wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH UNGGAH UNGGUH BASA

Total questions: 50

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

"Mangkih siyang menawi siyos, bapak kula ajeng tumbas montor."

Ukara iki migunaake unggah ungguh basa ragam....

a)

kramantara

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

e)

krama alus

2.

"Pak Bima mau (ngomong) menawa garapane bisa diklumpukake ana ing kantor guru." Tembung kang dikurung supaya trep unggah ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi....

a)

ngandhani

b)

sanjang

c)

ngomong

d)

ngendika

e)

matur

3.

"Sampeyan wis nggarap tugase sik wingi?" Ukara kasebut kagolong ragam....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus

e)

krama inggil

4.

Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung kang dikurung supaya trep unggah ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi....

a)

diparingi

b)

dicawisi

c)

dicepaki

d)

diwenehi

e)

diaturi

5.

Pak Agus sampun dhahar menapa dereng? Tuturan kuwi mau nggunaake unggah ungguh basa ragam...

a)

ngoko

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

e)

krama inggil

6.

"Mangga katuran pinarak ing griya kula." Tembung griya kagolong ragam....

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama lugu

e)

krama inggil

7.

Basa krama alus nggambarake sesambungan kang...

a)

ora ngajeni

b)

ora urmat

c)

urmat banget

d)

raket

e)

raket banget

8.

Basa ngoko alus nggambarake sesambungan olehe kekancan wis....

a)

adoh

b)

sedheng

c)

ora kenal

d)

raket

e)

adoh banget

9.

Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar?

Ukara kasebut menawa didadekake ngoko alus sing bener yaiku....

a)

kowe wis rampung anggone mangan?

b)

njenengan sampun rampung anggone dhahar?

c)

samang mpun rampung anggone mangan?

d)

sampeyan sampun rampung anggone mangan?

e)

panjenengan wis rampung anggone dhahar?

10.

Panjenengan sida arep tindak apa ora, Mas? Tuturan kui nggunaake unggah ungguh basa ragam....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama lugu

e)

krama inggil

11.

Sinjang menika dipunbektaaken saking kraton. Tembung kang durung trep unggah ungguhe miturut ragam krama inggil yaiku...

a)

sinjang

b)

menika

c)

dipunbektaaken

d)

saking

e)

kraton

12.

ing ngisor iki pratelan kang trep kanggo ngandharake undha usuk basa yaiku....

a)

unggah ungguh basa sing ngemu pakurmatan

b)

piranti kanggo micara

c)

ngoko,ngoko alus, krama,krama inggil

d)

piranti kanggo rembugan

e)

undhakane basa

13.

unggah ungguh basa kang dumadi saka tembung ngoko katambahan tembung krama diarani unggah ungguh basa jawa ragam....

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama inggil

d)

ngoko

e)

ngoko alus

14.

unggah ungguh basa kang tembunge migunaake tembanung ngoko kalebu ater ater lan panambange diarani....

a)

krama

b)

krama alus

c)

krama inggil

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

15.

unggah unggih basa kang tembunge dumadi saka tembung krama kabeh lan ditambah migunaake tembung krama inggil diarani....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama inggil

e)

krama lugu

16.

gatekna gunemane salah sawijining wong karo kanca sekantore!

Pak Adit : "Pak Andi nuwun sewu,Panjenengan mau wis dhahar apa durung?"

Pak Andi : " Aku ta, lha yen aku yo durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku jajan neng warung?"

tuturan mau migunaake unggah ungguh basa jawa ragam....

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus

e)

krama inggil

17.

Gatekna guneman ing ngisor iki!

Wisnu : " Kados pundi mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng?

Eyang :"Rasane kok durung ki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari?"

Wisnu : " Mekaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindhak dhateng Puskesmas, kersanipun dipriksa dening Pak Dhokter."

tuturane Wisnu mau migunaake ragam...

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama inggil

e)

krama lugu

18.

Gatekna guneman ing ngisor iki!

Wisnu : " Kados pundi mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng?

Eyang :"Rasane kok durung ki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari?"

Wisnu : " Mekaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindhak dhateng Puskesmas, kersanipun dipriksa dening Pak Dhokter."

tuturane Eyang mau migunaake ragam...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus

19.

Andharan ingkang trep menawi tiyang sepuh dhateng putra wayah menapa dene dhateng lare anem sanesipun migunaake basa...

a)

ngoko

b)

krama

c)

krama alus

d)

krama inggil

20.

Ragam ngoko alus saged dipun ginaaken dening...

a)

dhateng sesami kanca ingkang sampun supeket

b)

dhateng sesami kanca ingkang dereng supeket

c)

tiyang ingkang nembe ngudarasa kalian piyambakipun

d)

tiyang enem dhateng tiyang sepuh

e)

ibu dateng eyang

21.

Basa krama ora kena kanggo dhewe amarga....

a)

ngurmati mitra wicara

b)

ngisin isinke mitra wicara

c)

mbasakake awake dhewe

d)

mbasakake wong liya

e)

ngurmati awake dhewe

22.

Basa ngoko nggambarake sesambungan olehe kekancan...

a)

rumaket

b)

adoh

c)

sedhengan

d)

adoh banget

e)

rada adoh

23.

Mas Rudi nyampingi adhiku. tembung kang kagaris ngisor supaya trep diowahi dadi....

a)

nyedhaki

b)

nglambeni

c)

njariki

d)

ngathoki

e)

nyepaki

24.

Bapak :" Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!"

Anak : "...."

lumrahe anak mangsuli nganggo ukara....

a)

iya Pak

b)

Ora Pak

c)

inggih Pak

d)

Boten pak

e)

Siap Pak

25.

Menawi mekaten, sakderengipun kula outbond, langkung rumiyen taken dhumateng Bapak supados menawi outbond boten gunyak ganyuk nglelingsemi."

tembung ingkang kacithak miring menawa didadekke basa ngok tegese....

a)

nyenengke

b)

mongkok

c)

sumringah

d)

ngisin isini

e)

gawe bungah

26.

Badhe ngaturi pira bilih benjing wonten kempalan RT. Yen diowahi dadi ngoko lugu yaiku....

a)

ajeng ngaturi pirsa menawa benjang wonten kempalan RT

b)

Ajeng menehi pirsa biih benjing ana kumpulan RT

c)

Arep menehi ngerti menawa benjing wonten kumpulan RT

d)

Arep menehi ngerti menawa sesok ana kumpulan RT

e)

Arep menehi ngerti menawa suk ana kumpulan RT

27.

Mbok kowe nyare kene wae.

tembung kangkurang trep yaiku...

a)

kowe

b)

nyare

c)

kene

d)

wae

e)

mbok

28.

Menawa murid mangsuli pitakone guru kudune nganggo basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko

d)

krama inggil

29.

Wangkingan menika kangunganipunPB IV. tembung ingkang kagaris ngisor menawa digawe ngoko dadi....

a)

tombak

b)

pedang

c)

keris

d)

blangkon

e)

klambi

30.

Simbah midhangetaken giyaran ringgit wacucal

a)

bener

b)

salah

31.

Kamar kuwi dinggo sare Ami lan Rika wingi bengi.

a)

bener

b)

salah

32.

Padharanipun simbah lara.

a)

bener

b)

salah

33.

Kucing kuwi anggone mlayu banter banget.

a)

bener

b)

salah

34.

bapak nembe wae teka saka Jakarta

a)

bener

b)

Salah

35.

Aku ngampil bukune tinah.

a)

bener

b)

salah

36.

Beja tenan adhiku bisa ngrawuhi adicara kang agung iku mau.

a)

bener

b)

salah

37.

Pakdhe sida tindhak menyang Pekanbaru.

a)

bener

b)

salah

38.

Bukune Rian pun tak wangsulke.

a)

bener

b)

salah

39.

Rahmat sowan eyange ing Purwakerta

a)

bener

b)

salah

40.

Mau bengi ana lelayu saka budhe,arep dikubur mengko awan.

a)

bener

b)

salah

41.

Adiku dakaturi lingguh sisehku.

a)

bener

b)

salah

42.

Bu Endang tindhak sekolah wau enjang.

a)

bener

b)

salah

43.

Rasukanipun Bu Umi sampun dipun jahit.

a)

bener

b)

salah

44.

Anthukipun tidhak Mekah Bulik Nitih Pesawat .

a)

bener

b)

salah

45.

Awakku dadi kuru amarga kakean melek mbengi dolanan game.

a)

bener

b)

salah

46.

Pundhutan pinten jeram menika?

a)

bener

b)

salah

47.

BUlik nembe mawon dhahar lotis.

a)

bener

b)

salah

48.

Rayi kula sare wonten dalempipun simbah

a)

bener

b)

salah

49.

waosipun ibu gerah sampun tigang dinten menika

a)

bener

b)

salah

50.

Adik nembe midangetaken giyaran TV.

a)

bener

b)

salah