Font size
Worksheetsbahasa jawa 6th
Total questions: 50
Worksheet time: 31mins
Tahu lan tempe ngandhung zat gizi kang arane ....
vitamin
protein
mineral
karbohidrat
Rina ...Bu Guru nabung
didhawuhi
dikongkon
dipeksa
ditimbali
Maskumambang, Pucung, Mijil, Sinom iku kalebu tembang ....
dolanan
gedhe
parikan
macapat
Pak Lik aturana ... wedang kopi
ngombe
dhahar
maem
ngunjuk
ing ngisor iki sing jenenge Gong yaiku ....
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
R. Tantingingsih
Pahlawan
Pahlawanku
Karajang
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
diparingi hadiah bapak ngucapake ... .
matur nuwun
kula nuwun
tindak pundi
geguritan yaiku...
puisi basa jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag lawas (kuno) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
ukara ing teks pachelaton yaiku...
dawa boseni
cekak aos
ngelantur
cekak banget
Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .
sugeng dalu
sugeng enjing
sugeng siang
sugeng selamet
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
ANA PIRO CACAHE SANDANGAN?
2
4
3
KANGGO SANDHANGAN APA SUPAYA MUNI U?
SUKU
WULU
TALING TARUNG
Desi ora seneng mangan Sate.
Ukara kasebut nganggo basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa krama alus/inggil dinggo dening....
kanca sapdha
wong tuwa marang anake
guru marang muride
anak marang wong tuwa
Desi ora seneng mangan Sate.
Ukara kasebut nganggo basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Basa krama alus/inggil dinggo dening....
kanca sapdha
wong tuwa marang anake
guru marang muride
anak marang wong tuwa
Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...
aku arep lunga mancing
kowe wis adus apa durung
bapak tindak semarang nitih kereta
anita lagi mangan sate
Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....
ngunjuk
ngombe
mangan
dhahar
Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....
anak marang wong tuwa
wong kang lagi tetepungan anyar
murid marang guru
wong kang wis pada tetepungan kanthi raket
Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....
kesah
lunga
tindak
pergi
Mas Rudi arep siram siki apa engko?
Ukara kasebut migunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kondur basa ngokone yaiku ....
mulih
wangsul
kondur
tindak
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....
bapak sampun tindak datheng Yogyakarta
kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?
pak iwan saiki wis rawuh apa durung?
irma ora mlebu sekolah jalaran lara.
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
Cacahe gatra saben sa pada diarani .........
guru wilangan
guru gatra
guru saka
guru lagu
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
macapat
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Ukara kasebut diwaca
Krateg salareja
Kreteg selareja
Kreteg selorejo
Krateg soloreja
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
Guru gatra yaiku......
cacahing ukara (kalimat) saben bait
cacahing suku kata saben kalimat
suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)
Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....
1
2
3
4
Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen sing ajeg panganggone, ora nganggo jejer, ora nganggo gegambaran, lan tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
ula marani gepuk
gajah nguntal slangkrah
Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....
jer basuki mawa beya
kriwikan dadi grojogan
anak polah bapa kepradah
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....
bathok bolu isi madu
gupak pulut ora melu mangan nangkane
ana gula ana semut
sepi ing pamrih rame ing gawe
Ula marani gepuk, tegese yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora bisa rukun
njarag marani bebaya
melu sengsarane ora melu senenge
Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
ana gula ana semut
ula marani gepuk
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Unen-unen Basa lan Kasusastran Jawa sing nganggo jejer yaiku ....
pepindhan
bebasan
paribasan
saloka
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
