wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL UJIAN PRAKTIK BHS JAWA KLS VI

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 2mins

Name
Class
Date
1.

Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...

a)

teks informasi

b)

teks penjelasan

c)

teks pernyataan

d)

teks berita

2.

Wacanen kanthi patitis!


Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.


miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

pariwara

3.

teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

teks argumentasi

d)

pariwara

4.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...

a)

pawarta

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

iklan/pariwara

5.

gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...

a)

pawarta

b)

slogan

c)

persuasi

d)

sesanti

6.

gambar ing ndhuwur iku kalebu...

a)

sesanti

b)

pariwara

c)

iklan

d)

pawarta

7.

endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?

a)
b)
c)
d)
8.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...

a)

Rekreasi ing Baluran

b)

Taman Nasional Baluran

c)

Rekreasi Keluargaku

d)

Padhang Savana ing Baluran

9.

Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...

a)

Deskripsi

b)

narasi faktual

c)

persuasi

d)

eksposisi

10.

Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...

a)

teks deskripsi

b)

teks pawarta

c)

pariwara

d)

slogan

11.

Teks sing isine ngenani kadadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks...

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Pawarta

d)

Eksposisi

12.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

13.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya kuwi nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

14.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

15.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.


Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia!?

a)

Masyarakat

b)

Pemerintah

c)

Presiden

d)

Kabeh warga negara Indonesia

16.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.


Apa sing dijaga ing Taman Nasional kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli?

a)

Alam

b)

Tanduran

c)

Kewan

d)

Kabeh jawaban bener

17.

Teks pawarta sing ana ing medhiya cithak yaiku...

a)

TV

b)

Radio

c)

Kalawarti

d)

Internet

18.

Teks pawarta sing ana ing medhiya elektronik yaiku...

a)

Ariwarti

b)

Radio

c)

Kalawarti

d)

Tabloid

19.

Tembung pitakon sing nakokake geneya bisa kedadeyan kaya mangkono yaiku...

a)

Sapa

b)

Ing ngendi

c)

Kapan

d)

Geneya

20.

.... sing kok gawa?

Tembung pitakon sing trep yaiku...

a)

Apa

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Ing ngendi

21.

Wujude unen-unen iku ana . . .

a)

3

b)

2

c)

5

d)

4

22.

Unen-unen Jawa tegese . . .

a)

Tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora duweni titikan tartamtu

b)

Tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu

c)

Tetembungan tartamtu kang endah

d)

Tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat

23.

Becik ketitik, ala ketara

Unen-unen kasebut kalebu jinise . . .

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Tembang dolanan

24.

Becik ketitik, ala ketara

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku . . . .

a)

Dituturi bola-bali meksa ora digugu

b)

Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

c)

Bisa njunjung derajate wong tuwa

d)

Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek ngenteki

25.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut kalebu jinise . . .

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Tembang dolanan

26.

Yitna yuwana, lena kena

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku . . . .

a)

Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka

b)

Karepe ngirit, nanging malah entek akeh

c)

Kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane

d)

Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa

27.

Kebo nusu gudel

Unen-unen kasebut kalebu jinise. . .

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Tembang dolanan

28.

Kebo nusu gudel

Unen-unen kasebut duweni teges yaiku . . . .

a)

Wong becik dianggap wong ala

b)

Wong duwe kekarepan sing mokal kalakone

c)

Wong ngrekasa uripe merga kabotan butuh, kakehan anak

d)

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

29.

Unen-unen sing lumrahe ana jejere yaiku ....

a)

Bebasan

b)

Saloka

c)

Paribasan

d)

Pepindhan

30.

Sing padha antarane paribasan, bebasan lan saloka yaiku . . .

a)

Tetembungane tetep, cacahe genep

b)

Tetembungane tetep, isine owah

c)

Tetembungane tetep, ora owah

d)

Tetembungane tetep, genep, bisa owah

31.

Tegese paribasan nututi layangan pedhot yaiku . . .

a)

Nindakake pakaryan kang angel kelakone

b)

Nindakake pakaryan kang gampang kelakone

c)

Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane

d)

Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane

32.

Tegese bebasan kebo kabotan sungu yaiku . . .

a)

Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus

b)

Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu

c)

Wong kang kesrakat uripe merga kakehan anake

d)

Wong kang kesrakat uripe merga kakehan pakaryane

33.

Tegese saloka jer basuki mawa beya yaiku . . .

a)

Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan

b)

Amrih bisa sugih, butuh utangan

c)

Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur

d)

Amrih bisa seneng, butuh mangan enak

34.

Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba . . .

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

35.

Kaya asu karo kucing

Unen-unen ing dhuwur kalebu jinise . . .

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

36.

Jangkepana unen-unen iki!

Rawe-rawe.....

a)

nggayuh lintang

b)

mblabar madu

c)

segara

d)

rantas malang-malang putung

37.

(1) Ancik-ancik pucuke eri

(2) Arep nangkane emoh pulute

(3) Diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) Iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer . . .

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

38.

Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku . . .

a)

Bathok bolu isi madu

b)

Ula marani gepuk

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Kebanjiran segara madu

39.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku . . .

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

Nututi layangan pedhot

c)

Pupur sawise benjut

d)

Kebo nusu gudel

40.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani . . .

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

41.

Tegese saloka jer basuki mawa beya yaiku . . .

a)

Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan

b)

Amrih bisa sugih, butuh utangan

c)

Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur

d)

Amrih bisa seneng, butuh mangan enak

42.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

43.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

44.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

45.

Endhas gundhul dikepeti,tegese....

a)

wes enak isih ketambahan luwih enak

b)

Prekara sepele dadi gedhe

c)

wis lalinmarang asal usule

d)

nawakake ilmu supaya diangsu

46.

Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....

a)

bathok bolu isi madu

b)

gupak pulut ora melu mangan nangkane

c)

ana gula ana semut

d)

sepi ing pamrih rame ing gawe

47.

Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....

a)

wong asor nanging sugih kapinteran

b)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

c)

prakara cilik dadi prakara gedhe

d)

paseduluran sing ora tau rukun

48.

Bayu lan Minta yen di aworke polahe kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

njarag marani bebaya

c)

paseduluran sing ora tau rukun

d)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

49.

Bu lastri niku piyayi ingkang sregep lan grapyak sinos seneng omong nanging yen ana karepotan mesti saget mrantasi. bulastri bisa diparibasaake .....

a)

kriwiakan dadi grojogan

b)

criwis cawis

c)

dahwen ati open

d)

endhas gundul di kepeti

50.

Pancen Paijo kae wong sing ora kenek di percaya, dipasrahi barang aji malah nentek-ngenteki. Sifate Paijo dipindhakake saloka yaiku . . . .

a)

dahwen ati open

b)

nglunguhi klasa gumelar

c)

becik ketitik ala ketara

d)

pitik trondhol diumbar ing pedaringan