WorksheetsBahasa Jawa 1
Total questions: 33
Worksheet time: 17mins
Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
bapak pucung
endi elor endi kidul
laku tapa brata
mung kepingin bisa malih
dadi kupu si pucung wedaring tapa
badhekane..
uler
ula
kodok
unta
bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
yen lumaku si pucung ngumbar swara
badhekane..
gajah
watu
sepur
montor
Cangkriman gambar iki yaiku..
sega sakkepel dirubung laler
gajah nguntal sangkrah
pitik walik saba kebon
pitik walik saba amben
Ceblok mengisor, sing di golek i mendhuwur
batangane...
andha
prau bocor
benik klambi
gentheng bocor
pakbo letus kalebu cangkriman...
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
sega sak kepel dirubung tinggi, batangane...
nanas
salak
andha
menthe
Segara beldhes, bathangane..
segane pera sambele pedhes
segane pera jangane kathes
ana iwak ana kathes
sega iwak bedhes
Dicakot bongkote sing kalong pucuke, bathangane...
andha
rokok
celana
gentheng
Urang Sapikul matane pira..
8
6
5
4
Bapak Pucung.
Amung sirah lawan gembung.
Padha dikunjara.
Mati sajroning ngaurip.
Mijil baka.
Si pucung dadi dahana.
bathangane..
sepur
montor miber
penthol korek
gajah
Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran
bathangane...
Ketok ndobose.
Lampu toko sing lagi tutup.
wong ngunduh kambil.
wong ngamuk
Gerbong lengyu...
alas kobong celeng mlayu
alas bolong, celeng mlayu
alas kobong celeng mlaku
alas kobong kuceng mlayu
Tembang Pangkur sapada ana … gatra.
6
7
8
9
Watake tembang macapat: Mijil
sumanak, sumadulur
kereng, nepsu
gregetan, kendho
tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
Gatekna geguritan iki!
Bocah sekolah iku
Wajibe kudu sregep sinau
Mituhu wong tuwa lan manembah Gusti
Bakal seneng urip iki
Gegayuhan mesthi klakon.
Isi geguritan ing dhuwur yaiku bocah sekolah iku gegayuhane bakal klakon yen ....
sregep sinau, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
bakal urip seneng, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
sregep sinau, bakal urip seneng, lan mituhu wong tuwa
bakal urip seneng , manembah marang Gusti, lan wong tuwa
Wacanen kang patitis!
Prabu Yudhistira iku ratu ing negara Ngamarta. Garwane asma Dewi Drupadi.
Yudhistira ratu kang jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Sajrone dadi ratu, Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane. Mula negarane gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Isi wacan ing dhuwur yaiku ….
Prabu Yudhistira iku ratu kang jujur lan ora seneng ngalah, tansah tumindak adil, lan ngutamakake kapentingane kawulane
Prabu Yudhistira ratu ing Ngamarta watake luhur tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane
Ngamarta negara gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Negara kondhang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Wacane ....
Adik dolanan boneka
Bapak tindak kantor
Aku lunga sekolah
Ibu tindak peken
Prabu Dewatacengkar ratu ing Medhangkamulan sing wengis lan seneng mangan daging wong. Mula kawulane padha ngungsi, wedi yen dadi pangane ratune. Ajisaka trenyuh atine banjur sabiyantu kawula Medhangkamulan. Ajisaka madhep marang Dewatacengkar menawa dheweke gelem dadi dhaharane, nanging njaluk syarat. Ajisaka njaluk lemah saambene ikete, lan Dewatacengkar nyaguhi. Bareng iket dibukak, Dewatacengkar kang nyeneng iket nganti tekan segara kidul. Ajisaka nyendhalake ikete njalari Dewatacengkar kecemplung segara lan malih dadi baya putih. Wiwit wektu kuwi Ajisaka dadi ratu ing Medhangkamulan lan kawulane urip ayem tentrem.
Dudutan utawa simpulan crita ing dhuwur yaiku ….
Ajisaka sing wengis lan seneng mangan daging wong.
Ajisaka wani marang Prabu Dewatacengkar.
Ajisaka mbiyantu rakyat Medhangkamulan.
Ajisaka dadi kawulane Prabu Dewatacengkar.
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Isi tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ....
pocapan kang trep bisa njalari cilaka
pocapan kang ora trep bisa njalari cilaka
solah bawa kang ora trep bisa njalari urip mulya
solah bawa kang trep bisa njalari nelangsa
Bima Bungkus
Raden Werkudara utawi Bima kagungan asma kathah sanget, kadosta: Bratasena, Balawa, Birawa, Bayusuta, lan Jagal Abilawa. Raden Werkudara punika putranipun Dewi Kunthi kaliyan Prabu Pandudewanata. Nalika miyos, Werkudara utawi Bima punika awujud bungkus. Badanipun kabungkus “selaput” kang mboten saged dipun suwek ngagem gaman punapa kemawon. Babagan punika ndadosaken Dewi Kunthi lan Prabu Pandudewanata manahipun mboten sekeca. Lajeng Begawan Abiyasa kaliyan Pandu mbucal bayi bungkus wonten ing tengah wana Krendhawahana.
Isine crita ing dhuwur yaiku ….
Raden Werkudara utawa Bima kagungan asma akeh banget, kayata: Bratasena lan Jagal Abilawa.
Raden Werkudara iku putra nomer loro saka Dewi Kunthi karo Prabu Pandudewanata.
Bima putrane Prabu Pandudewanata nalika lair awujud bungkus dibuwang ing tengah alas Krendhawahana.
Begawan Abiyasa karo Prabu Pandu mbuwang bayi bungkus ing tengah Alas Krendawahana.
1. Wosipun sumpah saha prasetya punika dipunwarisaken dhumateng putra wayah lan mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.
2. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak lan Ibu Guru saha sedaya para rawuh ingkang kula mulyaaken. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah Ingkang Mahaagung ingkang tansah paring nikmat dhumateng kula lan panjenengan sami.
3. Cekap semanten ingkang saget kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggen kula matur, nyuwun agunging samudra pangaksama.
4. Mbok bilih ing tanggal 28 Oktober menika Bangsa Indonesia mengeti Dinten Sumpah Pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan ingkang nedahaken, dhateng kita sedaya bilih Bangsa Indonesia nggadhahi gegayuhan ingkang makantar-kantar.
Urutane supaya dadi pidhato kang trep yaiku ….
2 – 1 – 4 – 3
2 – 1 – 3 – 4
2 – 4 – 1 – 3
2 – 4 – 3 – 1
Tembang Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Ukara kang kacithak miring iku tegese ….
diudi sapa wae
digawe sapa wae
diudi awan lan bengi
dilakoni awan bengi
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Pinangka wakilipun kanca-kanca, kula ugi nyuwun pangapunten menawi anggen jula matur kathah klenta-klentu lan lepatipun. Nuwun.
Pethilan teks sesorah ing dhuwur iku perangan ....
isi
pambuka
panutup
salam panutup
Bapak Kepala Sekolah, Saha Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, Bapak/ Ibu tiyang sepuh murid ingkang kula bekteni, ugi para kanca ingkang kula tresnani, … ingkang paring nikmat dhumateng kita saengga saged makempal ing papan pepisahan kelas 6 dinten punika.
Ukara sing trep kanggo ngganepi teks sesorah ing dhuwur yaiku ….
Sumangga kula dherekaken kondur dhateng dalem.
Sumangga kita tansah ngabekti dhumateng ibu pertiwi.
Sumangga kita munjukaken syukur dhumateng Gusti.
Sumangga kita sami-sami nyuwun idi pangestu.
Mbok bilih ing tanggal 28 Oktober menika Bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken, dateng kita sedaya bilih Bangsa Indonesia nggadhahi semangat juang ingkang inggil.
Wosipun sumpah saha prasetya menika kula lan panjenengan sedaya gadhah tanggel jawab angajak dhumateng putra wayah supados mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja. Kita minangka siswa nggadhahi kawajiban supados mempeng anggenipun sinau.
Isine perangan sesorah ing dhuwur yaiku ….
pengetan dinten Sumpah Pemuda, siswa nggadhahi kewajiban supados mempeng anggenipun sinau
pengetan Kamardikan dipun warisaken putra wayah mujudake kamardikan
gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi
kita Bangsa Indonesia nggadhahi semangat juang ingkang inggil
Ingkang kalebet tembang dolanan inggih menika ......
Gugur gunung
Pucung
Anoman Obong
Gundhul-Gundhul pacul
Tembang macapat menika cacahipun wonten.......
10
11
12
13
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Gong
Dak deleng gong gumantung ing gayor
ana sing cilik ana sing gedhe
endah di sawang kepenak ditungu
Kabeh nunggu giliran ditabuh
Ora ana sing meri drengki
Ora ana sing cupet budine
Ora ana sing rumangsa dikuwalonake
Tembung kang kacetak kandel ana ing dhuwur tegese ....
gamelan kang dithuthuk
panggonan kanggo nyelehake gamelan
alat kanggo nyantholake gong
alat kanggo ngiringi tembang
Gong
Dak deleng gong gumantung ing gayor
ana sing cilik ana sing gedhe
endah di sawang kepenak ditungu
Kabeh nunggu giliran ditabuh
Ora ana sing meri drengki
Ora ana sing cupet budine
Ora ana sing rumangsa dikuwalonake
Tembung cupet budine ing geguritan iku tegese ....
Seneng banget
Susah atine
Atine rumangsa tentrem
Ora bisa tumindak becik
Bagus : “Sugeng siyang, Pak Ali!”
Pak Ali : “0, iya nak! Apa wis bali sekolah iki?”
Bagus : ”Dereng, Pak!”
Pak Ali : “Lho, durung bali kok dolan menyang sawah? Apa ora digoleki Bu Guru?”
Bagus : “Boten, Pak! Kula..……… Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun
nanem sekar mawar dhateng Bapak.”
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Dikongkon
Didukani
Dipundhawuhi
Digoleki
