Font size
WorksheetsKuis Geguritan IX
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Pamitku Marang Alumniku
dening : Aris Irianti
Bapak lan Ibu guru sarta kanca-kancaku
Ana ing pungkasaning pawiyatan iki
Tak ukir gurit kan merak ati
Amarga werna-werna kadadeyan
Wis tak lakoni
………………
(Sumber : Slamet. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas IX. Klaten : CV Sahabat)
Geguritan kanthi irah-irahan “Pamitku Marang Alumniku” ing ndhuwur kaanggit dening ….
Any Asmara
Aris Irianti
Sudi Yatmana
Pur Adi Prawata
Saka geguritan ing ndhuwur, ana ukara “Ana ing pungkasaning pawiyatan iki”. Tembung pawiyatan tegese ….
Pategalan
Kelurahan
Sekolahan
Pekarangan
Manawa maca cuplikan geguritan ing ndhuwur, gambaranmu tumrape panganggit yaiku ….
Nelangsa
Priatin
Bungah
Kuciwa
Pesen kang kepengin dikandhakake panganggit marang kang maca geguritan “Pamitku marang alumniku”, yaiku …
Nyuwun pamit lan ngaturaken matur nuwun marang Bapak lan Ibu guru
Nyuwun pamit lan ora sedhih merga Bapak lan Ibu guru ora paring tresna asih
Kuciwa marang Bapak lan Ibu guru jalaran gawe cidra lan kabeh kang dikandhakake muspra
Prihatin amarga kabeh kang wis diparingake Bapak lan Ibu guru ora bakal disimpen ing sajroning ati
Ing ngisor iki langkah keri dhewek nalika nulis geguritan, yaiku …
Nemtokake gagasan baku
Milih tembung kang trep
Ngrevisi teks geguritan
Nulis kan diangen-angen
Bab-bab ing ngisor iki kang perlu digatekake nalika maca geguritan, yaiku ….
Lafal
Tema
Amanat
Purwakanthi
Ing ngisor iki kang ora kalebu struktur batin geguritan, yaiku ….
Tema
Nada
Amanat
Purwakanthi
Kang kalebu pangertene geguritan gagrag anyar (modern), yaiku ….
Geguritan kang isih kaiket karo paugeran
Geguritan iki diwiwiti kanthi tembung “Sun gegurit”
Geguritan kang cacahing wanda saben gatra kudu padha akehe
Geguritan kang ora kaiket dening paugeran tartamtu lan sipate bebas
Purwakanthi iku kaperang dadi 3, yaiku purwakanthi guru sastra, guru swara, lan guru basa. Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru basa yaiku ….
Teteken tekun bapak ketekan
tata titi tutug tatug, tanggung jawab
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
Bareng wis makmur, lali marang sedulur
Pamilihing tembung ana ing geguritan diarani ….
diksi
tema
alur
amanat
