WorksheetsREMIDI STS BHS JAWA SEM 2 2022-2023
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada, yaiku ....
guru sastra
guru basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Dene kang ngemot pathokan cacahe wanda saben sagatra, yaiku ....
guru sastra
guru basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Pathokan tembang Sinom, yaiku ....
gatra : 6
wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8
lagu : u, i, a, i, a, i
gatra : 4
wilangan : 12, 6, 8, 8
lagu : i, a, i, a
gatra : 7
wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
lagu : a, i, u, a, u, a, i
gatra : 5
wilangan : 12, 8, 8, 8, 8
lagu : u, i, u, i, o
gatra : 9
wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Tembang macapat kang asale saka tembung anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang diarani ....
Dhandhanggula
Pangkur
Mijil
Sinom
Kinanthi
Werdine "Nuladha laku utama" yaiku
tansah prihatin
nyonto tumindak kang becik
tansah gawe senenge wong liya
urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
Tembung "amarsudi" iku tegese ....
ngupadi
prihatin
seneng
kawruh
awan
Dene pratelan kang ateges "ngendhaleni hawa lan nepsu" , yaiku ....
nuladha laku utama
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan lan wengi, yaiku ....
nuladha laku utama
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Panulise tembung ing ngisor iki kang bener, yaiku ....
panandhang
celatu
pratanda
patuladan
patokan
Tembung "suta" tegese ....
kewan
pakaryan
awak
sedulur
anak
Ing paugeran tembang Sinom, kang duwe teges " kanggo nggambarake kabeh kang canthas tumindake " , yaiku ....
Panganggone tembang Sinom
Watak tembang Sinom
Sasmita tembang Sinom
Makna filosofis tembang Sinom
Pralambang tembang Sinom
"Ethes, prasaja, canthas, grapyak, renyah lan luwes" ing Paugeran Tembang Sinom diarani ....
panganggone tembang Sinom
watak tembang Sinom
sasmita tembang Sinom
makna filosofis tembang Sinom
pralambang tembang Sinom
"Anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute" ing paugeran tembang Sinom diarani ....
panganggone tembang Sinom
watak tembang Sinom
sasmita tembang Sinom
makna filosofis tembang Sinom
pralambang tembang Sinom
"Nggambarake wong kang isih enom. Pemudha/pemudhi seneng sesrawungan, kekancan, lan golek kanca" ing paugeran tembang Sinom diarani ....
panganggone tembang Sinom
watak tembang Sinom
sasmita tembang Sinom
makna filosofis tembang Sinom
pralambang tembang Sinom
Nggambarake wong kang wis jejaka / kenya “remaja”. Ing paugeran tembang Sinom diarani ....
Panganggone tembang Sinom
Watak tembang Sinom
Sasmita tembang Sinom
Makna fislosofis tembang Sinom
Pralambang tembang Sinom
Wrekudara dadi satriya pethingan ing jodhipati. Dheweke prigel bab olah gada lan olah raga. Saliyane gada rujak pala sing dadi sanjata kelangenane, dheweke uga duwe Kotang Antakusuma, Kuku Pancanaka, lan awak kang gagah pideksa. Ora mung Wrekudara sing dadi julukane. Nama liyane, yaiku Bima, Brata Sena, Jaka Bilawa, Putra Pandhu, ya Balawa. Dheweke uga sinebut Panenggak Pandhawa.
Saliyane nganggo jeneng Wrekudara, dheweke uga ajejuluk ….
Balawa
Antasena
Permadi
Antareja
Kresna
Raden Arjuna dadi satriya ing kendhalisada. Peparaping Raden Janaka, yaiku Permadi, Pamadya, Putra Pandhu, Jlamprong, lan sakpanunggalane. Dheweke duweni panah sing dijenengi Panah Pasopati. Kanthi sanjata kasebut ndadekake dheweke dadi satriya pinunjul bab olah panah. Panah Pasopati tundhane dadi sanjata ing prang bharatayuda klawan para kurawa.
Raden Arjuna duweni kluwihan bab ….
Olah pedhang
Olah raga
Olah panah
Olah gada
Olah tombak
Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda.
Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku ....
Ing ngarsa sung tuladha
Teteken tekun bakal ketekan
Titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Becik ketitik ala ketara
Ing lakon Bima Bungkus , ana jabang bayi kang bakal dadi satriya sekti. Ing pungksane, Bima bungkus sejatine yaiku….
Arjuna
Duryudana
Dursasana
Bratasena
Puntadewa
Prabu Pandudewanata kaliyan Dewi Kunthi tansah nandhang duhkita
Tembung duhkita padha tegese karo….
Bungah
Bingung
Nelangsa
Gela
Kuciwa
Kang nyuwun tulung marang Bratasena saperlu mbrasta rakshasha iku ratu ing….
Amarta
Ngastina
Tasikmadu
Manthili
Jodhipati
Putra pandhudewanata kang adhi mbarep iku arane Werkudara utawa Bratasena kang duwe watak....
Wicaksana
Pinter
Lantip
Dur angkara
Kendel lan blaka
Ing lakon Bima Bungkus, jabang bayi Bima Bungkus didhawuhi mbrastha rakshasha. Nalika kasil mbrastha rakshasha kasebut, kakiyatanipun rakshasha manjing ing awake Bima. Patang kekuwatan kasebut yaiku....
Angin, banyu, geni lan lemah
Angin, wit witan, banyu lan langit
Angin, banyu, langit lan lemah
Samodra, angin, langit lan lemah
Geni, angin, samodra lan banyu
Bratasena iku duwe watak blaka suta. Watak kasebut yen kajumbuhake karo kahanan saiki yaiku....
Blaka iku ora perlu jalaran marakake ora maju
Wong kang duwe watak blaka ora becik
Saiki kudu blaka suta lan jujur amrih raharja
Yen duwe gegayuhan kudu prihatin
Watak kang ora penting ing kahanan
Ing lakon Bima Bungkus, pungkasane wisiking dewa sang wungkus denbucal ing alas....
Rahtawu
Dandaka
Krendawahana
Krewadahana
Amarta
Nalika Bima bungkus ora bisa dibedhah. Wungkuse tansah alot. Anggone mbudidaya kasil lan jabang bayi Bima metu.
Pethilan kasebut nuduhake yen wong iku kudu....
Sregep nyambut gawe amrih uripe mukti
Mbudidaya apa wae amrih kasembadan
Pasrah sumarah kanthi ati kang wening
Kabeh iku gumantung wong tuwane
Urip kudu tenanan amrih bisa diwasa
Ing lakon Bima Bungkus iku minangka pralambang manungsa kang....
Kanggo nggayuh gegayuhan kudu duwe kaprigelan
Kasekten lan kekuwatan iku migunani ing bebrayan
Dadi kuwat, sekti, prigel, lantip kanthi digulawentah
Uripe tansah rekasa wiwit lair nganti tekan dewasa
Kudu mbudidaya amrih dadi manungsa kang sayekti
Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus seangga sejatining manungsa. Sang guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang sing bungkus.
Latar kedadeyan ing crita kasebut ana ing....
Kaputren
Keraton
Suralaya
Astina
Amarta
Bratasena yaiku Werkudara. Satriya panegaking Pandhawa lima iki tansah duwe watak kang blaka suta. Dheweke uga setya tuhu marang gurune. Dhewekke ora nate basa alus marang sapa wae. Dhewekke mung basa karo Hyang Wenang lan Dewa Ruci. Iku mratandhakke, dhewekke duwe watak marang sapa wae padha, ora mbeda mbedakake. Bratasena gadhah gaman kang arane Kuku Pancanaka. Kajaba iku Bima uga duwe watak bekti marang ibune.
Kang dibasani dening Bratasena iku mung....
Hyang Widi lan Pandudewanata
Dewi Kunthi lan Hyang Wenang
Hyang Wenang lan Gajah Sena
Hyang Wenang lan Dewa Ruci
Dewa Ruci lan Gajah Sena
Bratasena yaiku Werkudara. Satriya panegaking Pandhawa lima iki tansah duwe watak kang blaka suta. Dheweke uga setya tuhu marang gurune. Dhewekke ora nate basa alus marang sapa wae. Dhewekke mung basa karo Hyang Wenang lan Dewa Ruci. Iku mratandhakke, dhewekke duwe watak marang sapa wae padha, ora mbeda mbedakake. Bratasena gadhah gaman kang arane Kuku Pancanaka. Kajaba iku Bima uga duwe watak bekti marang ibune.
Manut pethilan crita wayang kasebut, watake Bratasena iku setya tuhu marang....
kadange
Adhine
Sedulure
Kurawa
Gurune
"Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan."
Perangan teks panatacara saka pethilan teks ing ndhuwur yaiku ... .
salam pambuka
atur syukur
sapa aruh
ancasing gati
panutup
"Rantaman adicara sampun kalampahan kanthi gancar. Nyuwun pangapunten sekathahipun klenta klentunipun atur.
Nuwun"
Perangan teks panatacara kaya pethilan teks ing ndhuwur yaiku diarani ... .
salam pambuka
sapa aruh
ancasing gati
panutup
salam panutup
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putrid ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga.
Pethilan teks ing ndhuwur yaiku tuladhane ... .
tembung pepindhan
tembung entar
tembung yogyaswara
panyandra
tembung rura basa
Kang ora kalebu dasanamane panatacara yaiku ... .
pangandhar materi
pranata adicara
pambiwara
MC
modherator
Kang ora kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika dadi panatacara yaiku ...
wirasa
wirama
wirasa
wirupa
busana
Nalika maca teks panatacara, solah bawa kang becik yaiku ...
sikil karone rapet
sedhela-sedhela nyawang cathetan
ngadeg karo semendhe ing tembok
lungguh jigang ing kursi
tangane ngapurancang
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika dadi panatacara yaiku ...
Klambi kudu salaras karo kahanane
Ngadeg kanthi jejeg, lan luwes
Nggoceki mikrofon kanthi lumrah
Nguwasani lan ngendhaleni kahanan
Nganggo klambi kang mewah
Perangan kang kudu dilakoni sakdurunge ngucapake salam panutup yaiku ...
ngucapake salam pambuka
njaluk pangapura
atur pakurmatan
atur puja-puji
ngaturake ayahan
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMK Siswa Utama
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu dwija SMK Siswa Utama
..................
Pratelan kasebut kalebu perangan ...
purwaka
ngaturake ayahan
salam pambuka
atur pakurmatan
atur syukur
Panatacara pancen kudu bisa narik kawigatene para tamu, mula panatacara kudu ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb lan anteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak, tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake Pratelan kasebut gegayutan karo bab-bab kang kudu digatekake nalika dadi panatacara yaiku bab …
magatra
mawastha
maraga
malaghawa
matanggap
