WorksheetsWAYANG RAMAYANA - ANOMAN DUTA
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Lakon Wayang Anoman Duta kajupuk saka crita wayang ....
Ramayana
Mahabarata
Purwa Kandha
Hasthabrata
Ing lakon Anoman Duta, Dewi Sintha kadhusta dening ....
Prabu Lesmana
Prabu Ramawijaya
Prabu Rahwana
Prabu Dasarata
Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta didustha dening Rahwana.
maknane tembung kang dicetak miring yaiku...
diicekel
diculik
dilarani
diapusi
Anoman karo Anggada iku paraga sing wujude wanara. Tembung wanara tegese pada karo ....
menungsa
dewa
kethek
buta
Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan dhateng Dewi Shinta banjur ngaturaken kalpika saka Prabu Ramawijaya.
Tembung kalpika kuwe tegese ….
Ali-ali
kalung
suweng
gelang
Paraga kang nambani Anoman nalika wuta yaiku ....
Garudha Jathayu
Garudha Sempati
Ditya Wil Kataksini
Dewi Sayempraba
Ing ngandhap menika ingkang sanes garwanipun Prabu Dasarata inggih menika ...
Dewi Kekayi
Dewi Sumitra
Dewi Kosalya
Dewi Trijatha
Prabu Rama nganakake sayembara "sapa kang paling cepet bisa tekan Ngalengkadiraja. kang menang yaiku Anoman amarga dheweke saguh menyang Ngalengka kanthi wektu ...
sedina
setaun
seminggu
sejam
Aku iki sawijining ksatria ing lakon wayang Ramayana. Aku putrane Prabu Dasarata saking negara Ayodya. Aku kagungan garwa kang ayu banget jenenge yaiku Dewi Sinta. Tumindak lan lakuku adil tur becik. Aku yaiku ....
Prabu Ramayana
Prabu Rahwana
Prabu Lesmana
Prabu Ramawijaya
Aku sawijining paraga wayang Ramayana. Aku duweni watak kang culika sarta durjana. Jenengku yaiku Prabu Rahwana, kadang kala ya ana sing nyebut Prabu Dasamuka. Aku raja ing negara ....
Ayodya
Alengka
Astina
Amarta
Aku iki peksi garuda sing bisa tata jalma kaya manungsa. Jenengku Jatayu. Ing crita epos Ramayana, jejibahanku nulungi Sang Dewi Sinta kang dinusta dening Rahwana. Nalika perang karo Rahwana, perangan awakmu kang cidra yaiku ....
Awak
sikil
swiwi
endhas
Aku iki sawijining ksatria ing lakon wayang Ramayana. Aku putrane Prabu Dasarata lan Dewi Sumitra saking negara Ayodya. Aku duwe sedulur kembar jenenge Satrugna. Nalika lunga saka kraton Ayodya, aku nderekke Kakang lan mbakYuku lunga ing ....
Alas Kurusetra
Alas Dandaka
Alas Ngalengka
Taman Argasoka
Aku garwane Prabu Ramawijaya. Putrane Prabu Janaka. Aku kawentar (terkenal) ayu banget rupane, amarga titisane Dewi Widowati. Aku iku putri saka kraton ....
Ayodya
Mantili
Astina
Amarta
Aku iki sawijining paraga ing epos Ramayana kang nduweni watak ala. Jenengku Kala marica. Aku utusane Prabu Rahwana kang angkara murka. Nalika iku, aku diutus dening Raja Alengka supaya nggodani Dewi Sinta kanthi cara maleh wujudku dadi ....
Kidang kencana
Garuda kencana
Wanara seta
Kethek putih
Nalika ing taman Asoka, Anoman kepanggih Dewi Sinta. Dewi Sinta lagi nandang duhkita, amarga kapisah kaliyan garwane Prabu Ramawijaya. Anoman banjur maringake marang Dewi Sinta, kalpika/ali-ali titipane Ramawijaya.
Tembung DUHKITA tegese ...
kelaran
sedhih, nelangsa
bungah
sumelang
Prabu Ramawijaya mangertosi yen Dewi Sinta diculik dening Rahwana. Prabu Ramawijaya banjur ngutus sawijining duta utawa utusan menyang Kraton Ngalengka kanggo mangerteni kahanane Kraton kasebut. Paraga kang dadi utusan yaiku ...
Raden Sugriwa
Raden Laksmana
Raden Anoman
Raden Anggada
Dewi Sinta nalika dinusta dening Rahwana banjur dimapanake ing negara Ngalengka. Dewi Sinta mapan ing .....
Alun-alun Ngalengka
Taman Kurusetra
Taman Argasoka
Pendhapa Ngalengka
Anoman dadi utusan menyang Kraton Ngalengka. Anoman iku sekti mandraguna amarga taksih keturunan dewa, yaiku...
Bathara Surya
Bathara Bayu
Bathara Naradha
Bathara Wisnu
Sadurunge menyang Ngalengka, Anoman menyang Kahyangan nemoni Bthara Surya supaya ...
dikancani menyang Ngalengka
Bathara Surya ngendheg srengege kareben ora angslup
digawani geni saka srengenge
diampuni salah lan dosane
Senajan nemoni pambengan kang matumpa-tumpa, wiwit saka dipangan dening Ditya Wil Kathaksini, diracun dening Dewi Sayempraba, banjur arep kapidana besmi ing Ngalengka, nanging Anoman ora pupus usahane. dheweke saguh tanpa gumingsir netepi janjine bisa bali nggawa Dewi Sinta kanthi wektu sedina.
Saka pethilan crita kuwi piutur sing bisa kita jupuk yaiku ...
Yen diparingi tanggung jawab kudu dilakoni kanthi temen lan netepi janji kang wis diucap.
Yen usaha nanging ora ana hasile, mending ganti usaha liyane wae.
yen diparingi amanah, ora perlu dilakoni mundhak kudu tanggung jawab
supaya kasil usahane, kudu sregep nggresula lan sambat.
