wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal PSBK Bahasa Jawa

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna geguritan ing ngisor iki !

 

Egrang Rong Pasang

 

Lima sakanca padha kumpul

Dolanan egrang ing latar omahku

Egrangku ana rong pasang

Kukuh bakuh siap balapan

Siji loro telu…

Bocah loro napak egrang padha mlayu

Ana sing rikatana sing tiba

Sing nonton padha sorakg irang

 

Ide pokok kang arep diwedharake pengarang ing paragrafloro ing dhuwur yaiku ....

a)

Dolanan egrang

b)

Balapan egrang

c)

Gawe egrang

d)

Nonton egrang

2.

Simbah ngendika supaya aku sregep nyambut gawe kareben mulya uripku.

Ukara cerita ing ndhuwur yen diowahi dadi ukara kandha sing bener yaiku...

a)

Simbah ngendika, “Aku sregep nyambut gawe kareben uripku mulya.”

b)

Simbah ngendika, “Aku sregep nyambut gawe kareben uripku mulya.”

c)

Simbah ngendika, “Kowe kudu sregep nyambut gawe kareben uripmu mulya.”

d)

Simbah ngendika, “Kowe kudu sregep nyambut gawe kareben uripku mulya.”

3.

Lembusura

 

Dekjaman kerajaan Majapahit anak raja Majapahit kagungan putri ayu kang Aran Dyah Ayu Pusparani, akeh nom-noman kepingin dadi garwane putri mau.Banjur bopo sang putri nganakake sayembara. Sopo bias menthang Kyai Gandhayeksi lan ngangkat Kyai Sekar  delima bakal dadi garwane sang putri. Busana ora ana nom-noman kang bias mungkasi sayembara iku.Kang bias mungkasi gawe yaiku nom-noman asirah sapi kang aran Raden lembusura. Sang putri rumangsa isin bakal dadi garwane Raden Lembusura. Wusana sang putri ngajukake syarat supaya Lembusura nggawe sumur ing puncak Gunung Kelud. Raden lembuSura karo bopone sang putri di pendhem jero sumur mau. Lembusura nesu lan nyedakake sopo wae sing manggon ing plataran Gunung Kelud sabensawindu pisan bakalnemoni bebaya.

Paraga utama cuplikan carita ing ndhuwur yaiku....

a)

Kyai Sekardelima

b)

Kyai Gandhayeksi

c)

Lembusura

d)

Dyah Ayu Pusparani

4.

Minggu kepungkur, aku preinan menyang Taman Tirta. Swasana nyenengake banget. Sayange, ana prekara sing nggawe kita ora kepenak. Sampah ing tlatah Taman Tirta kasebar. Pranyata, fasilitas tong sampah sithik banget nganti ora cukup kanggo nampung sampah pengunjung.

Kesimpulane paragraf ing dhuwur yaiku....

a)

Suasana Taman Tirta nyenengake banget

b)

Sampah ing Taman Tirta kasebar amarga ora ana tong sampah

c)

Taman Tirta minangka papan rekreasi sing nyenengake banget sanajan akeh sampah amarga sithik tong sampah ing tlatah kasebut

d)

Ing Taman Tirta arang banget tong sampah, sing ndadekake ora kepenak

5.

1.     Gatekna tembang dolanan ing ngisoriki!

1. Jamuran      3. Kupu Kuwi              5.Gambuh

2. Pocung        4. Gajah-gajah

Tembang sing bener dituduhake kanthi nomer....

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 3 lan 4

c)

2, 4 lan 5

d)

3, 4 lan 5

6.

Yen diwaca dadi....

a)

Budi

b)

Mulih

c)

Muni

d)

Putih

7.

Gatekna dialog ingngisoriki!

Bu Eti: "Nduk Tugas matematika apa wis (1) tulis ing buku?"

Rani: "Sampun Bu Eti, menika menapa siyos ditumpuk dinten niki?”

Bu Eti: "Iya, Nduk, nanging ibu (2) isa ngoreksi dina iki."

Rani: "Wonten menapa, Bu?"

Bu Eti: "Ibu dina iki ana jadwal rapat neng kantor Diknas, dadi ibu nyuwun tulung tugase kanca-kancamu (3) kumpulne ning nduwur mejane ibu."

Rani: "Oh, inggih, Bu."

Ater-ater tri purusa (dak, kok, di) kang cocok kanggo jangkepi dialog ing dhuwur yaiku….

a)

Koktulis, di isa, dakkumpulne

b)

Ditulis, kokisa, dakkumpulne

c)

Koktulis, dakisa, dikumpulne

d)

Daktulis, kokisa, dikumpulne

8.

Pelikan sing Mangan Iwak

Pelikan bisa ditemokake meh ing saindenging jagad kanthi iklim sing anget. Wulu manuk iki putih.Biasane manggon ing cedhak sumber banyu.Padha uga dikenal minangka jenis manuk banyu. Pelikan seneng mangan iwak.Sikile jaring kaya bebek. Wangun sikil ndadekake luwih gampang kanggo pindhahing banyu.Nalika nglangi, dheweke tansah ngubengi iwak sing bakal dicekel

Ana pitung spesies pelikan sing ditemokake ing donya. Saka pitung spesies pelikan, meh kabeh putih lan urip ing banyu seger. Mung pelican coklat sing manggon ing cedhak segara. Pelecanusconspicilatus yaiku pelikan sing tinemu ing Indonésia Australia. Jinis pelikan iki nduweni wulu putih lan cucuk kuning. Sanajan asring ana ing banyu, pelikan bisa mabur kanthi apik. Yen dibandhingake karo manuk liyane, swiwine pelikan paling alon.

Pernyataan kang matu miturut isi paragraph loro yaiku....

a)

Pelikan iku kéwan endemik sing uriping benua Asia.

b)

Pelikan kang uriping Indonesia nduweni cucuk kuning.

c)

Pelikan bias mabur kanthi cepet kaya spesies manuk liyane.

d)

Pelikan sing manggoning  Australia duwe wulu coklat.

9.

Televisi swastasa nsaya jamur tegese luwih gampang kanggo kita nikmati hiburan. Iki ngendikita kudu ati-atiing milih program tengen kanggo seneng.

Wong tuwauga kudu nggatekake anak-anake anggone milih acara televise kanthi njlentrehake endi sing apik lan sing endi sing ora apik kanggo ditonton.

Tanggapan miturut isi paragraph kasebut yaiku....

a)

Televisi swastasa nsaya jamur lan gampang dinikmati.

b)

Wong tuwa kudu ngarahake anak milih acara televisi.

c)

Program televise swasta maneka warna lan pas kanggo dinikmati.

d)

Wong tuwa kudu ngati-ati.

10.

Pengelola objek wisata Grojogan Sewu, Tawangmangu, Karanganyar, nganakake simulasi operasional terbatas obyek wisata tanpa nglibatake pengunjung, Minggu (5/9/2021). Simulasi iki ditindakake minangka upaya kanggo entuk ijin operasional saka Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Jawa Tengah.

Menapa pengelola objek wisata Grojogan Sewu ngawontenaken simulasi winates babagan pengoperasian objek wisata?....

a)

Supaya ekonomi masyarakat mundhak maneh.

b)

Supaya entuk ijin operasional saka Badan Konservasi Sumber Daya Alam.

c)

Supaya obyek wisata Grojogan Sewu iki luwih dikenal masyarakat.

d)

Supaya pengunjung ing objek wisata Grojogan Sewu mundhak.

11.

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing dusun timur, desa Jalmak kecamatan kota Sampang, Jawa wetan. Bencana mau ngobrak-ngabrik tanduran para tani nganti bosah-basih. Ukara kang ora cocok karo wacan ing samping yaiku....

a)

Ana kedadean banjir lan udan

b)

Paa tani panen pari

c)

Banjir lan udan ana desa Jalmak

d)

Bencana ngobrak - ngabrik sawahe para tani

12.

Raden werkudara salah sawijining putra Pandhawa saka Prabu Pandu lan ibu Kunthi. Werkudara satriya kang gagah prakosa ngugemi bab becik lan numpas angkara murka.

Gagah prakosa kalebu tembung saroja. Tembung saroja yaiku....

a)

Tembung loro sing padha tegese

b)

Tembung sing ora padha tegese

c)

Tembung sing ora penak dirungokake

d)

Tembung sing ana tegese

13.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Sing disaba si pocungmung turut kutha,

Tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat sing arane....

a)

Mijil

b)

Kinanti

c)

Pucung

d)

Megatruh

14.

Minggu bengi aku dolan nonton wayang ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Galindra, Yosep, Anggi, lan Edy. Wayang lekas jam sepuluh wengi. Rampung jam papat isuk. Kesel ora tak rasakke pokok seneng iso nonton kabudayan Jawa.

Teks ing dhuwur kalebu teks narasi, salah sijining ciri-ciri teks narasi yaiku ....

a)

Menehi gambaran samubarang marang sing maca

b)

Njlentrehake saweneh bab kanthi cetha

c)

Njlentrehke bab kanthi bukti-bukti sing kuat

d)

Nerangke saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas

15.

Untune .... dasar rupane putih yen mesem katon manis.

Basa rinengga sing cocok kanggo jangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku....

a)

Miji Timun

b)

Pesek

c)

Nonong

d)

Cebol

16.

Ing pagelaran wayang kulit ana piranthi-piranthi kang digawe. Kelir, blencong, gedebog, lan gamelan.

Piranthi sing gunane kanggo nancepake wayang yaiku....

a)

Kelir

b)

Blencong

c)

Gedebog

d)

Gamelan

17.

Aksara Jawa ing ndhuwur yen diowahi dadi aksara latin unine…

a)

Tuku Salak

b)

Kulak duku

c)

Adus kali

d)

Ngombe kopr

18.

Ing negara Ngalengka kang jumeneng nata jejuluk Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan adhi cacahe telu, adhine cer awujud raseksa kang sesilih Raden Kumbakarna. Adhine maneh awujud, raseksi sesilih sarpakenaka. Dene sing ragil sesilih Raden Gunawan Wibisana. Prabu Dasamuka lan Raden Kumbakarna duweni watak kang beda banget. Prabu Dasamuka ashor bebudene adigang, adigung, adiguna. Raden Kumbakarna duweni bebuden luhur tresna marang nusa lan bangsane.

Ukara sing cocok karo wacan ing nduwur yaiku....

a)

Adhine Prabu Dasamuka ana loro

b)

Prabu Dasamuka bebudene luhur

c)

Dulur ragil asmane Raden Gunawan Wibisana

d)

Kumbakarna adigang, adigung, adiguna

19.

Apan kaya mangkono watek kaneki,

Sanadyan wong tuwa,

Sing duwe watek kang becik,

Miwah tindak kang prayoga

Tembang macapat ing ndhuwur arane....

a)

Pucung

b)

Kinanti

c)

Dhandhangula

d)

Maskumambang

20.

Wacanen kang patitis tembang ing ngisor iki

Mingkar-mingkuring angkara 

     Akrana karenan mardi siwi    

Sinawung resmining kidung   

Sinuba sinukarta                    

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa 

Agama ageing aji                   

Guru wilangan lan guru lagune tembang ing ndhuwur….

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

7a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 10i, 7u, 8a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

21.

Raden Ngabehi Ranggawarsita kang asma timure Bagus Burhan, iku tedhak turune Sultan Hadiwijaya saka Pajang. Kanjeng ibune tedhak turune Sultan Trenggana, sultan kang nate jumeneng nata ing kraton Demak Bintara. Dadi Raden Ngabehi Ranggawarsita pancen trahing kusuma, rembesing madu. Eyang buyute kang ajejuluk Yasadipura I, kuwi uga mujudake pujangga Surakarta kang kawentar.

Tokoh ing sajroning wacan ing ndhuwur yaiku….

a)

Sultan Hadiwijaya

b)

Sultan Trenggana

c)

Raden Ngabehi Ranggawarsita

d)

Yasdipura

22.

Saben dina sakbubare sholat subuh, kahanan isih peteng ndhedhet Bima wis budhal menyang warung-warung saperlu ngeterake dadar gulung. Bima pancen sregep mbiyantu ibune. Olehe mancal sepedha onthele kanthi sengkut supaya sekolahe mengko ora telat.

        Tembung dadar gulung ana teks ing ndhuwur tegese….

a)

Endok

b)

Arane panganan

c)

Klasa

d)

Dagangan

23.

Pasangna gambar ing kolom sisih kiwa karo aksara Jawa ing kolom sisih tengen kanthi bener!

Pasangan gambar ing kolom sisih kiwa karo aksara Jawa ing sisih tengen kang bener yaiku….

a)

1-A

b)

2-B

c)

3-C

d)

4-D

24.

Kakung Yusup            : Le... bapakmu kok ora ketok pirang-pirang dina iki menyang ndi wae?

Putu Edo             : Dalem kung, bapak sakmenika nembe ngunjuk obat amargi ......, dados

                               bapak sare wonten kamar.

Kakung Yusup     : Bapakmu umur pira to ed?

Putu Edo             : Bapak menika yuswa 50 kung

Kakung Yusup     : Berarti bapakmu lahire taun pira?

Putu Edo             : Cobi kula itunge rumiyin kung

Ukara kanggo jangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku.…

a)

Gerah waja

b)

Tindak peken

c)

Nyambut damel

d)

Dateng sabin

25.

Kakung Yusup            : Le... bapakmu kok ora ketok pirang-pirang dina iki menyang ndi wae?

Putu Edo             : Dalem kung, bapak sakmenika nembe ngunjuk obat amargi ......, dados

                               bapak sare wonten kamar.

Kakung Yusup     : Bapakmu umur pira to ed?

Putu Edo             : Bapak menika yuswa 50 kung

Kakung Yusup     : Berarti bapakmu lahire taun pira?

Putu Edo             : Cobi kula itunge rumiyin kung

Yen saiki tahun 2023 bapake Edo lahir ana tahun....

a)

1963

b)

1983

c)

1972

d)

1973

26.

Teks 1

Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diaral saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun-alun Pati. Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sakniki kang arep luntur.

Teks 2

Karang taruna desa Mergudadi Kabupaten Kediri angger sesasi pisan ngadakake sambatan ngeresiki desa utawa kerja bakti. Tujuan Kerja bakti iki di adakake yaiku kanggo ngeresiki kalen kang rusoh lan dalan sing akeh sukete. Acara iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018.

Bedane teks 1 karo teks 2 ana ing....

a)

Panggon acara

b)

Tanggal acara

c)

Pengetan dina kesaktian Pancasila

d)

Tahun acara dienekake

27.

Tembang pangkur ing ngisor iki wacanen kang teliti!

Mingkar-mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji.

Isi tembang pangkur ing ndhuwur yaiku….

a)

Kudu milih lan nggunakake tembung-tembung sing ora sopan nalika ndhidhik bocah

b)

Kudu nggedebug perangan awak nalika ndidik bocah

c)

Kudi milih lan nggunakake tembung kasar nalika ndidik bocah

d)

Kudu milih lan nggunakake tembung - tembung sing wicaksana sajrone ndidik bocah

28.

Pancen bener tumrape wong tuwa ana unen-unen anak polah bapa kepradhah.

Tembung sing dicitak miring iku diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

29.

Lawa lima kalong telu dadi pira....

a)

loro

b)

wolu

c)

seket telu

d)

telu lima

30.

Tegese paribasan nututi layangan pedhot yaiku....

a)

Nindakake pakaryan kang angel kelakone

b)

Nindakake pakaryan kang gampang kelakone

c)

Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane 

d)

Nindakake pakaryan kang gampang angel pleh-olehane

31.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung.

Sangkamuing Plembang.

Ngoningone sang Bupati

Yen Lumampah si pucung lembehan grana.

Batangane tembang pocung ing ndhuwur yaiku....

a)

Sepur

b)

Sabuk

c)

Gajah

d)

Kapal Mabur

32.

Dina minggu aku lan bapak menyang tegalan, ing tegalan okeh tanduran woh-wohan. Salah sijine yaiku sega sakepel dirubung tinggi. Wohe gembel banget lan legi rasane.

Tegese cangkriman sega sakepel dirubung tinggi yaiku....

a)

Semangka

b)

Salak

c)

Rambutan

d)

Nanas

33.

Teks pidhato ing ngisor iki wacanen kang patitis!

……………………………………………………

Para bapak ibu serta secara sedaya ingkang kinurmatan. Ten dalem dinten ingkang dan iki monggo kito sareng-sareng ngaturaken raos syukur dumateng gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan rahmat sahinggo ing wekdal punika kita sedaya saged kempal ten mriki panggenan perlu ngengeti pendidikan nasional.

Sangat perlu kito sedoyo sumerapi pemerintah kita bangsa indonesia dan dalam kitab ipun undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedoyo wargo milahi umur pitung tahun.

Uga meniko kito sumerap ing dalam agama kita Islam ingkang sampun lami ngantos pinten pinten 4 meniko. Sangat perlu kita sedaya sumerapi pemerintah bangsa indonesia dan dalam kitab ipun UUD 1945 sampun wonten program wajib belajar 9 tahun.

Isian kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku....

a)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

b)

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

c)

Cekap mekaten anggenipun kula paring atur dhumateng panjengan

d)

Puji syukur dumateng gusti ingkang maha asih

34.

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nuwun bapak utawi ibu kepala sekolah ingkang Kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru Saha karyawan ingkang kinurmatan. Rencang kelas ingkang kulo tresnani lan kulo banggaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang maha agung.

Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat sehingga ing dalem puniko Kito saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 7 gunging panuwun tanpa upami kangen bapak lan ibu guru Sedaya.

Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kulo lan konco konco saengga kulo lan konco konco saged ngrampungake kewajiban ing pawiyatan punika. Kula kalian konco konco naming saget memuji, supados Sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa.

Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ukara kang kacithak kandel ing ndhuwur kalebu....

a)

Isi

b)

Pambuka

c)

Salam

d)

Penutup

35.

Pidato 1

Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat sehingga ing dalem puniko Kito saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 7 gunging panuwun tanpa upami kangen bapak lan ibu guru Sedaya.

Pidato 2

Awit ing wektu iki kito taksih diparingi sehat sehingga ing dalem punika kita saget kempal ing sekolah mriki kanthi keadaan sehat.

Basa pidato resmi ana ing nomer....

a)

1

b)

2

c)

jawaban 1 lan 2 salah kabeh

d)

jawaban 1 lan 2 bener kabeh

Similar Resources on Wayground