wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA JAWA KELAS 8 2023

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Layang kang isine ora mligi sawijine bab,nanging warna-warna kayata bab

kahananan bab suka susahe, bab kasarasane, lsp, diarani…

a)

Layang paturan

b)

Layang dhawuh

c)

Layang lelayu

d)

Layang ganep

2.

Nalika kirim layang marang keluarga / kanca, kudune nganggo

a)

Layang paturan

b)

Layang kitir

c)

Layang dhawuh

d)

Layang ganep

3.

Perangane layang kang nelakake kabar keslametan arane…

a)

Adawiyah

b)

Satata basa

c)

Purwaka   

d)

Surasa basa

4.

Wasana basa yaiku..

a)

Isi kabar keslametan

b)

Perangane layang kang nyebutake bab isi/surasane layang

c)

Perangane layang kang wujud ukara kanggo mungkasi layang

d)

Isi tujuan layang kang ditulis /dikirimake

5.

”Katur eyang kakung saha eyang putrid ing Solo”, iki mujudake

a)

Adangiyah/adawiyah

b)

Satata basa

c)

Pambuka basa

d)

Peprenah

6.

Sak wise nemtokake tujuan apa kang kudu disiapake kanggo wawancara?

a)

Nyiyapake buku catetan

b)

Nemtokake narasumber

c)

Nulis daftar pitakon

d)

Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara

7.

Wawancara Individual yaiku…

a)

Wawancara kang ditindhakake sawijining pawongan kanthi responden tunggal

b)

Wawancara antarane pewawancara tunggal klawan responden kang akeh

c)

Wawancara kanthi wewaton pitakonan kang kawates wangsulane

d)

Wawancara kang susunan pitakone ora ditemtokake luwih dhisik

8.

Wawancara kang susunan pitakone ora ditemtokake luwih dhisik lan kang diomongake

     gumantung marang swasana wawancara diarani…

a)

Wawancara bebas

b)

Wawancara individual

c)

Wawancara konferensi

d)

Wawancara binuka (terbuka)

9.

Sing kalebu sandhangan wyanjana…

a)

Cecak,wignyan,

pengkal

b)

Layar,cecak,

wignyan

c)

Cakra,layar,keret

d)

Cakra,keret,

pengkal

10.

Tembung” sate wedhus “ yen ditulis aksara jawa mbutuhake sandhangan swara..

a)

Taling,pepet,suku

b)

Pepet,wulu,suku

c)

Taling tarung,pepet,suku

d)

Pepet,suku,taling

11.

Cakra keret iku minangka gantine sandhangan….

a)

ra taling

b)

ra suku

c)

ra pepet

d)

ra wulu

12.

Nalika wong tuwa omong omongan  marang anak anake migunakake basa….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

13.

Basa sing trep manut ungah unguhe yaiku…

a)

ibu nimbali aku ,lan aku nimbali bapak

b)

ibu ngaturi aku ,lan aku ngaturi bapak

c)

ibu nimbali aku, lan aku ngaturi bapak

d)

ibu ngaturi aku lan aku nimbali bapak

14.

Penganggone basa ngoko alus yaiku kaya kang katulis ing ngisor kajaba…

a)

sedulur enom marang sedulur tuwa

b)

wong sing keprenah tuawa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur

c)

ibu marang bapak

d)

kanggo rembugan marang wong sing luwih tuwa

15.

Unggah ungguh basa iku kaperang dadi loro,yaiku…

a)

basa ngoko lan basa karma

b)

krama lugu lan karma alus

c)

ngoko lugu lan ngoko alus

d)

krama lugu lan ngoko alus 

16.

Tuladha basa ngoko lugu (wantah)

a)

kowe mau rene karo sapa?

b)

panjenengan rawuh pukul pinten?

c)

sampeyan apa arep tilem?

d)

bapak kalih ibu lagi dahar

17.

Tuladha basa karma alus (inggil)

a)

sampeyan menapa sampun dhahar

b)

panjenengan punapa sampun dhahar

c)

njenengan apa wis dhahar 

d)

sampeyan menapa sampun nedha

18.

Tembunge ngoko,nanging kacampur tembung karma inggil

     Kang dikramakake inggil yaiku tembung kang ngandhakake:perangane awak

     Sandhangan  sarta kriyane, Ater – ater lan panambang  ngoko , tembung aku tetep

     Tembung kowe owah dadi “panjenengan/sliramu”

     Ciri – ciri ing dhuwur cirine basa…

a)

ngoko wantah

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

19.

Panjenengan arep tindhak malang jam pira? Ukara iki tuladha basa apa ?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu 

d)

krama alus

20.

Pak Andi , kula mangke badhe ningali bal – balan,sampeyan napa tumut ?

ukara iki Tuladha basa….

a)

ngoko wantah

b)

ngoko alus

c)

krama madya

d)

krama inggil

21.

Tembang macapat iku kaiket paugeran.....

a)

guru gatra,guru wilangan,guru swara

b)

guru gatra,guru wilangan,guru lagu

c)

guru pada,guru gatra,guru wilangan 

d)

guru pada,guru gatra,guru swara

22.

Cacahing wanda saben sagatra diarani...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

  guru wanda

d)

guru pada

23.

Guru lagu yaiku..

a)

dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda

b)

dhong-dhinge swara saben pungkasane tembung

c)

dhong-dhinge swara saben pungkasane gatra

d)

dhong-dhinge swara saben pungkasane pada

24.

Tembang ,macapat iku ana pira…

a)

sangang warna

b)

sepuluh warna

c)

sewelas warna

d)

rolas warna

25.

Perangane struktur crita cekak sing isine minangka dadi lelandhesane utawa dhasare crita  diarani...

a)

tema

b)

paraga

c)

alur/plot

d)

latar/setting

26.

Ciri cirine cerkak yaiku kajaba.....

a)

isine padhet

b)

ukarane ringkes

c)

basane mentes,tur gampang dimengerti  

d)

crita ana bacute

27.

Katrangan sing bisa dijupuk ngenani papan,wektu lan swasana ing cerkak diarani

a)

setting

b)

sudut pandang

c)

alur 

d)

tema

28.

Sing ora kalebu rerangkene kedadeyan cerkak(alur) yaiku

a)

pengenalan (eksposisi)

b)

klimaks,pamungkas konflik

c)

panantangan(konflik)

d)

pembahasan crita

29.

Tembang dolanan iku lumrahe kanggo..

a)

seneng-seneng

b)

bungah,susah

c)

sedhih-sedhih 

d)

tresna asih

30.

Tujuan wawanrembug miturut kaperluane yaiku kanggo kajaba…

a)

wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta

b)

wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai

c)

wawanrembug kanggo kaperluan panaliten

d)

wawanrembug kanggo kaperluan diskusi

31.

Ciri ciri teks profil tokoh yaiku...

a)

orientasi, prastawa, reorientasi

b)

orientasi,resolusi, obserfasi

c)

orientasi,resolusi, identifikasi     

d)

prastawa, identifikasi, reorientasi

32.

Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude..

a)

dheskripsi sing arep ditakokake

b)

dhaftar pitakonan sing arep di takonake

c)

tape recorder kanggo ngrekam

d)

ringkesan materi sing arep ditakokake

33.

Wawancara sing dianakake dening bagian personalia ing sawijining perusahaan duwe tujuan

a)

wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta

b)

wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai

c)

wawanrembug kanggo kaperluan panaliten

d)

wawanrembug kanggo kaperluan diskusi

34.

Wawancara kanthi wewaton pitakonan kang ora kewates wangsulane diarani…

a)

wawanrembug bebas

b)

wawanrembug individual

c)

wawanrembug konferensi 

d)

wawanrembug binuka

35.

Sawijine dina ,ibu gurumu mawancarani sawatara siswa sing biji ulangane apik, uga sing bijine kurang tujuane wawanrembug iki kanggo apa?

a)

kanggo keperluan pawarta ing sawijine medhia cetak

b)

kanggo kaperluan ngrekut pegawai ing sawijine lembaga

c)

kanggo golek kawruh tartamtu

d)

kanggo kaperluan sawijine panaliten

36.

Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki kajaba…

a)

supaya anggone nindakake wawancara runtut lan ganep

b)

supaya ora ana pitakon sing kliwatan

c)

supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah

d)

supaya anggone nindakake wawancara suwe

37.

Unsur kebahasaan ing teks iklan/reklame kaya kang katulis ing ngisor ,kajaba..

a)

basane narik kawigatene konsumen/masyarakat

b)

basane gampang banget dieling eling

c)

basane bisa agawe masyarakat yakin lan percaya sarta gawe penasaran

d)

basane endah tur nresep ing ati

38.

Ciri cirine basa kang digunakake ing iklan yaiku

a)

migunakake tetembungan kang narik kawigaten      

b)

ukarane cekak,aos,pantes lan mentes sarta migunakake tembung hagnya

c)

bisa ngyakinake manawa migunakake produk lan jasa sing diiklanake bakal migunani

d)

bisa ndadekake penasaran konsumen.

39.

Basa sing digunakake kanggo iklan nduweni  sifat kaya ing ngisor iki kajaba…

a)

persuasif

b)

profokatif

c)

komunikatif 

d)

sugestif

40.

Basa iklan sing persuasive maksude….

a)

Bisa mahanani marang kebutuhane konsumen,menehi kawigaten lan solusi tumrap

            kebutuhane informasi para warga

b)

Tembung-tembungne jelas,semanak,cekak aos,lan ora mbulet,ngantu ngrusak durasi tayang

c)

Rrakitan ukarane bisa ndadekake audience ngrasa kepenak,seneng tentrem lan menghibur

d)

Basa sing digunakake bisa ndayani pamiarsa dadi wuwuh utawa tambah kapercayane,

 saengga ketarik marang sing diiklanake

41.

Slogan utawa basa rinengga kang wujud ukara cekak aos ,kang nuduhake spirit,kualitas ,lan

      keunggulan produk ing iklan diarani….

a)

headline

b)

subheadline

c)

amplifikasi

d)

tagline

42.

Aksara murda iku ana…

a)

5

b)

7

c)

6

d)

8

43.

Gunane aksara murda yaiku kajaba…..

a)

kanggo nulis jenenge wong  

b)

nulis pangkat/kalungguhan

c)

kanggo nulis jenenge panggonan

d)

konggo ngawali ukara

44.

Tata carane nulis aksara murda yaiku…

a)

aksara murda ora kena dadi sesigeg wanda,nanging bis adiwenehi sandhangan.

b)

aksara murda cukup ditulis saaksara saben satembung

c)

aksara murda dijangkepi pasangan saengga bisa dadi pasangan

d)

kabeh jawaban bener

45.

Puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra,guru lagu lan guru wilangan ,nanging isih

     ngugemi anane rasa kaendahan  diarani…

a)

parikan

b)

geguritan

c)

bebasan  

d)

purwakanthi

46.

.Ing ngisor iki ciri cirine geguritan kajaba…

a)

pilihane tembung sing mentes lan mantesi

b)

wujude bebas,ora kudu ditulis nganggo pada/bait

c)

kudu nggunakake purwakanthi guru swara

d)

ora kaiket guru gatra,guru lagu , lan guru wilangan.

47.

Bab bab sing kudu digatekake supaya bisa maca geguritan kanti becik yaiku kajaba…

a)

mangerteni isi lan karepe geguritan

b)

ora perlu nggatekake pocapan lan wiramane

c)

bisa maragakake kanti pocapan kang trep

d)

nggatekake pocapan lan wiramane

48.

Layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa kepaten  diarani layang….

a)

layang paturan 

b)

layang ulem

c)

layang lelayu

d)

layang kitir

49.

Layang sing isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe  diarani layang….

a)

layang paturan   

b)

layang ulem

c)

layang lelayu

d)

layang kitir

50.

Cekap semanten rumiyin ingkang saged kula atureken ing serat punika,sanes wekdal dipun sambet malih.

Bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami.

     Perangan layang ing dhuwur diarani

a)

adangiyah

b)

purwaka basa

c)

surasa basa

d)

wasana basa