NEW
Font size
WorksheetsREMIDI PTS BHS JAWA XI SEM 2 2022-2023
Total questions: 50
Worksheet time: 13hrs 30mins
Gatekna pethikan wacan crita rakyat ing iki!
Jaka Tarub inggih menika piyantun dusun ingkang gagah pidheksa. Piyambakipun asring mbebedhak ing salebetin wana ingkang wingit. Nalika saweg mbebedhak Jaka Tarub nyumerepi widadari cacah pitu saweg kungkum saha gegojegan wonten tlaga salabeting wana.
Jaka Tarub kesengsem kaliyan salah satunggaling widadari punika lajeng piyambakipun mundhut slendhang ingkang gumlethak wonten sela sapinggiring tlaga. Nalika para widadari sampun tingkas anggenipun kungkum lajeng sami nganggem busananipun piyambak-piyambak. Ananging wonten salah satunggaling widadari ingkang mboten manggihaken slendhangipun. Piyambakipun madosi ananging boten pinanggih, lajeng piyambakipun dipuntilar dening kadang-kadangipun wangsul wonten khayangan amargi sampun ngancik candhikala.
Widadari punika namanipun Nawangwulan. Menawi boten wonten slendhang, para widadari boten saged wangsul dhateng khayangan, mila Nawangwulang rumaos kuciwa lan ajrih amargi tinilar para kadang kamangka kahanan sampun wiwit peteng. Piyambakipun lajeng muwun ing sapinggiring tlaga benget napa ingkang badhe pun tindakaken.
Pitutur luhur kang ana sajroning teks crita rakyat kasebut yaiku ... .
cebol nggayuh lintang
anak polah bapa kepradhah
mban cindhe mban siladan
sapa sing salah bakale seleh
urip prasaja
NYI PUSPO CEMPOKO
… Ngarȇpe tabuh sanga nalika dhèwèke ditinggal ijèn dening juru kunci ing sangarȇpe jirat kijing Nyi Puspo Cȇmpoko. Pȇdhut putih ngȇmuli anggane juragan Jaiman. Mbaka sȇthithik buyar ganti wadage Nyi Puspo sing ngadȇg ing sangarȇpe.“Aku wis marak sowan Nyi ….. banjur ana dhawuh apa, lan sadurunge aku nyuwun ngapura yèn wingènane bȇngi ….”“Wis kakang ora pȇrlu kok bacutake aturmu, aku wis ngȇrti gorèhing atimu. Kowe kari milih….nȇrusake sȇsambungan karo aku ….. apa ngȇboti atimu sing miring marang prawan pondhok kuwi. Yèn kowe isih kȇpengin sȇsambungan klawan Kabongan…dak jaluk patine prawan kuwi saka tanganmu dhewe…. Carane mangsa borongo, dakwatȇsi wȇktumu mung sȇpasar saka dina iki …..wis saiki dang baliya!” Rada sȇrȇng pangȇtage Nyi Puspo. Sawȇtara iki juragan Jaiman dhȇlȇg-dhȇlȇg, nuhoni isining pȇrjanjèn utawa rasa trȇsna lan ora tega. Grȇnang-grȇnȇng ngomong dhewe kaya wong gȇmblung, yèn dijak caturan ora nyambung. Klȇsak-klȇsik santȇr saka para pȇgawene saya ndadi , yèn juragane wis kȇtèmpèlan mȇrga pȇsugihan. Marliyah dadi ngȇrti sapa satȇmȇne juragan sing bakal ngrabi dhèwèke kuwi. Sȇnajan mung nȇmbung pribadi ora ono sing ngȇrtèni, tumrape Marliyah juragane kuwi pancèn duwe niyat tulus ngrabi dhèwèke. Ndȇlȇng kahanane Jaiman lan rȇrasan kanca-kanca kȇrjane, rasa cubriya bab “misteriuse” kamar sȇpèn tutupan ing lotèng kuwi saya kandȇl.
Paraga baku sing ana ing teks crita rakyat Nyi Puspa Cempoko yaiku … .
Marliyah
Paidi
Wagiyem
Jaiman
Poniman
Sawetara iki juragan Jaiman dheleg-dheleg, nuhoni isining perjanjèn utawa rasa tresna lan ora tega.
Pethikan teks nuduhake manawa Juragan Jaiman batine lagi nandhang … .
susah
bingung
kasmaran
sedhih
gela
Rasa bimbang sing mulek lan nggubel ana uripe Jaiman disababake saka kedadeyan ngisor iki sing cocok karo teks yaiku ... .
isene prajanjen antara Jaiman lan Nyi Puspa Cempoko sing ora gelem dimangro lan wong liya
rasa mangkele marang Nyi Puspo Cempoko sing ngatur dheweke
kahanane Jaiman kang saiki dadi wong sing sugih
lungane Marliyah wong wadon saka pondhok sing bakal didadekake bojone lunga lan rewanage loro Wagiyem lan Paidi bali menyang Temanggung
wurung anggone bakal mateni Marliyah merga pakone Nyi Puspa Cempoko
…. Nalikane Marliyah tangi saka sujud lan ngucap “Allahu Akbar”, sumiyut glathi landhȇp ngȇnȇr gulune. Nanging saka kȇrsane Allah pawongan mau mbȇngok karo nȇkȇp dhadhane, glathi iku mȇncȇlat ngȇnani kaca pȇngilon pȇcah ambyar. Kaget ndȇlȇng juragane Jaiman sing arȇp mrawasa lan matèni dhèwèke, saikine cȇkakaran karo mȇcicil nȇkȇp dhadhane, Marliyah jȇlih-jȇlih njaluk tulung. Sakala dadi gègèr ing omah kuwi. Gȇmrudug pȇgawe lanang wadon watara wong lima sing pancèn kajibah turu ing kono, andum gawe. Ana sing tȇtulung marang Marliyah sing ngguguk trauma, ana sing ngrȇsiki pȇcahan kaca bȇling sing sumȇbar lan nyingkirake glathi. Sȇbagiyan ngrumat juragane sing dadi ropyan. Doktȇr pribadine juragan Jaiman ditelpon, tȇka niti priksa nadi, kȇtȇg jantung lan liyane, banjur awèh suntikan pȇnȇnang. Juragan Jaiman digotong mudhun diturokake anglȇr ing kamare.
Miturut pethikan crita iki latar swasana ing omahe juragan Jaiman yaiku … .
rame lan nyenengake
gumbira utawa bungah
geger, rame campur sedhih
sedhih campur rasa seneng
geger, rame lan sarwa nyenengake
Asal-usule kutha Salatiga lan Boyolali
Handika para wali misuwur yaiku Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Gunung Jati lan Sunan Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syech Siti Jenar sing wis kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula Syeh Siti Jenar banjur dirangket lan dipidana. Paraga kang bakal ngganti kalungguhane Syeh Siti Jenar manut pengawase Sunan Kalijaga yaiku Adipati ing Semarang kang isih kalebu tedhak turune Pangeran Haryo Adipati Sabranglor.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang kasebut kanjeng Sunan Kalijaga memba-memba dadi tukang adol suket. Kanthi mangkono saben esuk bisa ketemu karo sang Adipati. Ananging dhuit bayaran suket mau ora tau ditampa malah dibalekake kanthi ditlengsepake ing bongkokan suket mau.
Kanggo nyedhaki Adipati Semarang, Sunan Kalijaga memba dadi .....
Sunan Gunungjati
Sunan Pandanaran
Tukang adol suket
Tukang makani jaran
Juru pekathik
Supaya mangerteni crita rakyat punika taksih jumbuh utawa pas karo kauripan jaman saiki caranipun kados pundi....
ningali kethoprak saben dina
prastawa ing cerkak persis sami kaliyan prastawa jaman punika
nggatosaken piwulang lan piweling saking crita rakyat
nemtokaken pangripta crita rakyat
nemtokaken irah-irahan crita rakyat
Salah sawijining tetenger legendha, yaiku ... .
ora diweruhi sapa kang nganggit
dianggep duweke rakyat bareng-bareng
ora ana owah-owahan kang wigati saka jaman biyen tekan jaman saiki
medharake piwulang kang becik
nggambarake kadadeyan-kadadeyan kang lokal anane
Ing jaman semana ana crita rakyat ing kecamatan Mojobolan, yaiku nggambarake kisahe wong sekti sing disenengi dening wong akeh lan bisa ndadekake desane maju. Ing jaman semana ana desa panggone ana ing sisih wetan Bengawan Sala. Cuplikan crita kasebut diarani ... .
tema
latar
alur
perwatakan
paraga
Sastra tradisional kalebu asile karya kang dilairake saking kumpulane masyarakat kang taksih kuat nyakep kenceng marang nilai-nilai kebudayaan kang asifat tradisional diarani ... .
crita legendha
crita rakyat
crita mite
crita mitos
crita dhongeng
Paedahe sinopsis inggih menika minangka ... .
gambaran prasaja urutan cariyos
naskah ingkang badhe dipentasaken
informasi ingkang jangkep saking cariyos
skrip paraga kangge pentas
pedoman paraga kangge pentas
Caranipun damel sinopsis inggih menika ... .
maos cariyos kanthi jangkep
nyerat kanthi jangkep sedaya paraga
maos cariyos ing bagian konflik mawon
nyerat seting kanthi jangkep
langkung rumiyin nyerat konflik
Ngringkes cariyos kanthi cara narasi dipunwastani ... .
resume
kesimpulan
sinopsis
resensi
literasi
Crita rakyat iku nduweni unsur instrinsik. Dene unsur instrinsik kang nerangake katarangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan diarani ... .
alur
latar
tema
paraga
amanat
Sing dimaksud watak/penokohan yaiku ... .
katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan
tokoh kang ana ing crita nyakup paraga antagonis, protagonis, lan tritagonis
sipat utawa wewategane para paraga, tuladhane becik, welas asih, julig, sregep, sabar, lan sapunggalane.
lakuning crita saka awal nganti akhir (jinise yaiku alur maju, alur mundhur, alur anti klimaks, alur klimaks, lan alur kronologis)
gagasan baku kanggo lelandhesan nganggit crita sing bisa dijupuk saka pengalaman, panelitin, gagasan utawa pangangen-angen.
Mite inggih menika cariyos ingkang ... .
lataripun jaman kina
lataripun jaman saniki
lataripun jaman modern
lataripun jaman ingkang badhe dugi
lataripun jaman akhirat
Pengumuman utawa wara wara kang isine nawakake barang barang utawa jasa diarani ... .
crita rakyat
pawarta
pariwara
pengumuman
berita
Pariwara kang duweni tujuan nyebarake pesan kang nduweni sipat informatif, penerangan pendidikan, lan marang maslah sosial yaiku pariwara ... .
pariwara umum
pariwara persuasif
pariwara tanggung jawab sosial
pariwara keluarga
pariwara reminder
Ing ngisor iki sing ora kelebu tuladha panggonan pariwara cetak yaiku ... .
televisi
majalah
spanduk
koran
baliho
Pariwara sing duweni tujuan nyiptakne kesenengan, preferensi lan keyakinan, saengga konsumen arep tuku lan migunakake barang lan jasa yaiku pariwara ... .
informatif
persuasif
keluarga
umum
ekonomi
Pariwara kang manggone ana ing baliho, spanduk, lan koran diarani pariwara ... .
informasif
perbaikan
cetak
instrumental
master
Tuladha pariwara kang nawarake layanan jasa yaiku ... .
obat obatan
sampo
kursus
sabun
winih jagung
pariwara ing ngisor iki klebu jenis pariwara ... .
sayembara
kesehatan
iklan
pendidikan
lelayu
Wara wara ing samping iki klebu wara wara kang awujud ... .
iklan
lelayu
sayembara
kesehatan
pendidikan
iklan pariwara dibawah ini yang termasuk pariwara pendidikan adalah ... .
Ing ngisor iki kudu digatekake nalika nulis pariwara, kejaba....
isine objektif lan jujur
basane gamblang
ana mupangate
ora bisa dipahami
narik kawigaten
Salah sijine strategi marakke barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan ... produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.
keluwihan
kecocogan
kekurangan
regane
katerangan
Pariwara kang nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa,ngelingake konsumen tuku produk, di arani pariwara ... .
persuasif
informatif
tanggung jawab sosial
bantahan
reminder
Sing di arani pariwara komersial yaiku ... .
pariwara kang dipasang ing media TV
pariwara kang digawe lan di pasang migunakake teknik elektro
pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno asil utowo keuntungan
pariwara kang isine layang layang
pariwara kang digunakake kanggo nyampekne informasi
Gambar pariwara kasebut ing samping iku ditujukake kanggo ... .
masyarakat umum
para siswa sekolah SD
para guru SMA
para remaja wadhon
para petani
Periwara kang kasebut ing samping iki digiyarake lumantar ... .
televisi
baliho
koran
majalah
komputer
Swara gendhing lancaran “Suwe Ora Jamu” muni alon, swara wiwit nggremet saya lirih banjur alon-alon metu swara iklan :
“Para kadang, ora usah bingung masalah kasarasaning awak. Meneka jamu Mugi Waras Spesial kang dadi solusine. Akeh pilihane, gampang golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang tak aturi mundhut maneka jamu Mugi Waras Spesial ing UP “BMF Waras”. Alamat ana ing Jl. Terminal Sleko No. 2 Pati. Telp 085740666345.
Sepisan malih mangga kula aturi tindak ing UP “BMF Waras”. Maneka jamu Mugi Waras Spesial ndadekake awak seger, waras, lan ati mesthi makmur”.
Miturut jenise, teks iklan ing dhuwur klebu iklan...
TV
radio
brosur
kampanye
sayembara
Tujuan iklan pembelaan yaiku ... .
supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener
nglurusake isu ing porsi kang bener
sesuai karo maksud perusahaan
pendidikan supaya mbentuk sikap warga
mbangun simpati khalayak
Wayang kulit ngemu pitutur kang edi ....
peni
budi
rukun
luhung
prakasa
Tokoh wayang ing gambar duweni watak ... .
gampang nesu
welas asih
galak
jirih
licik
Seni pertunjukan kaperang dadi loro yaiku ... .
seni pertunjukan tradisional lan modern
seni pertunjukan komedi lan serius
seni pertunjukan panggung lan non panggung
seni pertunjukan asli lan non asli
seni pertunjukan tradisional lan klasik
Tuladha seni pertunjukan tradhisional, kajaba ... .
opera
ludrug
ketoprak
wayang kulit
sandhur
Wujude seni pertunjukan bisa arupa ing ngisor iki, kajaba ... .
seni musik
seni swara
seni tari
seni drama
seni nembang
Seni pertunjukan bisa agawe pamirsa seneng lan bisa aweh panggulawenthah enggal mujudake fungsi seni pertunjukan minangka ... .
ritual
media komunikasi
kritik sosial
lelipur
media politik
Bedane seni pertunjukan kethoprak lan lodrug ... .
saka segi panggunge
kethoprak nyritakake jaman biyen, lodrug jaman saiki
paragane luwih akeh ludrug
lodrug luwih dawa critane tinimbang kethoprak
rega tikete luwih larang kethoprak
Para dhagelan ludrug lumrahe miwiti lawak kanthi ... .
lagu dolanan
tembang macapat
tembang campursari
langgam
ngidung jula-juli
Ludrug bisa digayutake saka perjuwangan bangsa Indonesia, jalaran ... .
ora bisa ditlesih wektu laire lan sapa sing ngripta
ludrug minangka sarana propagandha nglawan penjajah
akeh wong kang seneng
para paraga ludrug lanang kabeh
saithik sing seneng nyengkuyung
Andharan ing ngisor ana gegayutane karo ludrug, kejaba... .
ludrug mujudaken kesenian tradisional Jawi Wetan
tari remo nggambaraken siaganipun para pahlawan nglawan penjajah
caritanipun nggambaraken panandhanging kawula alit
caritanipun mligi kapendet saking babon babad tanah Jawi
basa kang digunakake campuran.
Pagupon omahe dara,
Melu Nipon tambah sengsara.
Unen-unen ing ndhuwur kalebu ….
parikan
paribasan
bebasan
saloka
tembang
Kethoprak humor diarani ninggalake pakem, jalaran ... .
nayagane ora dibayar
nayagane akeh sing artis
nayagane ora kalebu profesional
ora nganggo basa, gamelan, lan tata krama kang lumrah
nggawe lagon kang mantep
Tari pambuka ing pagelaran ludrug ... .
tari remo
tari srimpi
tari merak
tari gambyong
tari Banyuwangi
Gambar iki conto seni pertunjukan Jawi ingkang naminipun ... .
ketoprak
ludrug
opera
pantomim
wayang wong
Gambar iki conto seni pertunjukan Jawi ingkang naminipun ... .
ludrug
ketoprak
pantomim
tablo
wayang wong
Seni pertunjukan tradisional jawa ingkang awis wonten ing Yogyakarta, kajawi ....
wayang
kethoprak
ludruk
jathilan
reog
Ing ngandhap menika babon cariyos saking wayang kulit inggih menika ....
Panji Asmarabangun
Andhe-andhe Lumut
Pandhawa
Ramayana
Galuh Candrakirana
