wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa Kelas 6 Pidhato

Total questions: 15

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Pangucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya mawa lesan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane diarani ....

a)

maca

b)

pengumuman

c)

pidhato

d)

wara-wara

2.

Pidhato ing basa jawa diarani ...

a)

sesorah

b)

dudutan

c)

cengkorongan

d)

gagasan baku

3.

Ing ngisor iki sing ora kalebu kerangkane utawa perangane pidhato yaiku ...

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Kesimpulan

4.

Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato

a)

pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

dudutan

5.

Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ....

a)

ukara

b)

dudutan

c)

cengkorongan

d)

gagasan baku

6.

Yen arep pidhato, becike gawe ....

a)

cengkorongan

b)

gagasan baku

c)

naskah pidato

d)

struktur teks pidhato

7.

Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ....

a)

Pidhato kenegaraan karo pidhato perpisahan

b)

Pidahto ing sekolahan karo pidhato manten

c)

Pidhato pengetan Hardiknas karo pidhato presiden

d)

Pidhato resmi karo pidhato ora resmi

8.

Ing ngisor iki sing kalebu ciri-cirine pidhato resmi yaiku ....

a)

digunakake ing pidhato ulang tahun

b)

migunakake tembung baku

c)

ukarane karep ora baku

d)

kanggo menehi hiburan marang audience/ pendengar

9.

Ing ngisor iki sing kalebu contoh pidato ora resmi yaiku ....

a)

Pidhato kenegaraan

b)

Pidhato Hardiknas

c)

Pidhato Manten

d)

Pidhato Perpisahan

10.

Perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup kalebu peragane ... pidhato

a)

pambuka

b)

isi

c)

penutup

d)

gagasan baku

11.

Sanajan dadi wirausaha sukses, Bu Asri Handaya uripe tansah prasaja lan ramah marang sapadha-padha. Nggateake banget marang nasibe karyawane. Usaha konveksi sing lagi dikembangake. Saiki duwe karyawan cacahe ana 15 wong. Omzet saben wulan rata-rata wolungatus yuta rupaiah.

Manut wacan ing dhuwur, usaha sing lagi dikembangake Bu Asti Handayani yaiku ....

a)

katering

b)

pertokoan

c)

konsultan

d)

konveksi

12.

Tembung konveksi ing paragraf ndhuwur tegese ....

a)

usaha njahit pakaian

b)

distributor pakaian

c)

dodolan pakaian

d)

toko pakaian

13.

Ukara ing ngisor iki sing mathuk kanggo perangane pambuka pidhato yaiku ....

a)

Assalamualaiakum wr.wb, mengeti dinten Pendidikan Nasional menika ateges kita ngemut-emut lelabetipun Ki Hajar Dewantara....

b)

Langkung rumiyin, mangga kula lan panjenengan sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring...

c)

Mangga kita sedaya niru lan nglajengaken perjuwanganipun Ki Hajar Dewantara...

d)

Kejawi saking menika, bilih kemajenganipun negari menika namung gumantung saking kemajenganipun pendidikan...

14.

Ing ngisor iki sing mathuk kanggo perangane panutup pidhato yaiku ....

a)

Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, sumangga kita ngaturaken piji syukur ....

b)

Kula mingaka wakilipun rencang-rencang klas enem ingkang nembe mentas ....

c)

Kawula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun paring bimbingan lan panggulawenthah ...

d)

Wasana cekap semanten, menawi wonten kalepatan anggen kula matur, kawula nyuwun samodra pangaksami

15.

Sampun kalih dinten Bu Ratih mboten ngintun jajan.

Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko sing bener yaiku ....

a)

Wis rong dinten Bu Ratih ora ngintun jajan

b)

Wis rong dino Bu Ratih ora ngirim jajan

c)

Wis sedina Bu Ratih ora ngirim jajan

d)

Wis telung dina Bu Ratih ora ngirim jajan