NEW
Font size
WorksheetsUS Susulan Bahasa Jawa 2020 SMA N 1 Sampang
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Serat Wedhatama lan Serat Tripama yaiku serat kang didamel Mangkunegaran kaping IV. Menawi Serat Wedhatama nyaritakake bab piwulang utama, dene Serat Tripama nyaritakake…
bab tuladha.
patuladhan keprajuritan.
patuladhan wayang.
patuladhan becik.
patuladhan paseduluran.
Ing sawijining dina, Adit arep bali sekolah. Nalika dheweke ana ing parkiran, dheweke weruh kewan kinjeng akeh banget kang padha mabur. Dheweke kelingan, bapak ibune tau maringi ngerti yen akeh kinjeng mabur kuwi pratandha bakal udan. Petikan carita mau, trep karo makna tembang…
eling lukitaning alam.
rina wengi den anedya.
yeku pangreksaning urip.
bengkas kahardaning driya.
mangka kantining tumuwuh.
Yen sampeyan nduweni rubeda kang gawe ati nlangsa, aja lali dedonga marang Gusti kang Maha Kuwaos. Carita apa kang dadi sebab nlangsane awak ya mung karo Gusti Allah. Mesthi sakbubare ati krasa adem, krasa ayem. Saka ukara kasebut, bisa diumpakake …
rina wengi den anedya.
salami mung awas eling.
wedi wiryaning dumadi.
bengkas kahardaning driya.
supadi nir ing sangsara.
Geguritan kangge nomer 4-5
Ngundhuh Wohing Pakarti
Dening Ari W
Para sepuh wus ngendika
Ngger… ngati-ati menawa sesrawungan
den jaga lisanmu
aja gumampang ngucap
saben tembung saklimah lan laku satindak
bakal antu pinwales
jumbuh karo kang ditindakake
ngundhuh wohing pakarti
saben tindak tanduk
aja mung gawe senenging liyan
nanging nerak angger-angger lan pranataning nagara
bakal dadi perkara
sangganing uripmu
Liding geguritan saka geguritan ing ndhuwur yaiku…
tansah ngati-ati nalikane tumindak lan ngucap, amarga apa kang ditumindakake saiki bakal entuk piwales saka Gusti.
tansah awas nalikane tumindak lan ngucap, amarga apa kang ditumindakake saiki bakal entuk piwales saka Gusti.
tansah eling nalikane tumindak lan ngucap, amarga apa kang ditumindakake saiki bakal entuk piwales saka Gusti.
tansah sabar nalikane tumindak lan ngucap, amarga apa kang ditumindakake saiki bakal entuk piwales saka Gusti.
tansah tlaten nalikane tumindak lan ngucap, amarga apa kang ditumindakake saiki bakal entuk piwales saka Gusti.
Geguritan kangge nomer 4-5
Ngundhuh Wohing Pakarti
Dening Ari W
Para sepuh wus ngendika
Ngger… ngati-ati menawa sesrawungan
den jaga lisanmu
aja gumampang ngucap
saben tembung saklimah lan laku satindak
bakal antu pinwales
jumbuh karo kang ditindakake
ngundhuh wohing pakarti
saben tindak tanduk
aja mung gawe senenging liyan
nanging nerak angger-angger lan pranataning nagara
bakal dadi perkara
sangganing uripmu
Tembung “Ngger” sajroning geguritan ing ndhuwur nduweni makna yen..
wong enom ngomongi wong enom.
wong sepuh ngomongi wong sepuh.
wong enom ngomongi wong sepuh.
bocah cilik ngomongi wong sepuh.
wong sepuh ngomongi wong enom.
Jeneng motif batik ing ndhuwur jenenge...
sido luhur.
parang.
kawung.
parang rusak.
sido mukti.
Wiru kanggo wong wadon ana ing sisih…, dene wiru kanggo wong lanang ana ing sisih ….
Wangsulan kang trep kanggo ngisi titik-titik ing ndhuwur yaiku...
kiwa, kiwa.
kiwa, tengen.
tengen, kiwa.
tengen, tengen.
tengah, tengen.
Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo gamelan Bali lan gamelan Sunda. Gamelan Jawa duweni laras kang luwih alus lan slow, beda karo gamelan Bali sing rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling. Gamelan-gamelan iki beda amarga Jawa duweni wawasan urip dhewe kang beda karo Sunda lan Bali, dene wawasan urip iki digambarake sajrone irama musik gamelan Jawa.
Saka paragraf ing ndhuwur, ukara pokoke yaiku…
gamelan Jawa duwe laras kang alus lan slow.
gamelan Sunda didominasi swara suling.
gamelan Bali larase rancak.
gamelan Jawa beda karo gamelan Bali lan Sunda.
wawasan urip digambarake sajrone irama musik gamelan Jawa.
Piranti gamelan ing ndhuwur diarani...
demung.
gender.
slenthem
saron.
peking.
Tembang kanggo nomer 10-11
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan nglenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labuh nagari,
Lan noleh yayah rena,
Nyang leluhuripun,
Wus mukti haneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
Tembang ing ndhuwur nyaritakake salah sijining tokoh wayang kang arane…
Bambang Sumantri.
Kumbakarna.
Adipati Karna.
Bambang Sukasrana.
Duryudana.
Tembang kanggo nomer 10-11
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan nglenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labuh nagari,
Lan noleh yayah rena,
Nyang leluhuripun,
Wus mukti haneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
Tetuladhan kang bisa dijupuk saka tembang ing ndhuwur yaiku…
seneng perang.
ngetokna kabeh kesaktenane.
perang ing sisih Dasamuka.
perang mbela nagarine kang diserang nigari liya.
dadi senopati perang.
Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene. Makna wewaler kasebut yaiku…
menawa ngidohi sumur mengko bisa ndadekake lambene suwing.
ora kena ngidohi sumur sing digunakake kanggo adus.
tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara bisa nular.
menawa ora gelem lambene suwing berarti aja ngidohi sumur.
sumur ora kena diidohi amarga bisa gawe lambe suwing.
Aja ngethoki kuku ing wayah bengi! Makna wewaler kasebut yaiku…
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana lampu kang padang lan anggone ngethoki kuku karo peso, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen padha wedi marang pepadhang lan anggone ngethoki kuku karo peso, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana lampu kang padang lan anggone ngethoki kuku karo bendho, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen padha wedi marang pepadhang lan anggone ngethoki kuku karo bendho, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana senthir kang padang lan anggone ngethoki kuku karo arit, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
Tembang kanggo nomer 14-15
Ngelmu iku kalakone kanthi laku;
Lekase lawan kas;
Tegese kas nyantosani;
Setya budya pangekese dur angkara.
Nalika Suci arep makarya dheweke ora kelalen niat lan donga supaya apa kang dipakaryani kuwi berkah lan duweni pahala. Ukara tembang kang trep yaiku…
lekase lawan kas.
ngelmu iku kalakone kanthi laku.
tegese kas nyantosani.
setya budya pangekese.
dur angkara.
Tembang kanggo nomer 14-15
Ngelmu iku kalakone kanthi laku;
Lekase lawan kas;
Tegese kas nyantosani;
Setya budya pangekese dur angkara.
Rosyid saiki wis sukses. Dheweke ora kelalen apa wae kang wis dilakoni supaya bisa sukses kaya saiki. Nalika wayah sekolah biyen, dheweke kudu ngliwati alas lan nyebrang kali yen arep mangkat sekolah. Bab kuwi amarga sekolahe adoh, ana 7 kilometer dhewe. Omahe Rosyid ana ing desa, dene sekolahe ana ing kutha. Ananging Rosyid cilik tetep semangat kanggo sekolah. Apa wae dilakoni, supaya bisa sekolah lan bisa sukses nalika gedhe ngemben. Wacan kasebut trep kaliyan ukara tembang …
tegese kas nyantosani.
setya budya pangekese.
lekase lawan kas.
dur angkara.
ngelmu iku kalakone kanthi laku.
Wacan kanggo nomer 16-17
Sore kuwe Bu Welasih sowan maring daleme Pak Hartono, kakang siji-sijine sing biasa dijaluki tulung. Udan deres ngguyur awake sing ringkih merga sering keterak penyakit. Bu Welasih ora nggawa paying. Klambi seawak teles gejebes. Bot-bote arep nyilih dhuwit kanggo tuku obat anake sing wis limang dina lara panas. Umahe Pak Hartono jebul dikunci. Bu Welasih dhodhog-dhodhog lawang. Sekang lirih-lirih nganti oreg rasane lawang. Ora let suwe tanggane metu. Yu Jiyah jenenge.
“Lho, Bu Welasih, mangga!”
“Inggih, Yu. Kayane Mas Hartono daleme sepi pisan?”
“Iya, esuk mau pamit tindhak Semarang sekeluarga.”
Paraga utama ing cuplikan novel ing ndhuwur yaiku…
Mas Hartono.
Yu Jiyah.
anake sing lagi lara.
Bu Welasih.
kakang siji-sijine.
Wacan kanggo nomer 16-17
Sore kuwe Bu Welasih sowan maring daleme Pak Hartono, kakang siji-sijine sing biasa dijaluki tulung. Udan deres ngguyur awake sing ringkih merga sering keterak penyakit. Bu Welasih ora nggawa paying. Klambi seawak teles gejebes. Bot-bote arep nyilih dhuwit kanggo tuku obat anake sing wis limang dina lara panas. Umahe Pak Hartono jebul dikunci. Bu Welasih dhodhog-dhodhog lawang. Sekang lirih-lirih nganti oreg rasane lawang. Ora let suwe tanggane metu. Yu Jiyah jenenge.
“Lho, Bu Welasih, mangga!”
“Inggih, Yu. Kayane Mas Hartono daleme sepi pisan?”
“Iya, esuk mau pamit tindhak Semarang sekeluarga.”
Latar papan lan swasana ana ing crita ndhuwur yaiku…
Omahe Yu Jiyah, nlangsani.
Omahe Bu Welasih, nlangsani,
Omahe Mas Hartono, nglokro.
Ana ing ndalan, nglokro.
Omahe Mas Hartono, nlangsani.
Methode sesorah kanthi cara ngapalake luwih dhisik kuwi diarani…
impromptu.
apalan.
naskah.
ekspresi.
ekstemporan.
Upacara iki dilakoni sawise acara ngidak endhog. Penganten putri langsung wisuhi sikil penganten putra nggunakake banyu kang wis diwenehi kembang setaman. Ngumbah sikil iki artine pangarep-arep yen “wiji”sing bakal dimudhunake adoh saka bebaya lan ndadekake turunane kang apik. Upacara kasebut arane …
wiji dadi.
sungkeman.
sinduran.
balangan gantal.
bobot timbang.
Sembah raga puniku;
Pakartine wong amagang laku;
Sesucine asarana saking warih;
Kang wus lumrah limang wektu;
Wantu wataking wewaton.
Ukara “sesucine asarana saking warih” saka tembang ing ndhuwur nduweni teges…
sedekah.
wudhu.
puasa.
solat.
haji.
…Kocapa, nalika semana omahe resi Kano tinemu sepi. Sang Prabu katon sekel. Resi Kano sajak wis nampa wangsit yen bakal diancam patine. Wong sakiwa tengene ditakoni padha ora ngerti. Jarene wis watara seminggu resi Kano ora tau katon. Njero omah digledhah, tinemu mamring. Suwung blung…
Tembung “mamring” duweni makna…
rame.
sepi.
duka.
kosong.
sereng.
Gatekna ciri-ciri pariwara ngisor iki:
1. gawe seneng, ngajak, lan ngyakinake, saengga konsumen gelem tuku lan migunakake barang/jasa sing ditawakake.
2. Ngajak kon padha milih lan tuku produk barang/jasa sing ditawakake.
3. Ngowahi pamikirane konsumen lan ngrayu kon padha tuku saiki.
Ciri-ciri ing ndhuwur kalebu pariwara…
informatif.
reminder.
elektronik.
persuasif
non komersial.
Lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dhialog. Ananging sing dadi pusat perhatian mung gerak tariane tok. Jenis kesenian rakyat kiye biasane digelar nang lapangan utawa pelataran omah sing duwe hajatan Penarine (lengger) biasane minimal 2 penari. Wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pertunjukan.
Ukara fakta ing paragraf ndhuwur yaiku…
wadon ditambah badhut (lanang) sing muncul nang pertengahan wektu pertunjukan.
lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumasan sing dipadu karo seni tari uga dhialog.
jenis kesenian rakyat kiye biasane digelar nang lapangan utawa pelataran omah sing duwe hajatan
ananging sing dadi pusat perhatian mung gerak tariane tok.
penarine (lengger) biasane minimal 2 penari.
Mingkar mingkur ing angkara;
Akarana karenan mardi siwi;
Sinawung resmining kidung;
Sinuba sinukarta;
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung;
Kang tumrap ing tanah Jawa;
Agama ageming aji.
Bocah cilik yen sinau mesthi digawe tembang. Bab kuwi amarga nembang andadekake rasa seneng ing atine bocah. Bocah bisa apal apa kang disinauni sajroning tembang kasebut. Tuladhane kaya tembang Balonku. Saka tembang iku, bocah cilik bisa sinau warna uga itungan.
Saka carita ing ndhuwur, ukara kang trep saka tembang Pangkur yaiku…
agama ageming aji.
sinawung resmining kidung.
mingkar-mingkur ing angkara.
sinuba sinukarta.
kang tumrap ing tanah Jawa.
Wacan kanggo nomer 25-26
…Warti wadul karo Parno. “Lha, wong padha mangan koh karo mlaku-mlaku karo dopokan. Kiye sih anu kepriwe deneng ora nana jagongane, No.”Warti takon karo adhine.
“Yu, kiye arane standing party. Cara Jawane pesta ngadeg. Siki umume wong mbarang gawe neng kota ya kaya kiye,” Parno semaur karo nerangna lamon pesta ngadeg wis dadi lumrahe wong mbaranggawe neng kota gedhe kaya Jakarta.
“Ngeneh, Yu. Arep mangan sing endi. Arep nyicipi kambing guling, apa?” Parno nawani mbokayune sing esih keton gumun maring kahanan sing ana. “Mengko dhisit, No. inyong tek ndeleng-ndeleng dhisit, panganan koh akeh temen”….
Nilai kang kamot ing pethikan cerkak ndhuwur yaiku…
budaya.
moral.
sosial.
ekonomi.
agama.
Wacan kanggo nomer 25-26
…Warti wadul karo Parno. “Lha, wong padha mangan koh karo mlaku-mlaku karo dopokan. Kiye sih anu kepriwe deneng ora nana jagongane, No.”Warti takon karo adhine.
“Yu, kiye arane standing party. Cara Jawane pesta ngadeg. Siki umume wong mbarang gawe neng kota ya kaya kiye,” Parno semaur karo nerangna lamon pesta ngadeg wis dadi lumrahe wong mbaranggawe neng kota gedhe kaya Jakarta.
“Ngeneh, Yu. Arep mangan sing endi. Arep nyicipi kambing guling, apa?” Parno nawani mbokayune sing esih keton gumun maring kahanan sing ana. “Mengko dhisit, No. inyong tek ndeleng-ndeleng dhisit, panganan koh akeh temen”….
Paraga utama lan papan ing pethikan cerkak ndhuwur yaiku…
Warti, kota.
Parno, kota.
Warti, standing party.
Parno, standing party.
Inyong, kota.
Ing ngisor iki kang ora kalebu titenan (ciri-ciri) pawarta yaiku…
ana prastawa utawa kedadeyan kang nyata.
prastawane nembe dumadi.
prastawane cedhak karo pamaos.
prastawane gegayutan karo wong akeh.
dikabarake/dilaporake kanthi jangkep.
Papan kang nduweni fungsi kanggo nanggap wayang sajroning omah Joglo diarani…
dalem.
gandhok.
pendhapa.
senthong.
pringgitan.
Bonggan kang tan merlokena;
Mungguh ugering ngaurip;
Uripe ing tri prakara;
Wirya, arta, tri winasis;
Kalamun kongsi sepi;
Saka wilangan katelu;
Telas telasing janma;
Aji godhong jati aking;
Temah papa papariman ngulandara.
Sutiyono nyesel, nalika taksih enom dheweke ora tau gelem sinau/sekolah. Senenge mung dolan. Nalika wis diwasa nembe kerasa, dheweke ora nduwe ngelmu kanggo sangu kahuripan. Gawean ya mung seanane, saengga dheweke urip pas-pasan. Malah bisa diomong yen uripe serba kekurangan.
Petikan carita kasebut trep kalih ukara…
wirya, arta, tri winasis.
saka wilangan katelu.
mungguh ugering ngaurip.
temah papa papariman ngulandhara.
bonggan kang tan mrelokena.
Minangka putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi sing angka kalih. Minangka titisane Bathara Bayu. Awit putra angka oro, mula uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumawilaga, Jayalaga. Ksatriane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.
Paraga kang dicritakake ing ndhuwur yaiku…
Yudhistira
Werkudara
Arjuna
Nakula
Sadewa
Ajining dhiri ana kedaling lathi, ajining raga ana ing busana, ajining awak saka tumindak. Ing ngisor iki wujud wiraga lan busana pranatacara kang mantep, anteng, ora gemeter, panyawange tajem marang pamiyarsa yaiku…
mawastha.
maraga.
malaksana.
mawwat
matanggap
Salah sawijining panganan kang digawe saka tempe kang dicelupake ana ing adonan glepung kang dibumboni banjur digoreng setengah mateng arane…
oncom.
martabak.
mendoan.
perkedel.
mangut.
Ibrahim nembe bali saka negara Ethiopia.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis dadi aksara Jawa yaiku...
Ukara ing ndhuwur yen didadekake aksara latin yaiku…
Kanaya lelungan karo kancane, Tarah.
Ganaya lelungan karo kancane, Karah.
Tanaya lelungan karo kancane, Sarah.
Ganaya lelungan karo kancane, Sarah.
Tanaya lelungan karo kancane, Karah.
Pemudha desa Krajan seneng mancing ing trebis.
Ukara ing ndhuwur yen didadekake aksara Jawa yaiku...
Ukara ing ndhuwur yen didadekake aksara latin yaiku...
Nomer telepon ibuku 081287636792.
Nomer telepon ibuku 081597636785.
Nomer telepon ibuku 081257939742.
Nomer telepon ibuku 081284936492.
Nomer telepon ibuku 081287346732.
Gofar gadhah kadang ayu asmane Kharisma.
Ukara ing ndhuwur yen didadekake aksara Jawa yaiku..
ngapit angka.
mungkasi layang.
miwiti layang.
mungkasi ukara.
mungkasi tembang.
Pada luhur, pada madya, lan pada andhap kuwi digunakake nalika nulis...
ukara.
parikan.
paribasan.
tembang.
layang.
pada luhur.
pada madya.
purwa pada.
wasana pada.
madya pada.
