wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan soal bahasa jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Pandawa ana ...

a)

Lima

b)

Loro

c)

Telu

d)

Papat

2.

Pembarepe pandhawa jenenge ...

a)

Nakula

b)

Janaka

c)

Puntadewa

d)

Sadewa

3.

Pandhawa sing kembar jenenge ...

a)

Yudistira, Janaka

b)

Sadewa, Nakula

c)

Wekudara, Nakula

d)

Janaka, Puntadewa

4.

Ibune Puntadewa yaiku

a)

Dewi Madrim

b)

Dewi Sandra

c)

Dewi Sumbi

d)

Dewi Kunthi

5.

Bapakke Pandhawa yaiku ...

a)

Prabu Punta Nata

b)

Prabu Pandhu Nata

c)

Prabu Pandhu Dewa Nata

d)

Prabu Siliwangi

6.

Pandhawa sing tengah jenenge ...

a)

Nakula

b)

Janaka

c)

Puntadewa

d)

Sadewa

7.

Gamane raden Werkudara yaiku ...

a)

Gada Rujak Pala

b)

Panah Pasopati

c)

Jimat Kalima Sada

d)

Cupu Titamanik

8.

Yudistira Ratu ing ...

a)

Jodhipati

b)

Bumi Retawu

c)

Amarta

d)

Sawo jajar

9.

Jimat Kalimasada gamane sapa?

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Puntadewa

d)

Sadewa

10.

Jenengan liya Werkudara yaiku ..

a)

Bima

b)

Yudistira

c)

Darmakusuma

d)

janaka

11.

Simbah iku wis sepuh nanging yen aku isih ….

Isenana nganggo tembung kosok balen sepuh iku!

a)

cilik

b)

enom

c)

endek

d)

tuwek

12.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

13.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

14.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

15.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

16.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

17.

Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...

a)

Tengahan

b)

Gedhe

c)

Cilik

d)

Kuna

18.

Pambeda antarane titi laras slendro lan pelog yaiku ...

a)

4 lan 7

b)

2 lan 5

c)

4 lan 6

d)

1 lan 3

19.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

20.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Kasmaran

b)

Getun

c)

Susah

d)

Pitutur

21.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

22.

Desi ora seneng mangan Sate.

Ukara kasebut nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

23.

Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

24.

Basa krama alus/inggil dinggo dening....

a)

kanca sapdha

b)

wong tuwa marang anake

c)

guru marang muride

d)

anak marang wong tuwa

25.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...

a)

aku arep lunga mancing

b)

kowe wis adus apa durung

c)

bapak tindak semarang nitih kereta

d)

anita lagi mangan sate

26.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

27.

Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....

a)

anak marang wong tuwa

b)

wong kang lagi tetepungan anyar

c)

murid marang guru

d)

wong kang wis pada tetepungan kanthi raket

28.

Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....

a)

kesah

b)

lunga

c)

tindak

d)

pergi

29.

Mas Rudi arep siram siki apa engko?

Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

30.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

31.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.

32.

Teks dheskripsi yaiku :

a)

teks sing nggambarake samubarang utawa sawijine bab kanti kahanan sing sabenere, para pamaca kaya-kaya weruh, ngrasakake, ngalami dhewe.

b)

teks sing nggambarake sak kabehe crita

c)

teks sing nggambarake sak kabehe crita saka awal sampek akhire kedadean.

33.

sebutna cirine teks dheskripsi :

a)

pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake lan ngalami dhewe

b)

sing isine gambarake samubarang sing penting

c)

teks sing isine di gambarake samubarang sing iso dideleng lan dirungokake

34.

sebutna ana piro strukture teks dheskripsi ?

a)

ana 4

b)

ana 2

c)

ana 3

35.

Apa sing dijelasake jroning dheskripsi umum?

a)

ngeneni objek sing ditulis

b)

Andharan ngeneni pangerten/idhentitas objek sing diandharake

c)

ngeneni obyek bagiyan sing dialami

36.

Apa sing dijelasake jroning klasifikasi dheskripsi ?

a)

andharan ngeneni pamerangan (pengelompokan) adhedhasar jenis utawa kelompoke

b)

teks ngenani tulisan miturut jenise dheskripsi

c)

teks andharan sing ngeneni jenisi miturut pengalamane

37.

sing kalebu strukture teks dheskripsi ?

a)

Dheskripsi umum, kompilasi, kalsifikasi

b)

Dheskripsi umum, klasifikasi, bagiyan

c)

dheskripsi umum, idhentifikasi, kompilasi

38.

Tembung panyendhu yaiku ?

a)

Unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan, tujuane kanggo nyemoni utawa nyacat wong.

b)

unen-unen kang gumathok surasa pepindhan

c)

unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan

39.

Tembung panyandra yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra utawa ngalembana perangane awak, solah bawa lan kahanan adhapuk pepindhan. Ing ngisor iki contone tembung panyandra yaiku ?

a)

drijine kithing

b)

alise nanggal sepisan

c)

nyengite kaya demit

40.

Ing ngisor iki tuladhane tembung panyendhu yaiku ?

a)

Pakulitane ngulit langsep

b)

irunge pesek

c)

rambute ngadhan-adhan

41.

Ing ngisor iki tuladhane tembung pepindhan yaiku :

a)

Bocah loro kuwi olehe kekancan rukune kaya mimi lan mintuna

b)

halah ora usah kemayu , wong irunge pesek wae

c)

penari kuwi athi-athine ngundhup turi

42.

Godhong waru bolong-bolong, bocah ayu moblong-moblong. Kalebu basa rinengga ....

a)

panyandra

b)

panyendhu

c)

parikan

d)

pepindhan

43.

Tandhange kaya banteng ketaton. Kalebu basa rinengga ....

a)

parikan

b)

pepindhan

c)

panyendhu

d)

panyandra

44.

Bangkekane nawon kemit. Kalebu basa rinengga ....

a)

pepindhan

b)

panyendhu

c)

panyandra

d)

parikan

45.

Polahe kaya sikatan nyamber walang. Kalebu basa rinengga ....

a)

parikan

b)

pepindhan

c)

panyendhu

d)

panyandra

46.

Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat. Kalebu basa rinengga ....

a)

parikan

b)

panyandra

c)

pepindhan

d)

panyendhu

47.

Lambene guwing. Kalebu basa rinengga ....

a)

panyendhu

b)

pepindhan

c)

parikan

d)

panyandra

48.

Rambute ngembang bakung. Kalebu basa rinengga ....

a)

parikan

b)

panyandra

c)

panyendhu

d)

pepindhan

49.

Yen diwaca unine?

a)

mangan panas

b)

mangan nanas

c)

mangan kates

d)

mangan manggis

50.

Yen diwaca unine?

a)

iwak patin

b)

iwak lele

c)

iwak mujahir

d)

iwak arwana