wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Diagnostik Kognitif Materi Crikak

Total questions: 20

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Tokoh-tokoh kang ana ing sawijining cerkak diarani ....

a)

alur

b)

latar

c)

paraga

d)

amanat

2.

Cerkak utawa cerpen iku critane cekak utawa …

a)

fiktif

b)

guyon

c)

sugesti

d)

ringkes

3.

Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang

ana sajroning crita diarani ....

a)

amanat

b)

paraga

c)

tema

d)

latar

4.

Crikak singkatan saka tembung ....

a)

crita cecak

b)

crita cekak

c)

crita cilik

d)

crita cendhek

5.
  • Kang kalebu unsur intrinsik cerkak yaiku ....

a)
  • sikap masyarakat

b)
  • adat istiadat

c)
  • budaya

d)
  • tema

6.

Ukara kang kalebu "ukara langsung" yaiku ...

a)

Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora banjur duka.

b)

“De, coba sawangen iki!” prentahe ibuke.

c)

Ingkang ngagem rasukan bathik punika ibu kula.

d)

Bu Rini maringi yatra marang Pak Agus.

7.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

d)

"Coba wedang iki tilikana!"

8.

Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....

a)

sudhut pandhang

b)

pendhidhikan panganggit

c)

kahanan politik

d)

ekonomi panganggit

9.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwe, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umaeh sinambi nyepakake dhaharane bapak.

Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....

a)

ngalah karo liyan

b)

gawe nesu

c)

kemaki

d)

bekti maring wong tuwa

10.

Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….

a)

alur, paraga, swasana

b)

wektu, papan, swasana

c)

tema, papan, swasana

d)

sudut pandang, swasana, wayah

11.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake

a)

Panguripan sabendina

b)

Kedadean sajerone kraton

c)

Prastawa sejarah

d)

Kedadean apa anane

12.

Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...

(a)  

13.

Sing ora kalebu titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku...

a)

Ceritane Cekak

b)

Perkara sing di critakake mung siji

c)

Cacahe paraga mung sethithik

d)

basane krama inggil

14.

Praupane katon bagus. Esemane ngalahake legine madu kang nresep ing selane omahe tawon. Nanging praupan iku, koso balen saka tumindhake. Dheweke kerep nglarani atine kancane

Kang dibahas ing punggelan cerkak punika, yaiku ...

a)

Paraga

b)

Latar

c)

Irah-irahan

d)

Amanat

15.

Saka kedadeyan iku, Ratih sadar yen saktemene apa kang wis dilakoni dening rama lan biyunge kanggo panguripe. Ora ana kekarepan liyan. Mung siji, sakabehane kanggo kabecikane Ratih.

Kang bisa dijupuk saka punggelan ing dhuwur, yaiku ...

a)

Amanat

b)

Pasulayan

c)

Pambuka

d)

Panguripan

16.

Kang kalebu saka bageyan intrinsik cerkak (wangsulan bisa luwih saka siji)

a)

Budaya

b)

alur

c)

paraga

d)

Pangrasa

e)

Pangajab

17.

Pak Hamid tatapane kosong. Nyawang dalan kang sepi mamring. Ora kaya biyasane. "Area Lockdown", katulis ing banner gedhe pinggir dalan. Banjur dheweke kelingan anake kang isih sekolah butuh kuota internet akeh lan omongan garwane, "Mas, susune adhik arep enthek." Ana luh kang tumetes alon ing pipine

Swasana kang dialami dening paraga saka punggelan cerkak ing dhuwur, yaiku ...

a)

susah

b)

bungah

c)

becik

d)

kuciwa

18.

pokok masalah ingkang wonten ing cerkak diarani...

a)

sinopsis

b)

tema

c)

paraga

d)

amanat

19.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.

Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Adhik

d)

Aku

20.

Paraga iku kaperang dadi 3, dene paraga mungsuh iku uga diarani...

a)

antagonis

b)

artagonis

c)

tritagonis

d)

protagonis