Font size
WorksheetsREMIDI PSAS 2025
Total questions: 40
Worksheet time: 24mins
Kayadene prinsip uripe wong Jawa kang tansah ngupaya rukun lan kurmat marang wong liya, kanthi ngetrepake unggah-ungguh lan tata krama, mula anggone micara kudu nggatekake tingkatan tutur (ragam basa jawa) ingkang kaperang dadi ...
2
3
4
5
6
Guneman pawongan kang luwih sepuh marang luwih enom, pangangone ragam basa Jawa ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Inggil
Ragam basa Jawa ingkang dinggo pawongan kang drajad luwih dhuwur marang andhahane nanging luwih tuwa, yaiku ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Inggil
Pangangone ragam basa Jawa iki !
1. Putu marang simbahe
2. Karyawan marang pimpinane
3. Pawongan kang durung kenal
Ragam basa Jawa sing dimaksud yaiku ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Inggil
Basa ingkang sejatine diucapke pawongan sing ora ngerti tembung kramane sing baku (HIPERKRAMA) uga diarani tembung ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Desa
“Simbah lagi dhahar mendoan karo mirsani wong padha gegojegan”
Ukara kasebut, kalebu ragam basa Jawa ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Krama Desa
“Mas Beni, tinimbang ... wonten hotel, mangga sare ... kula mawon”
Jangkepi ukara ing inggil nganggo tembung kang trep
sare, dalem
sare, turu
sare, griya
tilem, griya
tilem, dalem
Unggah-ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawngan kang diadhepi. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basane yaiku ...
Pak Sardi arep kesah dhateng peken
Simbah lagi wae tilem, nembe mawon
Omahe Pak Lurah ingkang majeng ngilen
Pakdhe sampun nedha menapa dereng?
Bapaksampun rawuh kalawau enjing
Tiyang sepuh (krama baku)
2. Sedanten (krama desa)
3. Sepindhah (krama baku)
4. Tanglet (krama baku)
5. Pitados (krama baku)
6. Nama (krama desa)
Tembung lan jinis tembung ingkang trep ...
1,2,3
2,4,6
2,5,3
1,3,6
2,5,1
Jinis tembung (Krama, Madya, Ngoko)
1. Rumiyin, Riyin Biyen
2. Dhateng, Teng, Menyang
3. Inggih, Nggh, Iyo
4. Badhe, Ajeng, Arep
5. Njing menapa, Njing napa, Kapan
Tembung ingkang runtut lan trep kaiyan jinis tembunge, yaiku
1 lan 2
3 lan 5
4 lan 5
1 lan 5
2 lan 4
“Roni lan Dimas kanca awit cilik, lan nembe rembugan bab layangan”
Lumrahe ragam basa kang dipunginakake ana ing kahanan kuwi yaiku
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Pacelathon pejabat lan andhahan iki, Pejabat nganggo Ngoko Lugu, Banjur Andhahan ngladeni nganggo ...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Biasane uwong ingkang lagi batin (ngomong karo awake dewe), nganggo ragam basa apa?
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Pawongan kang tugase nata lan nglantarake sawijining acara diarani
Pawarta
Pariwara
Panatacara
Palaksana
Panata
Acara kang ditata panatacara iku maneka warna, kayata pawiwahan iki kajaba ...
Adat manten
Kesripahan
Sukuran
Rembugan tugas
Pengajian
1. Assalamualaikum wr.wb
2..Om swastyastu
3. Namoo budaya
Ukara kuwi ing struktur Panatacara diarani ...
Pambuka
Salam Pambuka
Atur Pakurmatan
Wosing gati
Panutup
Struktur Panatacara ingkang duweni ancas yaiku nuduhake rasa hormat marang para rawuh (saka wong sing paling tuwa tekan sing paling enom) diarani ...
Atur pitepangan dhiri
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Purwaka basa
Salam panutup
1. Ngaturake jeneng acara
2.Ngaturake dina utawa wektu
3. Ngaturake papan panggonan
4. Ngaturake mata acara
5. Ngaturake jeneng para tamu
6. Ngaturake panganan sing disuguhake
Wosing gati kuwi Panatacara nuduhake runtutane kang dijlentrehake ing dhuwur, kajaba ...
1 lan 6
2 lan 5
4 lan 5
5 lan 6
3 lan 5
Nyuwunake pangapura kanggo sing duwe acara (pamangku gati) menawa ana kekirangan utawa kalepatan ing sajroning acara, mligine ing bab suguh, lungguh, rengkuh, lan sapa aruh. Bab iki ana ing struktur ...
Atur puji syukur
Atur pakurmatan
Atur pitepangan dhiri
Panutup
Salam panutup
Lamun wong kang nindakake ayahan panatacara kudu duweni kaprigelan kanggo sangu mandhegani sawijining acara. Kaprigelan mau diarani “Saptama Pangolahing Raga” yaiku ngemot bab iki, Kajaba ...
Magatra
Malaksana
Mawasta
Mawasitha
Maraga
Karya sastra kang ngemot piwulang luhur nanging sinandhi (ora digamblangake anggone mbabar piwulang).
Parikan
Wangsalan
Geguritan
Sandiwara
Cerkak
Jroning khasanah kasusastraan Jawa, genre sandiwara kaperang dadi loro kang diarani sandiwara klasik lan modhern. Ing ngisor iki kang ora klebu titikane sandiwara klasik yaiku ...
Crita ngrembug ngenani bab sejarah utawa donyaning kraton
Basa kang dianggo jumbuhake kalawan jaman nalika crita mau kedadeyan
Alur crita ing sandiwara runtut kawiwitan saka jejer kedhaton nganti perang brubuh
Lakuning crita bebas lan manut klawan kekarepane pengarang
Nganggo unsur panyengkuyung crita kang uga klasik, kaya dene iringan musik, setting panggung, lan swasana kang jumbuh klawan jamane crita
Ing ngisor iki kang ora klebu salah sijine langkah kagiyatan nalika nulis naskah sandiwara ...
Nemtokake topik utawa tema crita
Nemtokake alur crita
Nemtokake paraga lan dhapukan
Nemtokake latar/setting crita
Nggoleki piwulang luhur sajroning crita
Ing ngisor iki bab kang ora perlu digatekake nalika arep mentasake pagelaran sandiwara yaiku ...
Gatekake gestur lan mimik paraga kanggo nyengkuyung panguwasan karakter
Nyawang lan ngerteni sapa wae penonton kang bakal nonton pentas
Ngatur ambegan kanggo nyengkuyung dhialog paraga supaya luwih anteb ora kentekan napas
Artikulasi metune swara saka lambe kudu cetha, mligine bab intonasi lan vokal nalika ngucapake dhialog
Gunakane properti kang ana lan ngepasake dhiri jumbuh klawan latar papan kang ana ing crita
Mujudake pakulinan tradhisi kang dianut dening sawijining kelompok kanthi turun temurun. Ana ing struktur amanat diarani Nilai ...
Sosial
Etika
Agama
Moral
Budaya
Panatacara kedadyena saka rong tembung yaiku .... lan ....
Panata
Tata
Upacara
Acara
Wicara
Teknik maca panatacara kang ora becik yaiku
Nganggo intonasi, nada lan tekanan kang trep
Pamedhote frasa kudu trep
Swara kudu luwih banter ora perlu cetha
Maca runtutan acara kudu cepet
Mahami isi wacan
Tuladhane karya sastra Sandiwara tradhisi kayata ...
Wayang
Kethoprak
FIlm Jawa
Teater
Sandiwara radio
Alur yaiku urut-urutaning kedadeyan utawa rerangkening prastawa ing sajroning crita. Miturut lakuning wektu, alur kaperang dad 3 yaiku kajaba...
Mundur
Munggah
Maju
Medun
Campuran
Lumrahe dene manungsa panggonane luput lan kliru. Nanging, ana perangan kang wajib ora oleh kliru dening panatacara amarga kaanggep fatal, yaiku kajaba...
Kliru nyebutake jeneng, gelar, lan kaungguhan sawijining kalungguhan
Kliru nyebutake wektu, dina lan tanggal taun
Kliru nyebutake urutane acara nalika ngaturake rantaman acara
Kliru nyebutake jeneng instansi lan asma dhiri
Kliru ngucapake tembung kang digunakake nalika ngayahi jejibahan acara kayadene pangucapan tembung “dha” lan “da”, “tha” lan “ta”
Antarane pratelan ing ngisor iki, kang ora klebu perangan carane mentasake teks sandiwara ...
Milih lan nemtokake naskah sandiwara
Nindakake kagiyatan bedhah naskah
Nindakake kagiyatan casting utawa mbagi lan milih paraga
Gladhen, ora perlu bebarengan klawan unsur pendukung kaya dene panata musik
Maca lan nyunting panulisan naskah
Supaya crita gampang dimangerteni penonton, kaprigelan kudu diduweni paraga yaiku ...
Olah pernapasan
Intonasi lan vokal
Penguasaan dhapukan paraga
Olah ekspresi karakter paraga
Gatekake panggung lan ruang gerak
1. Orientasi
2. Komplikasi
3. Evaluasi
4. Krisis
5. Koda
Struktur sandiwara modern kang nuduhake tumujune konflik lan pucuking konflik yaiku
1
2
3
4
5
Penokohan fisik paraga digambarake saka wujud ing ngisor iki, kajaba ...
Antagonis
Protagonis
Ayu
Dhuwur
Ireng
Gaya bahasa yaiku Style utawa diksi kang dianggo dening pangripta ing sajroning dialog sandiwara. Gaya bahasa bisa nganggo unsur estetika kayadene ...
Majas
Bebasan
Wangsalan
Parikan
Rinengga
Amanat utawa piwulang yaiku unsur utama kang bakal didudut dening penonton ngenani lakuning crita. Amanat utawa nilai-nilai kuwi antarane ...
Nilai Moral
Nilai Masyarakat
Nilai Politik
Nilai Estetika
Nilai Kebangsaan
Ing ngisor iki ukara kang nganggo ragam basa Krama Lugu ...
Sampeyan menapa saestu kesah dhateng Semarang
Semahipun Suparno kesah numpak dhokar
Panjenengan menapa estu tindak dhateng Semarang
Garwanipun Pak Suparno tindak nitih dhokar
Garapane sampun sampeyan tumpuk?
Ing ngisor iki ukara kang nganggo ragam basa Krama Alus ...
Agemanipun Pak Sajo sampun penjengan asta?
Rasukanipun sampun sampeyan bekta?
Sampeyan saget mendhetakenrasukan kula?
Panjenengan saget mundhutaken agemanipun Pak Rio?
Garapane sampun sampeyan tumpuk?
1. Aku sesuk arep diparingi dhuwit Pak Dino
2. Panjenengan rakya pirsa to Pak
3. Sutama nyuwun pirsa gurunipun
4. Rambut kula taksih cemeng sedaya
5. Piyambakipun (siswa) menika lare pinter
6. Surat panjenengan apa wis panjenengan pundhut?
7. Aku sesuk arep mendhet gula ing warung
Ukara ingkang ngagem ragam basa Ngoko Alus yaiku
1 lan 2
2 lan 3
1
4, 5, 6
7
Titikane ragam basa Krama Alus yaiku susunan tembunge yaiku ... lan ...
Ngoko
Krama
Madya
Krama Inggil
Krama Desa
