wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA JAWA KD 3.3

Total questions: 30

Worksheet time: 1hrs 7mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

2.

Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

3.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku ....

a)

diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

nututi layangan pedhot

c)

pupur sawise benjut

d)

kebo nusu gudel

4.

"Kaya asu karo kucing"

Unen-unen ing dhuwur kalebu ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

5.

Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

ula marani gepuk

c)

kebo kabotan sungu

d)

kebanjiran segara madu

6.

"Nglungguhi klasa gumelar"

Unen-unen ing dhuwur kalebu ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

parikan

7.

(1) Ancik-ancik pucuke eri

(2) Arep nangkane emoh pulute

(3) Diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) Iwak klebu ing wuwu

Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer ....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

8.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

paribasan

b)

wangsalan

c)

bebasan

d)

saloka

9.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

10.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

11.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

12.

Ing ngisor iki kang kalebu paribasan yaiku ....

a)

lambe satumang kari samerang

b)

pitik trondhol diumbar ing padaringan

c)

ana catur mungkur

d)

kodhok nguntal gajah

13.

Kenes ora ethes kalebu unen-unen (a)  

14.

Jamur tuwuh ing sela kalebu unen-unen (a)  

15.

Nabok nyilih tangan kalebu unen-unen (a)  

16.

Kocak tandha lokak tegese (a)  

17.

Ula marani gepuk kalebu (a)  

18.

Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

anak polah bapa kepradah

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

19.

Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

gupak pulut ora melu mangan nangkane

c)

ana gula ana semut

d)

sepi ing pamrih rame ing gawe

20.

Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

njarag marani bebaya

c)

paseduluran sing ora tau rukun

d)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

21.

Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....

a)

ana gula ana semut

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

kebo nusu gudel

d)

kebo kabotan sungu

22.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku (a)  

23.

"Kandang langit kemul mega"

Unen-unen ing dhuwur kalebu (a)  

24.

"Kakehan gludhug kurang udan"

Unen-unen ing dhuwur kalebu (a)  

25.

(1) Ber budi bawa leksana

(2) Tengu ngedu gajah

(3) Mikil dhuwur mendhem jeru

(4) Emprit abuntut bedhug

Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer ....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

26.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....

a)

susah

b)

sedih

c)

bungah

d)

bubrah

27.

Wong tuwa sing kuwalahan ngramut anake digambarake kaya ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

durung pecus keselak besus

d)

ancik ancik pucuking eri

28.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ....

a)

busuk ketekuk pinter keblinger

b)

becik ketitik ala ketara

c)

adigang adigung adiguna

d)

jer basuki mawa beya

29.

Ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.

Yen diparibasaake ....

a)

ono catur mungkur

b)

angon ulat ngumbar tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jer basuki mawa bea

30.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara