Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Tegese tembung kalbu, sasmita, lantip, nendara yaiku ....

a)

ati, pikir, tandha, turu

b)

ati, tandha, pikir, mangan

c)

ati, pikir, pinter, turu

d)

ati, tandha, pinter, turu

2.

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.

miturut tembang ing dhuwur watak ala sing kudu disingkiri yaiku ....

a)

wong sing seneng nyimpen bandha donya

b)

wong sing seneng mangan enak

c)

wong kang seneng pista (pesta) lan seneng-seneng

d)

wong kang seneng ngglendhengi tanggane

3.

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

tegese gumunggung diri yaiku ....

a)

wani

b)

pinter

c)

umuk

d)

trampil

4.

Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

pitutur sing bisa dijupuk saka tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

aja dadi wong sing seneng ngajak-ngajak tumindak ala

b)

aja cedhak karo wong umuk

c)

becike srawung karo kanca kang watakke becik

d)

becike srawung karo wong ala, nadyan awakdhewe melu ala

5.

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

Miturut tembang ing dhuwur, wong sing kudu dicedhaki minangka tuladha yaiku ....

a)

wong sing sugih brewu

b)

wong sing akeh omonge

c)

wong sing becik budine, lan akeh pengalaman nadyan dudu wong sugih

d)

wong sing becik sekolahe, bijine

6.

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

miturut tembang ing dhuwur, wong enom iku gampang ....

a)

nesu

b)

kepelut lingkungan anggone srawung

c)

kepelut panggongan sing lagi diadhepi

d)

kepelut bandha bonya

7.

panggawe becik puniku

gampang yen wus den lakoni

angel yen durung kalakyan

aras-arasen nglakoni

tur iku denlakonana

mupangati badaneki

tegese tembung kalakyan yaiku ....

a)

pantes

b)

leksanan

c)

kelakon

d)

lakon

8.

panggawe becik puniku

gampang yen wus den lakoni

angel yen durung kalakyan

aras-arasen nglakoni

tur iku denlakonana

mupangati badaneki

pitutur saka tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

panggawe becik kudu dilakoni amarga mupangati kanggo awakdhewe

b)

aras-arasan iku watak kang kudu dilestantunake

c)

aras-arasen iku mupangati kanggo awakke dhewe

d)

panggawe becik iku gampang dilakoni

9.

panggawe becik puniku

gampang yen wus den lakoni

angel yen durung kalakyan

aras-arasen nglakoni

tur iku denlakonana

mupangati badaneki

Guru wilangan lan lagu gatra ke 3 lan ke 6 yaiku ....

a)

8a lan 8e

b)

8i lan 8a

c)

8a lan 8o

d)

8a lan 8i

10.

Cacahe gatra tembang kinanthi yaiku ....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8