehan anak
wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Tegese paribasan nututi layangan pedhot yaiku ....
nindakake pakaryan kang angel kelakone
nindakake pakaryan kang gampang kelakone
nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane
nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane
Tegese bebasan kebo kabotan sungu yaiku ....
wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus
wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu
wong kang kesrakat uripe merga kakehan anake
wong kang kesrakat uripe merga kakehan pakaryane
Kaya asu karo kucing
Unen-unen ing dhuwur kalebu jinise ....
paribasan
bebasan
saloka
parikan
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
paribasan
wangsalan
bebasan
saloka
Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....
cangkriman
geguritan
wangsalan
bebasan
Sing dadi titikane paribasan yaiku ....
tegese entar
tegese wantah
nganggo gegambaran
lumrahe ana jejere
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge
paribasan
bebasan
saloka
wangsalan
Becik ketitik ala ketara, tegese ....
tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan
bia njunjung drajate wong tuwa
wong tuwa njaluk warah wong enom
wis nate lunga teka ngendi-ngendi
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....
wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak
luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane
wong duwe kekarepan sing mokal kelakone
prakara cilik dadi gede
Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
kebo lagi turu
kebo mangan suket
Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan, yaiku ....
asu rebutan balung
becik ketitik, ala ketara
gupak pulute ora mangan nangkane
mlakune kaya macan luwe
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
mikul dhuwur mendhem jero
cebol nggayuh lintang
Mikul dhuwur mendhem jero
Unen-unen ing dhuwur kalebu ....
paribasan
bebasan
saloka
sanepan
Jer basuki mawa beya
Unen-unen ing dhuwur kalebu ....
paribasan
bebasan
saloka
sanepan
Cebol nggayuh lintang
Unen-unen ing dhuwur kalebu ....
paribasan
bebasan
saloka
sanepan
Anak polah bapa kepradah
Unen-unen ing dhuwur kalebu ....
paribasan
bebasan
saloka
sanepan
