NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 45
Worksheet time: 23mins
Cerita wayang "Anoman Dhuta" iku kalebu cerita wayang epos....
Ramayana
Mahabharata
Arjunawiwaha
Karmapala
Paraga wayang kasebut asmane yaiku....
Anoman
Ramawijaya
Rahwana
Laksmana
Paraga wayang kasebut ana ing cerita "Anoman Dhuta" minangka Raja ana ing negara Alengka kang duweni watak....
Lembah manah
Angkara murka
seneng tetulung
sabar lan narima
Paraga wayang ing ngisor iki kang diarani Anoman yaiku....
Anoman minangka dadi dhuta Ramawijaya supaya goleki Dewi Shinta.
Tegese "Dhuta" yaiku....
Utusan
Raja
rewang
kanca
Dewi Shinta weruh Kidang kencana kang minangka klangenane, penggalihe Shinta seneng campur gumun.
Tembung "Klangenane" tegese....
Kasenengane
ingon-ingon
kewan alas
kanca raket
Shinta Kadhusta dening Rahwana diboyong menyang Alengka.
Tegese "kadhusta" yaiku....
Kapusan
Kacolong
dipateni
dirangket
Gambar wayang kasebut duweni watak yaiku....
adigang adigung adiguna
ksatriya sejati
brangasan
pandung/maling
Prabu Rama Wijaya iku Ratu ing....
Alengka
Ayodya
Pancawati
Kendhalisada
Anoman dadi dhuta Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Kaputren, ing kono Anoman bisa nemoni...lan...
Dewi Shinta lan Dewi Nagagini
Dewi Shinta lan Dewi Trijatha
Dewi Trijatha lan Dewi Uma
Dewi Arimbi lan Dewi Kunthi
Minangka karya tandha bukti yen Anoman utusane Rama Wijaya banjur ngaturake piranti kagem Dewi Shinta awujud...
Kalpika/ali-ali
Gelang
kalung
cundhuk
Dasanamane Anoman ing ngisor iki, kajaba....
Wanara seta
Kapi Seta
Rewandaseta
wanara Kreo
Sawise konangan para prajurit Alengka banjur Anoman kapatrapan paukuman....
tigas jangga/gulu
pakunjara
obong
gantung
Anoman tatag tanggon tanpa miris sanajan diwenehi paukuman obong nanging ora gigrig manahe amarga dheweke duweni pemanggih....
sapa salah bakale seleh
rukun agawe santoso crah agawe bubrah
becik ketitik ala ketara
sluman slumun slamet
Kepriye watake paraga wayang Dewi Shinta....
kumayu
Drengki srei
setya tuhu
angkara murka
Kenging punapa Rahwana ndhusta Dewi Shinta...
amarga ayu arep dipek bojo
mergane ora seneng Rama Wijaya
arep dipateni
arep didadekake rewang/pembantu
Sapa kang diutus Rama Wijaya golek sisik melik/mata-mata....
Laksmana
Anoman
Rahwana
Dewi Shinta
Penggalihe Prabu Rama sungkawa nalika Dewi Shinta ora ana.
Tegese "sungkawa" yaiku....
seneng
sedhih
bungah
wedi
Shinta diweling ora kena nerak wewaler dening Prabu Rama.
Tembung "wewaler" tegese yaiku....
tlatah
pranatan/aturan
wulangan
sandhangan
Kepriye kahanan bangunan, omah-omah sawise diencoki dening anoman rikala dipatrapi paukuman...
aman
kobong kabeh
ambruk
ndhoyong
Bima mulih jam telu sore. Tembung basa krama lugune ....
dhateng
wangsul
kondur
kesah
Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kajaba ....
Boros, wragade akeh lan larang.
Nglatih kelantipan, ketrampilan.
Gawe anak sehat, seger waras.
Bisa gawe rukun sakancane.
Bapak nitih sepedhah montor dateng kantor, dene adhiku ... sepedhah menyang sekolahan.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
nitih
numpak
mlaku
nggonceng
Bima tumbas buku.
Ukara iki klebu jinise ....
krama alus
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
Paragrap kang idhe pokoke ana ing ukara wiwitan, yaiku ....
dheduktif
campuran
indhuktif
narasi
Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...
Dhefinisi Umum
Identifikasi
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra
Basa Rinengga
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni
Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna
Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...
Jejer
Wasesa
Lesan
Katrangan
Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap
Kancaku maca buku nganggo kacamata.
Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.
Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.
Ibu masak sayur lodheh senenganku.
Sing diarani ukara andharan yaiku : ...
Ukara kang mratelakake rasa pangrasa
Ukara kang isine aweh pawarta
Ukara kang isine ngongkon
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...
Ukara Sambawa
Ukara Panguwuh
Ukara Pitakon
Ukara Andharan
Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...
Panasa ta klambiku ben ndang garing.
Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
Hore ,aku entuk biji satus !
Aksara kang digawe kanggo
njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...
Aksara Rekan
Aksara Swara
Aksara Murda
Aksara Legena
Wulan April
Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...
Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...
Yen ditulis nganggo aksara latin : ...
Abbas lagi panas.
Arman lagi mangan.
Akbar lagi mangan.
Sabar lagi panas
Yen ditulis nganggo aksara latin : ...
Pitri budhal nyanyi
Fitri budhal ngaji
Putri budhal ngaji
Fitri budal ngaji
Bukune ana 25.
Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...
Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk
Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.
Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran
Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata
Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......
epilog
monolog
dhialog
prolog
Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...
fabel
legendha
sage
mite
Sumber crita wayang asale saka ....
Tanah Jawa
Indonesia
India
Arab
"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"
Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....
Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis
Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis
Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis
Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis
