Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bab II [Pranatacara]

Total questions: 10

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang dipunwastani pranatacara inggih punika….

a)

Tiyang ingkang mbabar salah satunggaling perkawis

b)

Tiyang ingkang jejibahanipun mranata lampahanipun adicara supados runtut lan rancag

c)

Rantamaning adicara ing sawijining  adicara tartamtu.

d)

Rantamaning adicara ingkang kedah dipunlampahaken ing pahargyan.

e)

Tiyang ingkang jejibahanipun ngawontenaken pawiwahan

2.

Ing ngandhap menika ingkang kalebet jejibahanipun pranatacara, kejaba….

a)

mranata saha nglantaraken lampahing setunggalipun acara supados cepet lan gayeng.

b)

minangka pamedhar sabda/pambagyaharja (sambutan) lan tanggap wacana (pidato)

c)

ngaturaken wara-wara

d)

nyandra

e)

niti priksa ingkang sami nawung kridha

3.

Gatekna andharan titikan basa salebeting pranatacara lan tanggap wacana ing ngandhap menika !

1.       Bahasa krama alus

2.       Bahasa krama alus, krama inggil (gumantung swasana)

3.       Pamilihan tembung cekak aos

4.       Pamilihan tembung ingkang narik kawigaten

5.       mbukak nutup acara, nata lumakune acara, ngrangkum acara.

6.       Informatif, ngajak-ajak

Pranatacara menika beda kaliyan tanggap wacana. Wonten ing inggil menika pundi ingkang nedahaken titikanipun pranatacara….

a)

1,2,3   

b)

4,5,6

c)

2,4,5

d)

1,3,6

e)

2,3,5

4.

Metode ingkang dipunginakaken nalika pranatacara mawi cara mirasani cathetan-cathetan alit inggih menika metode….

a)

Apalan

b)

Maos naskah utawi teks

c)

Impromtu

d)

Ektemporan

e)

Ekpromtu

5.

Sangu pokok pranata cara menika kedah ngudi dhumateng kasusilan, subasita, tata krama, patrap utawi sikep. Andharan kasebat minangka salah setunggal sangunipun pranatacara inggih menika….

a)

kawruh

b)

etika

c)

estetika

d)

teknik pranatacara

e)

kagungan seni

6.

Bilih kepingin dados pranatacara ingkang becik kedah mangertos wontenipun….

a)

Olah basa lan sastra, olah swara, olah sastra, olah jiwa

b)

Olah swara, olah busana, olah sastra, olah raga

c)

Olah raga, olah wirama, olah rasa, olah budaya

d)

Olah swara, olah kridha, olah busana, olah jiwa

e)

Olah basa, olah kridha, olah swara, olah raga

7.

Bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika nindakaken pranatacara inggih menika….

a)

Becikipun ulat mbesengut

b)

Swantenipun ingkang becik menika sora

c)

Gumunjeng ingkang dipundamel-damel

d)

Saged njumbuhaken swasana

e)

Boten perlu nggatosaken pamedhar sabda

8.

Ingkang kedah dipunandharaken dening pranatacara wontening pambuka inggih punika….

a)

Atur panuwun

b)

Nyuwun pangapunten bilih wonten kaluputan.

c)

Bakunipun adicara ingkang badhe dipunlampahaken

d)

Atur pakurmatan dhateng para rawuh

e)

Damel dudutan bab ingkang dipunandharaken.

9.

Ing ngandhap punika struktur teks pranatacara inggih punika….

a)

Tema, pambuka, isi, panutup

b)

Pakurmatan, pambuka, panutup

c)

pambuka, isi, lan pangarep-arep

d)

pambuka, rantaman baku,  panutup

e)

pambuka, isi/karep/, lan panutup

10.

Ing ngandhap punika  penganggone basa ingkang trep inggih punika….

a)

Ingkang panjenengan aturaken kalawau kula dereng mangertos

b)

Panjenengan kalawau sejatosipun rak sampun kula dhawuhi ta ?

c)

Bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun duka.

d)

Nyuwun pangapunten anggen kula rawuh kalawau radi kasep !

e)

Kula wau nembe dhahar lan ngunjuk wonten dalemipun eyang.