WorksheetsPH BAB 1 LAPORAN HASIL OBSERVASI
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...
Dhefinisi Umum
Identifikasi
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra
Basa Rinengga
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni
Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna
Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap
Kancaku maca buku nganggo kacamata.
Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.
Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.
Ibu masak sayur lodheh senenganku.
Sing diarani ukara andharan yaiku : ...
Ukara kang mratelakake rasa pangrasa
Ukara kang isine aweh pawarta
Ukara kang isine ngongkon
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan
Teks laporan observasi umum diwiwiti (diawali) saka definisi umum
Bener
Salah
Tujuwan teks laporan observasi yaiku kanggo menehi (memberikan) informasi ngenani penelitian kang wis dilakoni
Bener
Salah
Ing ngisor iki sing klebu struktur lan isi laporan asil observasi yaiku ....
latar panggonan
latar wektu
amanat
obyek sing diobservasi
Dina Sabtu, Ahmad lan kanca-kancane nyemak/ ngobservasi maneka kewan ing Kebun Binatang Surabaya.
Obyek sing diobservasi yaiku ....
dina Sabtu
Ahmad lan kanca-kancane
maneka kewan
Kebun Binatang Surabaya
Dina Sabtu, Ahmad lan kanca-kancane nyemak/ ngobservasi maneka kewan ing Kebun Binatang Surabaya.
Papan observasi ing teks dhuwur yaiku ....
dina Sabtu
Ahmad lan kanca-kancane
maneka kewan
Kebun Binatang Surabaya
Bab-bab ing ngisor iki sing kudu digatekake nalika nulis laporan, KECUALI ....
judul kegiatan
objektif
jangkep
tepat waktu
Ing ngisor iki struktur lan isi laporan asil observasi, KECUALI ....
papan observasi
wektu pengamatan
asile observasi
objektif
pengalaman sing isine kedadeyan-kedadeyan sing gawe ati seneng diarani ....
pengalaman sing nrenyuhake
pengalaman sing nyedihake
pengalaman sing nyenengake
pengalaman gawe susahe ati
Struktur lapuran asil observasi yaiku ing ngisor iki, kajaba ....
dhefinisi umum
dheskripsi bagean
dheskripsi manfaat
dheskripsi observasi
Perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane. Iki kalebu tegese struktur laporan asil observasi bagean ....
dhefinisi umum
dheskripsi bagean
dheskripsi manfaat
dheskripsi observasi
Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pukulinan ala kuwi,manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake bebaya banjir kaya kang wis kedadean ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan alawis samesthine kudu enggal kita tinggal.
Pada/paragraf kasebut kalebu ing struktur laporan asil observasi perangan ....
dhefinisi umum
dheskripsi bagean
dheskripsi manfaat
dheskripsi observasi
Struktur lapuran asil observasi perangan dheskripsi bagean/klasifikasi tegese ....
dhefinisi sing paling umum
simpulan utawa dudutan panliten
mupangate panliten
gegambaran kang luwih rinci
Ukara tanduk yaiku ....
ukara kang wasesane pikantuk ater-ater anuswara
ukara kang wasesane pikantuk ater-ater tripurusa
ukara kang tegese pengarep-arep
ukara kang tegese menehi prentah
Wacanen teks laporan asil observasi ing ngisor iki kanthi titi!
Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.
Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang kalestarene lingkungan. Pembiji ngenani sekolah adiwiyata mawa lelandhesan patang ukuran, yaiku pengembangan kebijakan sekolah peduli dan berbudaya lingkungan, pengembangan kurikulum berbasis lingkungan, pengembangan kegiyatan berbasis partisipatif, lan pengelolaan dalasan pengembangan sarana pendukung sekolah.
Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing....
Peduli marang kalestarene lingkungan
Peduli marang bocah-bocah sing mlarat
Ora seneng karo kalestarene lingkungan
Kepingin dadi sekolah taraf internasional
Struktur teks asil observasi kang mujudake andharan umum ngenani teks laporan asil observasi diarani....
Pambuka
Panutup
Saran
Isi
Gatekna teks laporan asil observasi ing ngisor iki!
Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan. Sanajan wiwitane wujud bisnis sampingan wusanane ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake.
Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang. Saka katelu indhustri omahan kasebut isih bisa kaperang maneh dadi pirang-pirang kegiatan usaha. Usaha jasa, yaiku sawenehing wujud usaha dilakokake dening pawongan kang ngepenake keahlian,tuladhane jasa bengkel mobil,gerji, jasa ngumbah karpet, lan liya-liyane.
Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni. Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan ditemoni jinis kripik tempe lan kripik tela, ing Malang saiki bisa ditemokake maneka jinis kripik, utamane kripik maneka wohwohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang jangkep menawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau.
Apa judul kang trep kanggo wacan ing nduwur ?
Industri Jasa
Industri Kripik
Industri Barang
Industri Omahan
