Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS 2 Bahasa Jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

2.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

3.

Saben liwat tanduran sinawang ijo...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

4.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

5.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

6.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

d)

Papindhan

7.

Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...

a)

adigang - adigung adiguna

b)

rawe - rawe rantas malang - malang putung

c)

kutuk marani sunduk

d)

rukun agawe santosa crah agawe bubrah

8.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

Ide pokok wacan kuwi yaiku ….

a)

Sawah inng desaku isih jembar bawera

b)

Sawah ing desaku ijo royo-royo

c)

galengan desaku kaya ula naga

d)

Kali ing sawah banyune bening

9.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

Sing ijo royo-royo yaiku ….

a)

Krikil

b)

Banyu kali

c)

Tandurane

d)

Kebo

10.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

Para tani girit kebo lan sapine saperlu ….

a)

Nggaru lan mluku

b)

Ngilekake banyu

c)

Nyawang tetanduran

d)

Ngrungokake swarane banyu

11.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

Ukara iki sing cocok karo wacan yaiku ….

a)

Ora ana sawah ing desaku.

b)

Tandurane padha garing lan alum

c)

Sesawangane nyata katon endah sinawang mata

d)

Kumricike banyu amarga kaline banjir

12.

Wacanen teks ngisor iki!

Pesisir Parangtritis nyata endah. Sesawangane kang elok njalari para wisatawan grudug-grudug kepengin nyekseni. Emane, saperangan masyarakat Indonesia ana kang nganggep gawat. Para ahli wis nerangake yen anane korban kang ilang ing pantai amarga keseret ombak gedhe.

Ukara kang nuduhake panemune penulis yaiku ….

a)

Para ahli wis nerangake yen anane korban kang ilang ing pantai amarga keseret ombak gedhe

b)

Para wisatawan grudug-grudug kepengin nyekseni

c)

Emane, saperangan masyarakat Indonesia ana kang nganggep gawat.

d)

Pesisir Parangtritis nyata endah

13.

Si Mbah tuku gula. Ukara kag bener kudune ….

a)

Si Mbah mundhut gula

b)

Si Mbah tumbas gendhis

c)

Si Mbah tumbas gula

d)

Si Mbah mundhut gendhis

14.

Amarga sregep olahraga Lisa awake sehat, singset lan bangkeane.....

Tembung panyandra sing cocok yaiku ….

a)

Kaya macan luwe

b)

Arum jamban

c)

Ngembang bakung

d)

Nawon kemit

15.

1. Godhong waru bolong-bolong, Bocah ayu …

Tembung sing cocok gawe jangkepi parikan kuwi yaiku …

a)

Tuku godhong

b)

Moblong-moblong

c)

Koyo gentong

d)

Mangan lonthong

16.

Abang-abang ora legi

………………………………

Ukara sing cocok kanggo jangkepi parikan kuwi yaiku ….

a)

Ora mampir pokok liwat

b)

Mangan ora mangan pokok kumpul

c)

Klambi abang merak ati

d)

Kaya ula marani gepuk

17.

…………………………………..

Dadi murid kudu sregep

Tembung kang cocok kanggo parikan kuwi yaiku ….

a)

Klambi ireng tengah sawah

b)

Ana gula ana semut

c)

Ireng-ireng gorengan kopi

d)

Ngasah arit kudu landhep

18.

Pak Faizal ngasta bal volly. Ngasta Basa ngokokone ….

a)

Tuku

b)

Gawa

c)

Nendang

d)

Deleh

19.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

20.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

21.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

22.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

23.

Gamelan iki jenenge . . . .

a)

kenong

b)

gambang

c)

gong

d)

saron

24.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

25.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

26.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

27.

Rika seneng nonton sekaten ing alun-alun lor Ngayogyakarta. Basa kramane seneng yaiku....

a)

remen

b)

mirsani

c)

ngendika

d)

dumunung

28.

....... sing wes nate plesir menyang Museum Sanabudaya? Tembung pitakon sing mathuk yaiku....

a)

apa

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Geneya

29.

Minangka wakil saking sekolahan, kula ngaturaken matur nuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi acara menika. Awit saking donga saha pambiyantu panjenengan sedaya adicara menika saged kalampahan kanthi lancar.

Iki bagian... Sesorah.

a)

Pambuka

b)

Isi

c)

Panutup

d)

Wasana basa

30.

(1) Salam pambuka

(3) Purwaka basa

(5) Salam panutup

(2) Wusana basa

(4) Surasa basa

Urutane sing bener yaiku….

a)

1,2,3,4,5

b)

5,4,3,2,1

c)

1,3,4,2,5

d)

1,3,4,5,2

31.

Ukara ngisor iki sing manut unggah - ungguhe basa yaiku .....

a)

Kula badhe kondur rumiyen, Bu

b)

Menapa Bapak sampun mangan?

c)

Rudi arep sare jam sangan bengi

d)

Eyang mboten kersa dhahar soto sapi

32.

...... carane telpon kang becik.

Tembung pitakon sing mathuk yaiku .....

a)

Pira

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Kepriye

33.

Uyah iku rasane asin, dene gula rasane .....

a)

pait

b)

legi

c)

kecut

d)

sengir

34.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badannira panjang,

tutukirapan pesagi

saben dina pucung nguntal buntutira


Tembang ing ndhuwur jenenge tembang ... .

a)

Gambuh

b)

Pucung

c)

Sinom

d)

Mijil

35.

Wacan kasebut kalebu teks gancaran ... .

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

dheskripsi

d)

persuasi

36.

Manut wacan kasebut, irah-irahan wacan ing dhuwur ... .

a)

Kebun Teh Jamus

b)

Ngawi Kutha Wisata

c)

Papan Plesiran

d)

Sumber Lanang lan Wadon

37.

Salah sijine titikane teks dheskripsi ...

a)

nggambarake kedadean kanthi cetha.

b)

pamaca ora bisa nggambarake kedadean.

c)

kabeh kedadean diurut kanthi urutan wektu.

d)

pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean kang ana.

38.

Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ... .

a)

panggon uwuh

b)

kali

c)

ngarep omah

d)

pasar

39.

Gancaran kang isine njlentrehake kedadean kanthi urutan wektu diarani teks gancaran ... .

a)

dheskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

persuasi

40.

Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep. Ukara kasebut yen diowahi nganggo tembung krama inggil ... .

a)

Saben sore simbah lenggah ing teras ngajeng.

b)

Saben sonten simbah lungguh ing teras ngajeng.

c)

Saben sonten simbah lenggah ing teras ngajeng.

d)

Saben sonten simbah lenggah ing griya ngajeng.

41.

Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngoko aluse ... .

a)

dugi

b)

mulih

c)

teka

d)

wangsul

42.

Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.

Paragraf iku nggambarake … .

a)

meja tamu

b)

meja guru

c)

meja kepala sekolah

d)

meja sinau

43.

Teks narasi iku nduweni struktur, yaiku sing diarani ...kaya struktur pawarta.

a)

4W, 1H

b)

3W, 1H

c)

5W, 1H

d)

5W, 2H

44.

"Klepon yaiku panganan tradisional wong jawa kang digawe saka glepung beras ketan kang awujud bunder mblondo kang duweni ukuran kaya dolanan bocah. Klepon biasane warnane ijo, nanging ana uga sing warna kuning, abang, lan ora ana warnane.

Teks deskripsi kuwi nyritakake ... .

a)

apem

b)

pukis

c)

klepon

d)

ketan

45.

Teks sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), ing ngendi, lan kepriye yaiku....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pawarta

46.

Ing ngisor iki sing ORA kalebu Titikane (ciri-ciri) Teks Deskripsi yaiku...

a)

Isine nggambarake sawijine babagan (objek)

b)

Carane nggambarake sawijine babagan kanthi cetha gamblang lan rinci

c)

teks deskripsi njelasne barang khayalan seng gak ono kenyataane

d)

Teks deskripsi njlentrehake titikan fisik objek kayata

47.

Teks kang njelasne kadadeyan ing rerangken sawijine urutan wektu jenenge....

a)

Teks Deskripsi

b)

Teks Argumentasi

c)

Teks Eksposisi

d)

Teks Narasi

48.

teks utawa karangan kang ngandhut sawatara informasi lan ilmu kawruh kang disajekake sacara ringkes, lan akurat jenenge....

a)

Teks Narasi

b)

Teks Eksposisi

c)

Teks Argumentasi

d)

Teks Deskripsi

49.

Teks kang isine wujud pangajak utawa pambujuk alus marang pamaos. Tujuane supaya pamaos gelem nindakake apa kang dadi karepe pangripta jenenge....

a)

Teks Deskripsi

b)

Teks Eksposisi

c)

Teks Narasi

d)

Teks Persuasi

50.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............

a)

Disapu

b)

kosapu

c)

Nyapu

d)

daksapu