wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan usek B Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Raket Kanca    

Raket kanca iku apik

Raket kanca iku becik

Tukar padu disingkerake

Tukar padu disirnakake

Tansaya suwe aku kelingan

Marang kowe kanca-kancaku

Adohe panggonan

Suwene wayah

Kabeh rumangsa apik

Aku kepingin kekancan kang terus akur

Kekancan nganti tuwa

Marga kekancan iku anjurane agama

Tegese tembung  tukar  padu  sajroning geguritan ing dhuwur yaiku…

a)

    

Ora tukaran

b)

  Uring-uringan

c)

   Gawe seneng kanca

d)

Padha guyub rukun

2.

       Grojogan Roro Kuning

Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Panjalu.

Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng.

Amargi Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pekertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji.

Galuh Agung ana crita ing dhuwur nduweni watak

a)

Apik budi pekertine

b)

Serik atine

c)

Sareh

d)

Sabar

3.

           Gundul-gundul Pacul

Gundul-gundul pacul cul gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

      Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...

a)

dadi pimpinan kudu  nggatekake  rakyate

b)

   dadi pimpinan kudu gundul

c)

dadi pimpinan kudu nyunggi wakul

d)

dadi pimpinan kudu kejem

4.

Ukara “Bapak dhahar roti”   yen ditulis nganggo aksara jawa sing bener yaiku

a)
b)
c)
d)
5.

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Budi dadi ketua klompok telu. Dina iki pelajaran olahraga diisi dolanan gobag sodor. Ketua kelompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga. Bima ngatur klompoke sing arep ngadhepi klompoke Munip. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan. Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa kecekel sing njaga. Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Parto.

     Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku ....

a)

dolanan tradisional

b)

gobag sodor

c)

pelajaran olah raga

d)

pemenange klompoke Parto

6.

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, JawaWetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan. Yen ora diangkat, bisa bosok lan ora payu didol amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa dipangan rasane uga wis ora enak.

Ukara ing ngisor iki sing trep karo paragrap ing dhuwur yaiku....

a)

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe Dusun Kidul, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang.

b)

Bencana mau ndadekake tanduran parine para tani tambah subur

c)

Para tani mbudidaya njejegake pari-parine supaya kesuwen kakum banyu udan

d)

Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan

7.

  Aja dadi bocah sing …., mundhak disengiti kanca-kancane.

a)

lunyu ilate

b)

amba jangkane

c)

  alus tembunge

d)

   entek atine

8.

Sigra milir sang gethek sinangga bajul

Kawan dasa kang njageni

Ing ngarsa samiwah ing pungkur

Tanapi ing kanan kering

Kang gethek lampahnya alon

Guru wilangan lan guru lagune gatra kepapat tembang ing dhuwur yaiku ...

a)

12 i

b)

8 o

c)

8 u

d)

8 i

9.

Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi. Wujude satria bagus tanpa cacat. Ing jagadora ana tandhingane kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunan ing agama kanthi temen.

Amanat wacan ing dhuwur yaiku ... .

a)

Mujudake tumindak becik

b)

  Panengahing pandhawa ingkang tanpa cacat

c)

    Putranipun Dewi Kunthi ingkang nomor tiga

d)

Kebagusane Raden Janaka ora ana tandhingane ing jagad

10.

Aksara jawa ing ndhuwur latinne… .

a)

Mangana saiki

b)

Majalah siji

c)

Mangan roti

d)

Mangan sate

11.

Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining  sebab kang njalari polusi. Menawa awakedhewe nyambut gawe bareng-bareng lan miwiti nganggo tas plastik ramah lingkungan iku bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan. Ya gene kok awakedhewe kudu ngganti kanthong plastik karo tas plastik ramah lingkungan? Ora mung nganggu pemandhangan, sampah kanthong plastic uga ora becik disawang.  Sampah kanthong plastic kang sansaya numpuk bisa njalari lingkungan reged, awur-awuran lan wong-wong padha ora aman. Meh sakabehing wong sing nganggo kanthong plastik, mbuwang kanthi srampangan. Akibate, bumi iki sansaya akeh polusi jalaran sampah plastik.

     Ukara inti paragrap wacan ing dhuwur yaiku…..

a)

Sampah kanthong plastic uga ora becik disawang

b)

Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining sebab kang njalari polusi

c)

Sampah kanthong plastic kang sansaya numpuk bisa njalari lingkungan reged

d)

Nganggo tas plastic ramah lingkungan iku  bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan

12.

Energi mujudake sawene hebab kang wigati tumrap uripe    manungsa ing donya, awit sakabehe wujud tumindak utawa kegiatane manungsa mbutuhake energi. Energi sing asale saka minyak, mineral alam, lan batu bara ora bisa didandani utawa dianyari. Mula, tumrape manungsaora ana pilihan kajaba gemi (irit) nggunakake energi.

Simpulan teks ing ndhuwur yaiku… .

a)

Energi penting tumrap manungsa.

b)

Kabeh kegiatan manungsa mbutuhake energi.

c)

Energi mung saka minyak, mineral alam, lan batu bara

d)

Tumrape manungsa kudu gemi nggunakake energi amarga ora bisa dianyari.

13.

Wacanen tembang Durma  iki!

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saka wong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.

Tegese ukara sing kacethak kandhel yaiku ….

a)

mula kudu ati-ati

   

b)

aja dileboke ati

c)

ati-ati yen mlaku

d)

matura sing ati-ati    

14.

Aja nganti kebanjur,

Sabarang polah kang nora jujur,

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

Becik ngupaya iku,

Pituturing kang sayektos.

Manut titikane tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ….

a)

  

Sinom

b)

Pucung

c)

Pangkur

d)

Gambuh

15.

   Ir.Soekarno kagungan peran wigatos kangge mardikaaken bangsa Indonesia. Piyambakipun mboten kakean gludug kurang udan, ananging sawangsulipun “sepi ing pamrih …”.

Ukara kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku …

a)

    Rame ing gawe

b)

   Rame ing dalan

c)

    Rame ing ngarep

d)

  Rame ing perang

16.

   Desa Pacet padha udan tangis amarga kena musibah tanah longsor.

Udan tangis  tegese ....

a)

Akeh wong sing kudanan

b)

Akeh wong sing udan -udan

c)

Akeh wong sing kebanjiran

d)

Akeh wong sing kesusahan

17.

Bapak Pucung wujud mlungker kaya kalung

Tangan papan ira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu song bendara

Batangane  yaiku ....

 

a)

Binggel

b)

Gelang jam

c)

Ali-ali

d)

Gelang

18.

Emboke dielus-elus, ....

          Batangane Andha

a)

Bapake diidak-idak

b)

Anake digendhong

c)

Bapake disepak

d)

Anake diidak-idak

19.

    Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh,

....

Kula minangka wali saking siswa kelas 6 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dumateng Bapak Ibu guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggula wantah dumateng kula sakanca, saengga saget ngrampungaken kewajiban kula sakanca anggenipun ngangsu kawruh.

....

Isi teks pidatho ing nduwur yaiku ....

a)

  Atur pamayubagya

b)

Atur kawilujengan

c)

Atur pakurmatan

d)

Atur agunging panuwun

20.

   Sawetawis cekap  semanten rumiyin  atur kula, kula nyuwun pangestu mugi-mugi sedaya saged nglajengaken dhateng sekolah ingkang linangkung inggil lan saged kaleksanan gegayuhan kula sakanca. Amin.

Paragrap  ing ndhuwur kalebu perangan .... pidhato

a)

Isi

b)

Dudutan

c)

Penutup

d)

Pambuka

21.

Reni bocah pancen sing … ora kakean omong nanging kabeh tugas-tugas sekolahe mesti bisa dirampungake  pas wektune lan bener. Paribasan sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….

a)

becik ketitik ala ketara

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

tumbu oleh tutup

d)

mikul dhuwur mendhem jero

22.

Beno bocah kelas 6 SD. Dhekne putrane Pak Bupati sing paling sugih sakadipaten. Mula iku dhekne dadi bocah sing adigang, adigung, adiguna.

Tegese ukara sing kacethak kandhel yaiku ....

a)

mature ngawur lan nglantur ora ana gunane

b)

sombong ngendelake kekuwatane lan kaluhurane.

c)

seneng nggawe mangkele kanca

d)

mbandel lan kurang ajar marang wong liya

23.

Bapak pucung rupane amemba gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong mesthi sengit,

Kang kanggonan den lus-elus tinangisan

Tembang ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ....

  

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

8u, 12a, 6i, 12a

c)

  12i, 6u, 8a, 12i

d)

  8a, 12u, 6a, 12u

24.

Cangkriman : Nebloke  ngisor, ….

Bathangane : Gentheng bocor .

Jangkepane cangkriman kasebut yaiku ….

 

 

a)

 Didoleki nebloke

b)

Pada pecah kabeh

c)

 Didoleki mendhuwur

d)

 Mlebu njero lemah

25.

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek/dibathang maksude. Bathange cangkriman Emboke wuda anake tapihan” yaiku ….

a)

 Gentheng bocor

b)

Pring

c)

 Tomat

d)

Tempe dibungkus