wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pre-Test Crita wayang Ramayana "Anoman Duta"

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Aku iki sawijining ksatria ing lakon wayang Ramayana. Aku putrane Prabu Dasarata saking negara Ayodya. Aku kagungan semah kang ayu banget jenenge yaiku Dewi Sinta. Tumindak lan lakuku adil tur becik. Aku yaiku ....

a)

Prabu Ramayana

b)

Prabu Rahwana

c)

Prabu Lesmana

d)

Prabu Ramawijaya

2.

Aku sawijining paraga wayang Ramayana. Aku duweni watak kang culika sarta durjana. Jenengku yaiku Prabu Rahwana, kadang kala ya ana sing nyebut Prabu Dasamuka. Aku raja ing negara ....

a)

Ayodya

b)

Alengka

c)

Astina

d)

Amarta

3.

Aku iki peksi garuda sing bisa tata jalma kaya manungsa. Jenengku Jatayu. Ing crita epos Ramayana, jejibahanku nulungi Sang Dewi Sinta kang dinusta dening Rahwana. Nalika perang karo Rahwana, perangan awakmu kang cidra yaiku ....

a)

Awak

b)

sikil

c)

swiwi

d)

endhas

4.

Aku iki sawijining ksatria ing lakon wayang Ramayana. Jenengku Lesmana. Aku putrane Prabu Dasarata saking negara Ayodya. Aku kagungan kakang Prabu Ramawijaya. Nalika lunga saka kraton Ayodya, aku nderekke Kakang lan mbakYuku lunga ing ....

a)

Alas Kurusetra

b)

Alas Dandaka

c)

Alas Ngalengka

d)

Taman Argasoka

5.

Jenengku Dewi Sinta. Aku garwane Prabu Ramawijaya. Dewi Sinta iku ayu banget rupane, amarga titisane Dewi Widowati. Dewi Sinta iku putri saka kraton ....

a)

Ayodya

b)

Mantili

c)

Astina

d)

Amarta

6.

Aku iki sawijining paraga ing epos Ramayana kang nduweni watak ala. Jenengku Kala marica. Aku utusane Prabu Rahwana kang angkara murka. Nalika iku, aku diutus dening Raja Alengka supaya nggodani Dewi Sinta kanthi cara maleh wujudku dadi ....

a)

Kidang kencana

b)

Garuda kencana

c)

Wanara seta

d)

Kethek putih

7.

Nalika ing taman argasoka, Anoman kepanggih Dewi Sinta. Dewi Sinta lagi nandang duhkita, amarga kapisah kaliyan garwane Prabu Ramawijaya. Anoman banjur maringake marang Dewi Sinta, kalpika/ali-ali kang jenenge ....

a)

kalpika

b)

sotya ludira

c)

cupu manik astagina

d)

kondhe cundha manik

8.

Prabu Ramawijaya ngertos yen Dewi Sinta dinusta dening Rahwana. Prabu Ramawijaya banjur ngutus sawijining duta utawa utusan menyang Kraton Ngalengka kanggo mangerteni kahanane Kraton kasebut. Paraga kang dadi utusan yaiku ...

a)

Raden Sugriwa

b)

Raden Laksmana

c)

Raden Anoman

d)

Raden Anggada

9.

Dewi Sinta nalika dinusta dening Rahwana banjur dimapanake ing negara Ngalengka. Dewi Sinta mapan ing .....

a)

Alun-alun Ngalengka

b)

Taman Kurusetra

c)

Taman Argasoka

d)

Pendhapa Ngalengka

10.

Anoman dadi utusan menyang Kraton Ngalengka. Anoman iku sekti mandraguna amarga taksih keturunan dewa. Anoman iku wujude ....

a)

kidang kencana

b)

wanara seta

c)

garuda kencana

d)

ksatria