wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 2 MATERI CERKAK KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Salah satunggaling karya sastra Jawa awujud gancaran/ prosa fiktif kang ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganthi pungkasan kanthi cekak

a)

Novel

b)

Cerkak

c)

Sesorah

d)

Pariwara

e)

Geguritan

2.

Cerkak yaiku salah satunggaling karya sastra kang awujud prosa fiktif. Ukara ing ngisor iki kang kalebu titikane cerkak yaiku ...

a)

critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dingerteni

b)

critane dawa, isine padhet, basane gampang dingerteni

c)

critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dingerteni

d)

critane dawa, isine cekak aos, basane mentes

e)

critane saklepatan, isine padhet, basane endah

3.

Unsur pambangun cerkak iku ana 2 yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku ...

a)

Unsur pambangun cerkak saka njaba crita

b)

Latar belakang panganggit

c)

Unsur pambangun cerkak saka njero crita

d)

Nilai-nilai kang ana ing sajerone crita cekak

e)

Gagasan utawa ide kang dadi undheraning crita

4.

Wacanen pernyataan ing ngisor iki kanthi permati!

(1) Cerkak yaiku cerita kang ngandharake lelakon kanthi ringkes.
(2) Cerkak bisa rampung diwaca kanthi sak lungguhan
(3) Tembung-tembung kang ana ing cerkak gampang dimangerteni.
(4) Cerkak ngemot unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik.
Saka pernyataan ing ndhuwur, pilihana jawaban kang miturutmu bener yaiku ...

a)

Pernyataan (1) lan (2) bener

b)

Pernyataan (2), (3) lan (4) bener

c)

Pernyataan (3) lan (4) bener

d)

Kabeh pernyataan bener

e)

Kabeh pernyataan salah

5.

Gatekna unsur-unsur cerkak ing ngisor iki!
1. Biografi
2. Alur
3. Tema
4. Amanat
5. Kondisi sosial
6. Judul
7. Nilai-nilai ing cariyos
8. Penokohan
Kang kalebu unsur-unsur intrinsik cerkak yaiku ...

a)

2 – 4 – 6 – 7

b)

1 – 4 – 7 – 8

c)

2 – 3 – 4 – 8

d)

1 – 3 – 5 – 8

e)

4 – 6 – 7 – 8

6.

Unsur ekstrinsik yaiku unsur pambangun crita kang asale saka njaba. Ing ngisor iki kang kalebu unsur ekstrinsik yaiku ...

a)

Amanat

b)

Setting

c)

Latar belakang panganggit

d)

Paraga

e)

Sudut pandang

7.

Urutan struktur cerkak kang bener yaiku ...

a)

koda-evaluasi-komplikasi-krisis-orientasi

b)

orientasi-evaluasi-krisis-komplikasi-koda

c)

koda-orientasi-krisis-komplikasi-evaluasi

d)

orientasi- krisis-komplikasi-koda-evaluasi

e)

orientasi-komplikasi-evaluasi-krisis-koda

8.

Bageyan struktur cerkak kang njlentrehake kedadeyan sing miwiti prakara kanthi menehi gegambaraning wektu, kahanan, lan panggonan yaiku ...

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Evaluasi

d)

Krisis

e)

Koda

9.

Gagasan utawa pesen kang kepengin dikandhakake dening pangripta sajrone cerkak yaiku ....

a)

Alur

b)

Tema

c)

Paraga

d)

Amanat

e)

Latar

10.

Unsur kang ana gegayutan karo wektu, kahanan, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani....

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Latar

d)

Paraga

e)

Alur

11.

Perangan kang ngemot ide pokok utawa prakara utama kang ndhasari lakune cerkak yaiku ...

a)

Penokohan

b)

Sudut Pandang

c)

Tema

d)

Alur

e)

Paraga

12.

Kedadeyan kang ana gandheng cenenge, sambung sinambung wiwit lekasan nganti pungkasan diarani ...

a)

Latar

b)

Alur

c)

Tema

d)

Sudut pandang

e)

Amanat

13.

Alur yaiku urut-urutaning kedadean sajroning crita. Alur kang ngandharake sawijining kedadean kang wis tau kelakon yaiku ...

a)

Maju

b)

Progresif

c)

Campuran

d)

Regresif

e)

Maju lan mundur

14.

Perangan cerkak kang nggambarake karakter paraga yaiku ...

a)

Tema

b)

Setting

c)

Sudut pandang

d)

Alur

e)

Penokohan

15.

Manut wateke, paraga utawa tokoh dibagi dadi 3. Ing ngisor iki kang ora kalebu tokoh manut wateke yaiku....

a)

Antagonis

b)

Protagonis

c)

Tritagonis

d)

Utama

e)

Paraga kanthi watek apik

16.

Cara kanggo nggambarake watak wantune paraga kaperang dadi 2 yaiku analitik lan dramatik. Ing ngisor iki sing ora kalebu wewatekaning paraga kang dramatik yaiku....

a)

Caraning matur

b)

Lingkungan sosial paraga

c)

Solah bawane paraga

d)

Digambarake kanthi cara langsung

e)

Gegambaraning awak/ ciri fisik

17.

Wacanen pethilan novel ing ngisor iki! 

Pedhut sing metu wektu esuk marekna desa Karangsoga keton samar. Tanah lereng, jurang utawa gunung mung katon lamat-lamat kesaput pedhut sing ngambang neng awang-awang. Ning sebab anane pedhut kuwe dadi keton bedane antara gunung sing adoh karo gunung sing perek. 

Pethilan cerkak ing ndhuwur ngandharake unsur intrinsik yaiku ...

a)

Alur

b)

Setting

c)

Tema

d)

Amanat

e)

Sudut pandang

18.

Wacanen pethilan cerkak ing ngisor iki!
Dina Jumat bubar Jumatan aku kepeksa melu netesake eluh nalika Pak Ahmad pamitan karo kanca jamaah. Olehe pamitan karo mbrebes mili, sajak kaya arep lunga adoh wis ora bakal ketemu maneh nganti selawase.
"Iki sing pungkasan aku Jumatan ing kene. Aku njaluk pamit, njaluk ngapura kabeh kaluputanku. sapungkurku muga padha tansah pinaringan bagas waras lan kebak berkahe Gusti".
Saka pethilan cerkak kasebut, sudut pandang kang digunakake yaiku ...

a)

Wong kapisan

b)

Wong kapindho

c)

Wong katelu

d)

Paraga utama

e)

Campuran

19.

Wacanen pethilan novel ing ngisor iki! 

Sekang emper umahe dhewek Darsa nyawang maning maring ngetan, nyawangmaning maring kebon klapane sing esih degrujug udan. Atine Darsa bolabasehan, rasane kayong detantang. Wis dadi wateke tukang nderes, manjat temurun wit klapa pancen kudu delakoni sebab neng kana anane pangan. Turane nyambet gawe ngambah dalaning pangan kuwe mesthi gawe seneng maring sapaa baen.. Ningen merga udan barat urung leren, Darsa urung wani mangkat. Senajan papah-papah klapane kae kaya-kaya terus ngawe-awe njaluk depenek.
Latar panggonan saka pethilan novel ndhuwur yaik….

a)

Kebon klapa

b)

Kamar

c)

Dalan

d)

Emper umah

e)

Wetan umah

20.

Wacanen pethilan novel ing ngisor iki!

“Ning nyatane wong urip kudu duwe kepenginan karo greget. Tegese wong urip kudu duwe kekarepan lan rekadaya supayane kekarepan kuwe kelakon. Angger ora kaya kuwe, mlempem! Wong urip sing ora duwe kepenginan padha baen karo wong mati. Wong urip sing ora duwe greget, anane mung nrima pandum, ora bakalan maju. Pak Min kepengin weruh contone?”

“Nggih Pak.” Saure Pak Min, swarane adhem baen.

Nilai kang kakandhut ana ing pethilan cerkak ndhuwur yaiku….

a)

Sosial

b)

Pendidikan

c)

Spirit

d)

Moral

e)

Kultural