NEW
Font size
WorksheetsULANGANBASAJAWA10
Total questions: 35
Worksheet time: 18mins
Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”
Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”
Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....
ngoko alus
krama alus
krama
ngoko
krama inggil
Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....
griyanipun - omah - daleme
griyane - griya - omahipun
dalemipun - griya - griyane
dalemipun - omah - griyane
griyanipun - omah - omahe
Ukara ingkang leres menawi lare matur dhateng tiyang sepuh, inggih menika ....
“Turene Bu Giyah, Ibu mau tindak pasar ya?”
“Kula benjing ajeng tindak kaliyan Bu Dhe dhateng Sala.”
“Sik ta Pak, menawi sanes bapak sing njupuk, lajeng sinten?”
“Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”
“Kula pun ngertos kok Pakdhe, wong ibu wingi sampun matur bab menika dhateng kula.”
Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”, pangajake Dira marang bu RT.
Ukara ingkang leres inggih punika...
“Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak dhateng Puskesmas.
Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika, para siswa sampun sami tepang kaliyan ……………. menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu guru menapa sampun sami tepang?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……
kanca-kanca
rencang-rencang
para sedulur
bapak saha ibu guru
sekolahanipun
Guru : “Menawi dereng, cobi samenika sami tetepangan malih kaliyan kanca-kancanipun, Caranipun mangke para siswa majeng setunggal mbaka setunggal lajeng nepangaken .................... Mangga dipunwiwiti kanthi nepangaken nama, asal sekolah, alamat, lan karemenanipun. Cobi samenika dipunwiwit majeng kanthi cara gentosan.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……
seduluripun
bapak saha ibunipun
rencang-rencangipun
identitas dhirinipun
kanca-kancanipun
Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”
Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
wangsul
kondur
tindak
kesah
bali
Guru : “Sinta wis pirang-pirang dina ra mangkat ki lara apa piye?
Murid : “Inggih Bu, Sinta nembe .......”
Guru : “Wis padha tilik durung?”
Murid : “Ketingale benjing Minggu ajeng sami .....”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg, inggih menika ....
gerah - nuweni
lara - niliki
sakit - niliki
sakit - nuweni
lara - nuweni
Pak Camat : “Pak Heru, undangan kanggo Pak Lurah wis diparingke?”
Pak Heru : “Dereng Pak. Menika nengga ............... panjenengan”.
Pak Camat : “Kok durung?”
Pak Heru : “Bibar menika ajeng kula ..... Pak.”
Supados ukaranipun leres, tetembungan ingkang sae kangge njangkepi, inggih menika....
tanda-tangan; paringaken
tapak-asta; paringaken
tapak-asma; aturaken
tanda-tangan; wenehke
tapak-asma; caosaken
Ngendikanipun tiyang sepuh dhateng para putra, ingkang trep kaliyan unggah-ungguh, inggih menika ....
“Wid, apa kowe ora pirsa menawa simbah arep teka sore iki?”
“Nok, anggonmu kondur jam pira? Mengko arep dhahar neng omah apa neng sekolah?”
“Ndhuk, adhimu undangen mrene, ibu arep matur”.
“Le, bapak-ibu arep lunga rada suwe, adhimu dikancani, aja padu ya!”
“Nok, mengko ibu arep tindakan, sliramu ngersakke apa?”
Andharan menika ingkang boten kalebet undha-usuking basa Jawi, inggih menika .....
basa ngoko
basa krama
basa krama inggil
basa krama alus
basa ngoko alus
Ingkang ngginakaken basa ngoko, inggih menika ....
lare enem dhateng tiyang sepuh ingkang sampun rumaket
lare enem dhateng tiyang sepuhipun
nalika tiyang enem mertamu
tiyang sepuh dhateng lare enem
nalika pikantuk pitepangan enggal
Guru : “Bud, wingi kok ora mlebu neng ndi?”
Budi : “....”
Wangsulanipun Budi ingkang leres lan laras kaliyan unggah-ungguh, inggih menika.
“Kala wingi kula nembe gerah Pak.”
“Nyuwun pangapunten Pak, kala wingi kula nembe sakit, boten saged maringi kabar”.
“Nyuwun pangapunten Pak, kula nembe sakit, boten saged mlebet.”
“Kala wingi kula lara Pak, boten saged nyaosi kabar.”
“Kala wingi kula lara, boten saged maringi kabar”.
“Nok, yen mengko Pak Lurah wis ......, diaturi .... sik ya!”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
teka - lungguh
sowan - pinarak
sowan - lenggah
rawuh - pinarak
teka - pinarak
Mau bengi Nita ...................... marang ibune yen awake lagi ora kepenak.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih menika .....
matur
omong
ngendika
kandha
crita
Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menehi
nyaosi
maringi
ngaturi
nyuwun
Bapak ora sida ........... amarga sukune aboh.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menyang
mlampah
mlaku
tindak
mangkat
Wawan rembag kaliyan tiyang ingkang enggal ngginakaken basa .....
ngoko
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama inggil
Bapak lagi .............. karo ibu ana ngisor wit jambu.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
omong-omongan
ngendikan
crita
matur
mundhut pirsa
jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...
basa formal - basa informal
basa tulis - basa lisan
basa ngoko - basa krama
basa gancaran - basa sastra
basa rinengga - basa madya
ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan lan sapanunggale, ragam basa sing dititik saka ...
panggonane
wilayahe
sapa sing nganggo
situasine
kumpulane
" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."
ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama madya
basa krama alus
" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".
ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama madya
basa krama alus
Ukara ing ngisor iki paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku ...
kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu
kula empun nedha arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedhi yatra, nanging dereng diparingi ibu
kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu
Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar bagan ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon pacelathon, jagongan utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane basa kaperang dadi telung golongan. Basa Jawa minangka basa budaya yaiku ...
basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa apa dene wong-wong manca negara
basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa.
Basa jawa digunakake kanggo medharake saweneh kawruh
Basa jawa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair awit saka sesambungane keluarga utawa masyarakat kiwa tengene
Wangsulan A lan B bener
Adhedhasar pamawasmu ngenani telung gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben panggon beda-beda. Minangka pribadi lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan jalaran ...
Ing endi lan karo sapa kita rembugan panggonane basa pada wae
Panggonane basa ing warung kopi padha karo ing arisan
Bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe yen jagongan, basa e padha wae
Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae
Beda papan lan bab kang dirembug bisa ndadekake beda panggonane basa
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
maem
mangan
madang
nedha
dhahar
Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!
Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.
Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ngoko dan krama
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngunjuk
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, dhahar
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Dhahar, nedha
Anis : mengko sore sido latihan ora san?
Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.
Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Madya
Krama Alus
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama madya
basa krama alus
Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !
Bagus : Drun, nyang endi ?
Badrun : Lapangan, melu ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul
Badrun : Ana acara ta
Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro
...
Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
basa krama madya
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
3,4,5
