NEW
Font size
WorksheetsKuis Sesorah
Total questions: 25
Worksheet time: 8mins
Micara nglairaken gagasan, pemanggih utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah kawastanan ...
matur
sesorah
wadul
ura-ura
Jinisipun sesorah kagolongaken kados ing ngandhap punika, kajawi ...
sesorah kanthi cara dipunrekam
sesorah kanthi cara apalan
sesorah kanthi cara maos naskah
sesorah kanthi cara dadakan
Sesorah ingkang boten prelu nyawisaken materi ingkang badhe kaandharaken awit wekdalipun ingkang cumpen inggih punika sesorah kanthi cara ...
apalan
damel cathetan alit
dadakan
maos naskah
Sesorah kanthi cara maos naskah punika nggadhahi kekirangan inggih punika ...
kirang trep
kirang fasih
kirang cetha
ketingal kaku
Ancas/tujuan sesorah kados ing ngandhap punika, kajawi ...
kangge pados sedherek
medhar sabda
atur pambagyaharja
tanggap wacana
Atur panuwun dhumateng para tamu undhangan awit sampun kersa rawuh kalebet peranganing sesorah ...
pangajeng-ajeng
wigatosing atur
purwakaning atur
salam pambuka
Nalika sesorah prayoginipun ngginakaken tembung lan ukara ingkang prasaja. Ukara punika kalebet sanguning sesorah bab ...
wiraga
wirama
wicara
wirasa
Saged nyocogaken ebahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembe dipunwedharaken kalebet sanguning sesorah bab ...
wicara
wiraga
wibasa
wirama
Nggladhi cara-caranipun tindak, runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih kawastanan ...
maraga
mawastha
magatra
malaksana
Tanggap ing sedaya swasana kawastanan ...
matanggap
mawwat
magatra
maraga
Mawwat nalikaning sesorah ateges ...
luwes
trengginas
tanggel jawab
trampil
Boten ngleler, boten kesesa-sesa, nanging trampil lan trengginas nalikaning sesorah kawastanan ...
malagawa
mawwat
magatra
malaksana
Ingkang kedah dipunsingkiri nalikaning sesorah kados ing ngandhap punika, kajawi ...
keguh
jiguh
trengginas
rikuh
Tiyang ingkang gampil gugupan , boten siyaga ing gati kawastanan ...
ewuh
rikuh
keguh
jiguh
Nalikaning sesorah supados swanten boten kapireng dhredheg pramila kedah ...
memuji
ndonga
sareh
sinau
Wiramaning wicara ing sesorah kedah cetha kajumbuhaken kaliyan ...
swanten
kawontenan
busana
tamu
Patraping tiyang sesorah napas boten megap-megap, ateges kedah ...
lirih
alon
landhung
ngos-ngosan
Tiyang ingkang badhe sesorah damel cengkorongan langkung rumiyin saperlu ngrembakakaken ukaranipun piyambak, tiyang kasebat ngginakaken sesorah cara ...
dadakan
ekstemporan
kontekstual
impromtu
Tiyang ingkang badhe sesorah prayogi sanget menawi ngginakaken cecepengan ingkang kacekak ...
TOP
POP
POT
OTP
Nggladhi anggenipun jumeneng boten dhoyong, suku boten keciyuten lan kewiyaren kalebet sikep ...
maraga
magatra
mawastha
matanggap
Inti saking isi sesorah ingkang dipunwedharaken kawastanan ...
wusana
pengajeng-ajeng
wigatining sesorah
purwaka
Pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipunwedharaken dhumateng para tamu ing sesorah kawastanan ...
pangajeng-ajeng
salam pambuka
wigatosing atur
purwakaning atur
Atur panuwun dhumateng para tamu awit sampun rawuh kalebet perangan ... ing sesorah.
wusananing atur
pangajeng-ajeng
purwakaning atur
wigatosing atur
Nalika sesorah langkung sae ngginakaken tembung lan ukara ingkang prasaja. Bab punika kalebet sanguning sesorah bab ...
wiraga
wirama
wirasa
wicara
Ebahing sarira kedah dipuncocogaken kaliyan ingkang nembe dipunwedharaken ing sesorah kalebet bab ...
wiraga
wirama
wirasa
wicara
