wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

MULAT SARIRA HANGRASA WANI

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

marma den taberi kulup

angulah lantiping ati

rina wengi anedya

pandak panduking pambudi

bengkas kahardaning driya

supaya dadya utami

wos surasane tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

b)

ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail ora ngangsa, lan mung anteng ing ati

c)

nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane

d)

ngilangake rasa sama lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu

e)

aja tumindak kang sakpenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ati-ati

2.

sirnakna semaning kalbu

den waspada ing pangeksi

yeku dalaning kasidan

sinuda saka sethithik

pamothahing nepsu hawa

linalantih mamrih titih

wos surasane tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

b)

ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati

c)

aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ati-ati

d)

ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu

e)

nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane

3.

mangka ta kang aran laku,

lakune ngelmu sajati,

tan dahwen pati openan,

tan panasten nora jahil,

tan njurungi ing kaardan,

amung eneng mamrih ening,

wos surasane tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane

b)

ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu

c)

aja tumindak kang sakpenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati

d)

ngelmu kang sejati iku yen ora meri ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati

e)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

4.

aywa mamatuh nalutuh

tanpa tuwas tanpa kasil

kasalibuk ing srabeda

marma dipun ngati-ati

urip keh rencananira

sambekala den kaliling

wos surasane tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ati-ati

b)

ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu

c)

ngelmu kangsejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati

d)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

e)

nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane

5.

upamane wong lumaku

marga gawat den liwati

lamun kurang ing pangarah

sayekti karendhet ing ri

apese kasandhung padhas

babak bundhas anemahi

wos surasane tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

wong kang kurang pangati-ati cilaka tembene

b)

lumaku ing dalan kang kebak pacoban

c)

pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

d)

yen kurang pangati-ati

e)

bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan

6.

upamane wong lumaku

marga gawat den liwati

lamun kurang ing pangarah

sayekti karendhet ing ri

apese kasandhung padhas

babak bundhas anemahi

tembang ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

megatruh

b)

gambuh

c)

kinanthi

d)

maskumabang

e)

mijil

7.

babak bundhas anemahi ateges . . . .

a)

bakal enthuk kacilakan ing sadalan-dalan

b)

yen kurang pangati-ati

c)

pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

d)

lumaku ing dalan kang kebak pacoban

e)

wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

8.

lamun kurang ing pangarah ateges . . . .

a)

wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

b)

bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan

c)

lumaku ing dalan kebak pacoban

d)

yen kurang pangati-ati

e)

pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

9.

upamane wong lumaku, marga gawat den liwati ateges . . . .

a)

pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

b)

lumaku ing dalan kang kebak pacoban

c)

wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

d)

bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan

e)

yen kurang pangati-ati

10.

sayekti karendhet ing ri, apese kasandhung padhas ateges . . . .

a)

yen kurang pangati-ati

b)

pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

c)

lumaku ing dalan kang kebak pacoban

d)

wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

e)

bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan