WorksheetsPAS BAHASA JAWA KELAS 7 2023
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 15mins
Tembung – tembung sing migunakake swara e pepet yaiku….
sate , mlungker,bebek
tape , meri , rene
seneng , kalem,merem
apel , telo , melon
Tembung – tembung sing migunakake swara a miring yaiku…
layang , balang , saka
bata , kala , supaya
larang,paring, layang
jagang , ngajak , mata
Tembung “kesleo” migunakake swara…
e taling , e taling , o miring
e taling, e pepet , o miring
e pepet , e taling, o jejeg
e pepet , e pepet , o jejeg
Sandhangan swara iku ana lima yaiku ?
wulu,taling,taling tarung,pepet,suku
wulu,taling, tarung,pepet,suku
layar,wignyan,cecak,suku,wulu
layar,wignyan,taling,suku,wulu
”Kucing gedhi “ yen ditulis nganggo aksara jawa mbutuhake sandhangan swara
wulu , suku , pepet , wulu
taling , pepet , suku,wulu
taling ,wulu , taling tarung, suku
suku , wulu, pepet,wulu
Tembung rangkep kaperang dadi 3 warna yaiku…
dwilingga wantah,dwilingga salin swara,dwilingga semu
dwipurwa, dwilingga, dwiwasana
dwipurwa,dwilingga wantah,dwilingga semu
dwilingga semu,dwiwasana,dwipurwa.
Tuladha tembung dwilingga semu yaiku…
api-api
jejuluk
luwih – luwih
mikar mikir
Tembang macapat iku kaiket paugeran.....
guru gatra,guru wilangan,guru swara
guru gatra,guru wilangan,guru lagu
guru pada,guru gatra,guru wilangan
guru pada,guru gatra,guru swara
Cacahing wanda saben sagatra diarani...
guru wilangan
guru gatra
guru wanda
guru pada
Guru lagu yaiku..
dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda
dhong-dhinge swara saben pungkasane tembung
dhong-dhinge swara saben pungkasane gatra
dhong-dhinge swara saben pungkasane pada
Ukara sing bener manut panulisane yaiku....
para pemuda aja wedi ing rekasa
para pemuda aja wedhi ing rekasa
para pemudha aja wedi ing rekasa
para pemudha aja wedhi ing rekasa
Kula dereng sempat….dalemipun bu nyai,nanging bu nyai sampun kersa…griya kula .
Sampurnakaken ukara punika supados trep unggah-ungguhipun!
sowan-tindak
tindak-tindak
tindak-sowan
sowan-sowan
Angka “125” yen dikramakake dadi….
setunggal atus kalih dasa lima
setunggal atus gangsal likur
setunggal atus kalih dasa gangsal
setunggal atus selangkung
Sing kalebu tuladhane tembung wilangan yaiku…
apa,pira,kaya
karo.nalika,lan
apik.resik,padhang
loro,akeh,sekilo
Gunung Kelud misuwur ing saindenging Jawa Timur. Tembung Saindenging tuladha tembung…
tembung aran
tembung wilangan
tembung kahanan
tembung sesulih
Gunung Kelud misuwur ing saindenging JawTimur. Tembung misuwur tuladha tembung
tembung aran
tembung wilangan
tembung kahanan
tembung sesulih
Gunung Kelud misuwur ing saindenging Jawa Timur. Tembung Gunung Kelud tuladha tembung
tembung aran
tembung wilangan
tembung kahanan
tembung sesulih
Tembung sing nerangake watak,sifat,lan kahanane samubarang diarani tembung....
tembung aran
tembung kriya
tembung kahanan
katrangan
Tembung pemandhangan,kabudayan,pariwisata lsp,tuladha saka tembung....
tembung aran
tembung kriya
tembung kahanan
katrangan
Owahing tembung lingga dadi tembung andhahan iku krana entuk apa?
wuwuhan,seselan,lan camboran
ater-ater,seselan,lan panambang
ater-ater,dirangkep,lan dicambor
wuwuhan, dirangkep lan dicambor
Sing kalebu wuwuhan iku apa wae?
ater-ater,seselan lan camboran
ater-ater,seselan lan panambang
ater-ater,dirangkep lan dicambor
ater-ater ,dirangkep,lan dicambor
Sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku...
ny,m,n,ng
sa,pa,pi,pra,tar,ta
dak,ko/kok,di
in,um,er,el
Sing kalebu seselan yaiku...
ni,ma,er,el
in,um,a,ana
in,m,er,el
in,um,er,el
Tuladha tembung tembung sing entuk seselan...
sumur,mumpung,lumping
jeledor,dumunung,tinuku
nandur,nulis,nindakake
gumun,lumbung,dumulur
Tuladha tembung sing entuk ater ater anuswara n....
nyanyi
nyaiku
nyapu
nyonyo
Tembung sing rangkep ing wiwitane tembung diarani tembung....
dwilingga wantah
dwipurwa
dwiwasana
dwilingga semu
Tembung cengeges,cekakak,celuluk,tuladha saka tembung
dwilingga wantah
dwipurwa
dwiwasana
dwilingga semu
Tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus yaiku....
Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
Sinten ingkang sampeyan percados dados ketua kelas?
Kula diutus tumbas camilan dateng warung
Panjenengan sesuk apa sida tindak Lamongan
Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi
Suryaningrat “ Ukara kasebut migunakake basa.
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Basa sing diapesi,basa sing didandani supaya luwih endah,nges,lan mentes uga mandes. Diarani Basa....
rinengga
cangkriman
geguritan
camboran
Tembung kang duwe teges ora salugune/utawa sabenere diarani tembung...
camboran
entar
dasanama
saroja
Ati ati yen kekancan karo bocah kuwi,dheweke bocah sing dowo tangane. Ukara iku migunakake Tembung...
camboran
entar
dasanama
saroja
Tembung loro utawa luwih sing pada utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kang tujuane
Kanggo mbangetake diarani tembung....
camboran
entar
dasanama
saroja
Wadya bala kurawa tumeka ing padhang kuru setra,ngadepi pandawa ing perang Baratayudha
Tembung kang katulis nganggo aksara miring ing ukara dhuwur,kalebu jinise tembung...
camboran
entar
dasanama
saroja
Unen – unen utawa ukara sing runtut swarane,sastrane utawa basane diarani...
parikan
purwakanthi
cangkriman
geguritan
.Purwakanthi ,miturut wujude dibedakne dadi 3 .Pamilahe kaya ing ngisor iki, kajaba...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru lumaksitha
Aja dumeh menang ,banjur tumindak sawenang – wenang.Ukara iku tuladha saka purwakanthi.
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
purwakanthi guru lumaksitha
Gatri ala gotri nagasari-ri-riwul awal awul jenang grendul – dul-dolan awan awan ndelok manten
ten- titenono mbesuk gedhe dadi apa...lan sateruse.
Rakitaning tembung kaya kasebut diarani...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru lumaksitha
Tembang macapat sinebut uga tembang....
tembang cilik
tembang gedhe
tembang tengahan
tembang kreasi
Tembunge ngoko kabeh
Gunane kanggo omong – omongan bocah padha bocah
Wong kang lagi nggremeng
Ing dhuwur ciri basa….
ngoko alus
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Tembunge campuran tembung krama lan ngoko
Gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong omongan nangin wis raket
Ing dhuwur ciri basa….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
”Simbah arep lunga menyang ngendi ?” Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama lugu…
simbah arep tindak menyang endi ?
simbah arep kesah menyang endi?
simbah ajeng kesah teng pundi?
simbah badhe tindak dhateng pundi ?
Simbah arep lunga menyang ngendi ?” Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus…
simbah arep tindak menyang endi ?
simbah arep kesah menyang endi?
simbah ajeng kesah dateng pundi?
simbah badhe tindak dhateng pundi ?
”Simbah arep lunga menyang ngendi ?” Ukara kasebut yen diowahi dadi basa ngoko alus…
simbah arep tindak menyang endi?
simbah arep kesah menyang endi?
simbah ajeng kesah dateng pundi?
simbah badhe tindak dhateng pundi ?
Sing bener unggah ungguh basane…
Bapak tindak kula kondur
Kula sampun sare
Ibu sare kula siram
Kula sampun adus
Kula remen….es krim,ibu remen…kopi
Sampurnakaken ukara kasebut supados trep anggah ungguhipun
Ngunjuk-ngunjuk
Nginum –ngunjuk
Nginum-nginum
Ngunjuk-nginum
Unggah ungguh basa iku kaperang dadi loro,yaiku…
basa ngoko lan basa karma
krama lugu lan karma alus
ngoko lugu lan ngoko alus
krama lugu lan ngoko alus
Tuladha ukara sing migunakake tembung sesulih…
Adhiku isih ing sekolahan
Sang kancil mlayu banter
Dheweke durung duwe computer
Hore,layangane muncul
Tuladha ukara sing migunakake tembung panyilah..
Wadhuh bukuku keri
Si macan lagi ndedepi kidang
Adiku karo Mira lagi sinau bareng
Wingi sore bapak tindak Surabaya
Gendera Negara kita abang-putih, sing mujudake tembung kaanan yaiku…
Negara
Abang-putih
Gendera
Kita
