NEW
Font size
WorksheetsPenilaian Tengah Semester Genap Bahasa Daerah Kelas 8
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 5mins
Manut jinise tuladha layang kasebut kalebu layang... .
paturan
ulem
kitir
lelayu
Manut jinise tuladha layang kasebut kalebu layang... .
paturan
lelayu
ulem
kitir
Papan lan titi mangsa ing perangane layang yaiku mratelakake ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis utawa digawe. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha panulise papan lan titi mangsa kang bener yaiku... .
Pandaan, Maret dina ka-9 2022
10-04-2021, Pasuruan
07-01-2022, Pandaan
Gempol, 8 Maret 2022
Coba gatekna tuladha-tuladha adangiyah ing ngisor iki!
i. Ingkang sembah pangabekti
ii Ingkang salam
iii. Salam taklim
iv. Pandongaku
Saka tuladha-tuladha adangiyah ing dhuwur, adangiyah sing biasa katujokake kanggo wong tuwa yaiku... .
i
ii
iii
iv
Coba gatekna tuladha perangan-perangan laying ing ngisor iki.
i. Gempol, 12 Januari 2022
ii. Katur dhumateng Padhe Parman Yogyakarta
iii. Atur pamuji rahayu
iv. Kanthi serat punika kula atur pawarta bilih kula sakulawarga ing Pasuruan tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi Pakdhe saha sedaya kulawarga wonten ing Yogyakarta tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda.
v. Kejawi saking punika,kula badhe nyuwun palila pakdhe menawa ing preian semester menika kula badhe sowan dhateng Pakdhe ing Yogyakarta. Kula kepengin sanget dolan menyang Candi Bodobudur lan Malioboro ingkang wonten ing Yogyakarta. Kula suwun Pakdhe kersa ngeteraken kula dolan mrika.
vi. Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering samudra pangaksami.
Saka tuladha perangan layang ing dhuwur, perangan layang sing nomer (v) diarani... .
adangiyah
satata basa
surasa basa
purwaka basa
"Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering samodra pangaksami."
Ukara kasebut kalebu perangane layang kang diarani... .
purwaka basa
wasana basa
surasa basa
satata basa
Perangane layang kang menehi kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep sing dikirimi iya slamet diarani... .
adawiyah
satata basa
surasa basa
purwaka basa
Katur dhumateng Pakdhe Parman ing Yogyakarta. Tuladha ukara kasebut minangka perangane layang kang diarani... .
wasana basa
purwaka basa
satata basa
surasa basa
Tetembungan ing ngisor iki kang kalebu perangan paprenah ing sawijine layang yaiku... .
Kagem bapak/ibu ing dalem
Katur kagem kangmas ing paran
Sembah pangabekti kagem simbah
Ingkang putra tuhu tresna
“Dhik, jane resepe bisa dadi juwara 1 iku gampang, sing penting saben dina sawise tekan ngomah gelem mbaleni materi piwulangan sing wis diparingake bapak lan ibu guru. Ora ngenteni wayahe ulangan wae yen mbukak buku.”
Ukara kasebut minangka basane mbak marang adhike kang nggunakake basa... .
ngoko lugu/wantah
ngoko alus/andhap
krama lugu/madya
krama alus/inggil
Kajawi saking punika, kula badhe . . . pirsa, bilih kang putra sampun angsal padamelan ing Surabaya.
Tembung kang cocog kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku... .
ngaturi
menehi
nedhi
nyuwuni
"Aku arep lunga menyang Pasuruan numpak sepedhah motor."
Isi saka layang kasebut kurang bener, kudune katulis mawa basa krama alus, yaiku...
Kula badhe tindak dhateng Pasuruan nitih sepedhah motor.
Kula badhe kesah dhateng Pasuruan nitih sepedhah motor.
Kula badhe kesah dhateng Pasuruan numpak sepedhah motor.
Kula badhe tindak dhateng Pasuruan numpak sepedhah motor.
Pak Guru . . . kula mbenjing mbeta buku paket.
Tembung kang cocog kanggo ngisi titik-titik kasebut yaiku... .
ngutus
ndhawuhi
ngengken
ngaturi
Simbah . . . dhahar saiki, Ndhuk.
Tembung kang cocog unggah-ungguhe kanggo ngisi titik-titik kasebut yaiku... .
aturana
utusen
paringana
dhawuhana
Adhik . . . ibu mundhut gendhis abrit.
Tembung kang cocog unggah-ungguhe kanggo ngisi titik-titik kasebut yaiku... .
dipundhawuhi
dipunkengken
dipunaturi
dipunutus
Gatekna Ukara-ukara ing ngisor iki!
(i) Buku iki arep dakgawa ing omahe Redi.
(ii) Apa sing kokpangan iku?
(iii) Bapak lan ibu tindak peken wiwit esuk.
(iv) Muliha saiki mumpung durung diseneni ibumu!
(v) Kula sampun tumbas tiket kreta jurusan Jakarta.
(vi) Kula mbenjing badhe sowan dhateng dalemipun simbah.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara carita yaiku ukara nomer... .
(i) lan (iii)
(ii) lan (iv)
(iii) lan (v)
(i) lan (vi)
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
(i) Ibu pundhutna minyak goreng ing toko ngarep ya, Ndhuk!
(ii) Kadospundi pawartosipun pakdhe ing Surabaya?
(iii) Tutupen lawange supaya nyamuke ora mlebu!
(iv) Sinten ingkang nampi layang?
(v) Minyak goreng saiki langkah.
(vi) Kita kudu ngugemi protokol Kesehatan kanggo nyegah sumebare Covid 19.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara pitakon yaiku ukara nomer... .
(i) lan (iii)
(ii) lan (iv)
(iii) lan (v)
(v) lan (vi)
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyanak tyasing sesama
Guru gatrane tembang macapat Sinom ing dhuwur yaiku ana... .
9 gatra
9 wanda
10 gatra
10 wanda
Sun tuturi kabeh putra putri
Lamun sira sregep ing pangolah
Budi piker lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tuturika
Guru lagune tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur yaiku... .
i, a, a, u, i, a, u, a, u,a
i, a, e, u, i, a, u, i, i, a
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
i, a, a, u, i, a, u, i, i, a
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Guru wilangane tembang Pangkur ing dhuwur yaiku... .
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
10, 6, 10, 10, 6, 6, 7
8, 12, 8, 7, 11, 7, 8
7, 10, 12, 7, 12, 8, 8
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh kang dadi awon
Tembang macapat ing dhuwur kalebu jinise tembang macapat... .
dhandhanggula
kinanthi
gambuh
pangkur
“Lanang wadon pan samya anambut kardi”
Perangan larik saka tembang Dhandhanggula kasebut duweni teges...
Lanang wadon budhal wayah esuk.
Lanang wadon nggolek gaweyan.
Lanang wadon budhal nyambut gawe.
Lanang wadon padha tangi esuk.
“Adoh marang kanisthane”
Perangan larik saka tembang macapat Dhandhangula kasebut duweni teges...
Adoh saka omahe.
Adoh saka tumindak ala.
Adoh saka tumindak becik.
Adoh saka panggaweyane.
Coba gatekna tembang-tembang ing ngisor iki!
(i) Dhandhanggula
(ii) Padhang Bulan
(iii) Megatruh
(iv) Lir-Ilir
(v) Prau Layar
(vi) Lingsir Wengi
(vii) Gundul-gundul Pacul
(viii) Cublak-cublak Suweng
Saka tembang-tembang ing dhuwur, sing kalebu jinise tembang macapat yaiku tembang nomer... .
(i) lan (iii)
(iii) lan (iv)
(v) lan (vi)
(vii) lan (viii)
Mingkar mingkuring ……………………… (1)
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu …………. (2)
kang tumrap ing tanah Jawa
agama ageming ………….………………… (3)
TembangmacapatPangkuringdhuwur durung jangkep. Tembung-tembungkanggonjangkepitembangingdhuwuryaiku... .
(1) angkara, (2) luhung, (3) aji
(1) angkasa, (2) luhung, (3) edi
(1) angkasa, (2) lair, (3) aji
(1) angkara, (2) lair, (3) edi
