NEW
Font size
WorksheetsFormatif Jawa 1
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
narasi
deskripsi
persuasi
fabel
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............
slogan
pawarta
geguritan
narasi
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........
persuasi
slogan
pawarta
pariwara
Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukara mentes
ukarane ngujuk-ujuki
Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
banyu kali kena polusi
akeh wit-witan ing pinggir kali
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
wis suwe ora udan
