wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN HARIAN BASA JAWA KELAS 8

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Iklan sing gunakake medhia elektronik kajaba...

a)

Radhio

b)

Majalah

c)

TV

d)

Internet

2.

Tuladha saka iklan komersial kajaba..

a)

Panganan

b)

Obat

c)

Nyegah Banjir

d)

Klambi

3.

Iklan layanan masyarakat tujuane yaiku kanggo kepentingan .....

a)

toko

b)

perusahaan

c)

pribadi

d)

sosial

4.

Salah sawijine fungsi saka iklan yaiku...

a)

Iklan layanan masyarakat

b)

Iklan komersial

c)

Iklan Informatif

d)

Headline

5.

Basa sing digunakake sajrone iklan kudu ndweni sipat sugestif. Sugestif tegese…

a)

tembung-tembunge jelas, cekak aos, lan ora mbulet.

b)

basa sing digunakake gampang dimangerteni dening pamiarsa.

c)

basa sing digunakake bisa ndayani pangrasane wong sing krungu utawa maca dadi kesengsem marang barang sing diiklanake.

d)

rakitan ukarane iklan bisa ngowahi panemune wong kang krungu utawa maca saengga dadi percaya marang barang sing diiklanake.

6.

Ing ngisor iki perangan struktur teks iklan, kejaba….

a)

Headline

b)

Amplifikasi

c)

Productshot

d)

Caption

7.

Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:…

a)

iklan komersial, iklan layanan masyarakat, iklan non komersial

b)

 iklan above the line, iklan below the line, iklan top the line

c)

iklan informatif, iklan layanan masyarakat, iklan reminder

d)

iklan reminder, iklan persuasif, iklan informatif

8.

Iklan sing apik kudu bisa netepi limang prakara, salah sawijine yaiku desire. Desire yaiku….

a)

iklan kudu apik lan narik kawigatene masyarakat.

b)

iklan kudu bisa agawe kesengsem konsumen.

c)

iklan bisa nuwuhake pepinginan konsumen enggal nduweni.

d)

iklan bisa nuwuhake rasa percaya diri konsumen sawise migunakake barang utawa jasa sing diiklanake.

9.

Gambar utawa brand sing ditawarake ing teks iklan diarani...

a)

Headline

b)

Tagline

c)

Amplifikasi

d)

Productshot

10.

Slogan kang nudhuhake kualitas lan keunggulan produk ing salah sawijine iklan diarani...

a)

Headline

b)

Tagline

c)

Productshot

d)

Amplifikasi

11.

. Perangan layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra lan sapanunggalane yaiku ….

a)

Titimangsa

b)

Adangiyah

c)

Bebuka

d)

Peprenah

12.

Gatekna pranyatan iki!

1.  kabar kesripahan

2.  kertas sakecandhake

3.  ana tembung innalilahi wainalilahi rojiun

4.  isine saperlune

5.  isine diweruhi wong akeh

Saka daftar kasebut, sing nuduhake titikan layang lelayu yaiku nomer ...

a)

1 lan 3

b)

2 lan 3

c)

2 lan 4

d)

4 lan 5

13.

Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentu atur kula nyuwun agunge pangapunten. Cuplikan layang kasebut manggon ing perangan....

a)

Adangiyah

b)

Bebuka

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

14.

Gatekna jinise layang iki!

(1)     layang kitir

(2)     layang paturan

(3)     layang dhawuh

(4)     layang ulem

(5)     layang lelayu

(6)     layang ganep

Angka 1-6 kasebut mujudake jinis-jinise layang. Layang kasebut sing klebu layang non resmi yaiku nomer ….

a)

(1), (2), (3)

b)

(1), (4), (5)

c)

(3), (4), (6)

d)

(3), (5), (6)

15.

Gatekna data iki!

1)      Nduweni kop surat

2)      Ora nganggo amplop

3)      Ana jeneng instansi

4)      Isine kabar kesripahan Adhedhasar            data     kasebut,                       sing kalebu       titikan      (ciri-ciri)    layang resmi, yaiku …

a)

(1), (2)

b)

 (1), (3)

c)

(2), (3)

d)

(3), (4)

16.

Urut-urutane struktur teks layang pribadi sing bener yaiku …

a)

Pambuka, adangiyah, titimangsa, surasa basa, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang

b)

Titi mangsa, adangiyah, surasa basa, pambuka, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang

c)

Adangiyah, titimangsa, pambuka, surasa basa, wasana basa, peprenah, asma terang, tapak asma

d)

Titimangsa, adangiyah, pambuka, surasa basa, wasana basa, peprenah, tapak asma, asma terang

17.

Perangan layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani ….

a)

adangiyah

b)

purwaka

c)

titi mangsa

d)

surasa basa

18.

Kang kalebu tuladhane purwaka basa ing layang yaiku ...

a)

Kanggo Bapak ing Jepara

b)

Karepku nulis layang iki arep ngajak dolan

c)

Cekap semene layang saka aku

d)

Kepriye kabarmu? Muga apik-apik wae.

19.

Kang kalebu tuladhane wasana basa ing layang yaiku ...

a)

Karepku nulis layang iki arep ngajak dolan.

b)

Kanggo Bapak ing Jepara

c)

Cekap semene layang saka aku.

d)

Kepriye kabarmu? Muga apik-apik wae.

20.

Isine purwaka basa yaiku…

a)

alamat layang kang dituju

b)

puji sukur, takon kabar

c)

maksude nulis layang

d)

jaluk pangapura lan atur panuwun