wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Jawa

Total questions: 22

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Reriptan utawa dhapuking basa mawa paugeran tartamtu

(gumathok) kang pamacane dilagokake nganggo kagunan swara diarani Tembang ....

a)

Asmara

b)

Tresna

c)

Macapat

d)

Canpursari

e)

Dolanan

2.

Ingkang wujude angka-angka sing bisa nggambarake laras kanggo nglagokake tembung

(not) diarani ....

a)

Titi

b)

Laras

c)

Titi Laras

d)

Cakepan

e)

Grambyang

3.

Unen-unen ing tembang utawa tetembungan kang kanggo nglagokake ana ing

tembang diarani ....

a)

Tembang

b)

Cakepan

c)

Titi Laras

d)

Macapat

e)

Grambyang

4.

Njipuk nada kanthi sak napas saka nada sing paling dhuwur nganti nada

cendhak, kanggo ngepaske nada yen arep nembang macapat diarani ....

a)

Macapat

b)

Cakepan

c)

Titi Laras

d)

Grambyang

e)

Tembang

5.

Tembang macapat iku kaiket ing telu wewaton / aturan ajeg kang dadi pratandha utawa ciri

khas kang bisa mbedakake antarane tembang siji lan liyane, kang diarani ....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru Wilangan

d)

Pakem

e)

Laras

6.

Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra diarani ....

a)

Pakem

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Lagu

e)

Grambyang

7.

Tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra, diarani ....

a)

Pakem

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Lagu

e)

Grambyang

8.

Cacahing larik saben sapada, diarani .....

a)

Pakem

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Lagu

e)

Grambyang

9.

Ing gowa garbane kandutane biyung uripe manungsa bakal ngambang sakdurunge lair ing donya)

Nggambarake jabang bayi sing isih ana ing kandhutane ibune, sing durung

kawruhan lanang apa wadon.

Arane Tembang .....

a)

Maskumabang

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Sinom

e)

Asmaradana

10.

Manungsa lair ing alam donya metu saka guwa garbane Biyung/Ibu/Simbok.

Ateges wis lair jabang bayine wujud lanang apa wadon.

Arane Tembang .....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Sinom

e)

Asmaradana

11.

Nalika isih cilik kudu dituntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku

ngambah panguripan ing alam donya.

Arane Tembang ....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Sinom

e)

Asmaradana

12.

Yen wis rumaja isih enom, tegese kanoman minangka kalodhangan sing paling penting kanggone

rumaja supaya bisa ngangsu kawruh sakakeh-akehe.

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Sinom

e)

Asmaradana

13.

(Duweni rasa tresna / katresnan marang wong liya)

Tegese rasa tresna, tresna marang liyan (lanang lan wadon) kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi.

Arane Tembang ....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Kinanthi

d)

Sinom

e)

Asmaradana

14.

Sawise mangku kulawarga kudu ngerti marang prakaraning urip.

Saka tembung jumbuh / sarujuk, kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur ndang digathukake antarane lanang lan wadon

sing padha nduweni rasa tresna mau, ing tembe supaya bisaa urip bebrayan sesarengan.

Arane Tembang ....

a)

Gambuh

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Pangkur

e)

Pocung

15.

Sing lagi nandhang tresna, swasana katon endah lan manis. Nggambarake wong kang lagi seneng-seneng, apa kang digayuh bisa kasembadan.

Kelakon nduwe sisihan / kulawarga, griya, urip cukup kanggo sakulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine.

Arane Tembang ....

a)

Gambuh

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Pangkur

e)

Pocung

16.

Tambah tuwa saya mundur Saka tembung weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih

marang Kadang Mitra liyane kang lagi nandhang kacintakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadhapadha.

Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Arane Tembang ....

a)

Gambuh

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Pangkur

e)

Pocung

17.

Mungkur ing kadonyan ngadhepi akherat mula gentur tapane.

Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepengin weweh sapadha-padha.

Arane Tembang ....

a)

Gambuh

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Pangkur

e)

Pocung

18.

Banjur dibuntel jisime/ragane. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih sak durunge dikubur.

Arane Tembang ....

a)

Gambuh

b)

Dhandhanggula

c)

Durma

d)

Pangkur

e)

Pocung

19.

Jinise tembang macapat sing durung ana ing piihan yaiku Tembang ....

a)

Maskumambang

b)

Mijil

c)

Megatruh

d)

Pangkur

e)

Kinanthi

20.

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

Guru Gatra .... gatra lan jinise tembang .....

a)

10, Dhandhanggula

b)

9, Durma

c)

9, Sinom

d)

8, Asmaradana

e)

8, Pangkur

21.

(1) Guru Gatra ana 4, Tembang Maskumabang lan Pocung

(2) Gatra ana 5, Tembang Gambuh lan Megatruh

(3) Gatra ana 6, Tembang Mjil lan Kinanthi

(4) Gatra ana 7, Tembang Asmaradana, Durma, lan Pangkur

(5) Gatra ana 9, Tembang Sinom lan Gatra ana 10, Tembang Dhandhanggula

Analisis Guru Gatra Tembang Macapat ing dhuwur sing ora bener yaiku nomer .....

a)

1

b)

3

c)

5

d)

2

e)

4

22.

Tembang Macapat kang Guru gatrane ana 6 gatra, Guru wilangane unik ana 8 wanda ing sakabehe gatra. Guru lagune u, i, a, i, a, i yaiku Tembang ....

a)

Miji

b)

Kinanthi

c)

Asmaradana

d)

Durma

e)

Pangkur