Font size
WorksheetsBahasa Jawa Kelas 6 Sub Tema 1
Total questions: 41
Worksheet time: 1hrs 3mins
Pidhato yaiku omongan kang ditata kanthi apik lan diwedharake marang wong liya.Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.
Sing diarani pidhato utawa sesorah miturut wacan ing dhuwur yaiku…
a. Ketrampilan gomongana ngarepe wong liyo men lega atine
b. ketrampilan medhrake gagasan kanthi basa tulis ana ngarepe wong akeh
c. ketrampilan tulis ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.
d. ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging … ingkang kathah.
Ukara kang trep kanggo ngganepi teks pidato ana ing nduwur yaiku ….
a. pangaksami
b. panuwun
c. pangestu
d. Palilah
Ukara isi sesorah perpisahan kelas enem kang bener yaiku….
a. Wasana cekap semanten atur kula wonten klenta-klentunipun kulu nyuwun pangpunten
ih
b. Mangga sesarengan kita ngonjukaken syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha As
c. Kula sakanca matursuwun sanget awit sih katresnan bapak /ibu sampun nggulawenthah nganti dumugi paripurna
d. Nyuwun pangapunten manawi wonten klenta klentunipun atur kawula ingkang mboten mranani dhumateng penggalih panjengan sedaya
Wacanen kang patitis!
Surasa utawa isi sesorah yaiku kabeh bab kang wigati kang bakal diwedharake (diterangake) ana ing sesorah. Isi,sesorah mratelakake bab-bab kang dadi wigatining sesorah lan kudu jumbuh karo apa sing bakal diwedharake. Ing acaera perpisahan sig dadi wigati yaiku pamitan lan medharake apa sing wis dilakoni lan ngaturaken panuwun tumrap wong sisng wis nggulawenthah.
Sesorah perpisahan kelas enem bisa ngemu isi kang trep yaiku ….
a. Pakurmatan marang para rawuh
b. Ngaturaken panuwun marang para rawuh
c. Ngucapake salam lan pamitan marang bapak ibu guru
d. Pamitan lan medharake apa sing dilakoni lan panuwun marang bapak ibu guru.
Kula minangka wakil siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru, awit sangking sih katresnan anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Pokok isine pidato ing nduwur yaiku ….
a. Bisa dadi bocah kang pinter
b. Nerusake ing pawiyatan sing luwih dhuwur
c. Nyuwun donga pangestu dhumateng bapak ibu guru kanggo neruske sekolah
d. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak ibu guru anggone nggulawenthah
Gatekna teks pidhato ngisor iki!
1) Assalamualaikum Warahmatullahibarakatuh.
2) Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/lbu ingkang kula urmati, rencang- rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
3) Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan
4) Bapak/lbu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipur nilar Bapak/lbu Guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula sakanca nilaraken Bapak/lbu saha adhik-adhik kelas sedaya.
5) Kula minangka wakil siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru, awit sangking sih katresnan anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
6) Wasana cekap semanten anggen kula matur, mbok bilih wonten kalepatan saha kekirangan anggen kula atur nyuwun pangapunten
7) Wassalamualaikum Warahmatullahibarakatuh.
Nomor lan keterangan cengkorongan pidato kang trep yaiku ….
a. 1) salam pembuka, 4) surasa, 6) panutup
b. 4) pambuka 5) surasa 6) panutup
c. 3) surasa, 4) isi, 5) panutup
d. 4) pambuka, 5) surasa, 7) salam panutup
Wacanen ukara ing ngisor kanti permat!
1. Awit sing katresnan panjengan anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca
2. Kula minangka wakil siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru
3. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten awit asring damel bapak ibu guru duka lan kuciwa.
4. Kula sakanca namung saged memuji, muga-muga sedaya amal kasaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti.
Urutan sesorah ing nduwur kang trep yaiku ….
a. 1 – 3 – 2 - 4
b. 3 – 2 – 1 - 4
c. 2 – 1 – 4 – 3
d. 2 – 3 – 1 – 4
Gatekna tabel iki!
Urut-urutane cara pidhato sing trep yaiku ….
a. 1, 3, 5
b. 1, 2, 3
c. 2, 3, 5
d. 3, 4, 5
Wacanen kanti permat!
(1) isi/ surasa
(2) pambuka
(3) panutup
(4) salam panutup
(5) salam pambuka
Urutane perangan sesorah kang bener yaiku ...
a. 5-2-4-3-1
b. 2-5-1-3-4
c. 5-2-1-3-4
d. 2-5-1-3-4
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
Paugeran sing trep miturut teks pidato ing nduwur yaiku ….
a. siswa kelas enem arep ninggalake sekolah amarga wes lulus seka kelas enem
b. siswa kelas enem maturnuwun marang bapak ibu guru marga wis paring ilmu
c. wong tuwa murid seneng banget marga anake lulus seka kelas enem
d. tamu undangan pada sedih amarga kelas enem pada ninggal
Wacanen kanti permati!
Mboten wonten ingkang saged kita aturaken kagem mbales imbalan Bapak/Ibu guru ing wekdal 6 tahun terakhir. Namung donga ingkang saged kita aturaken, mugi-mugi Gusti Allah tansah maringaken kabagaswarasan, kasarasan lan kabagyan dhumateng Bapak/Ibu guru.
Sapa sing sesorah miturut wacan ing nduwur?
a. bapak/ibu guru
b. kepala sekolah
c. siswa kelas 6
d. adik kelas
Ugi kula suwun nglajengaken pakarti ingkang sae lan tansah sengkud sinau, satemah dados lare ingkang saged njunjung drajading bangsa lan nagari. Tegese tembung sengkud yaiku ….
a. saged
b. yakin
c. manut
d. sregep
Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake pocapan, yaiku ....
a. polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato
b. lafal utawa carane ngucapake tembung kang bener
c. intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep
d. swara kang dihasilke kudu jelas lan banter
Rika entuk tugas makili pidato perpisahan kelas enem. Kang kudu disiapake Rika yaiku ....
a. Parikan
b. geguritan
c. cengkorongan
d. pacelathon
Ing kalodhangan punika, kita sedaya saget ketemu ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan.
Tembung sing ora trep yaiku … saenipun diganti …
a. sedaya, kabeh
b. papan, panggonan
c. ketemu, pinanggih
d. kangge, kanggo
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Bayu : “Bim, ngapa esuk-esuk kowe kok ngantuk?”
Bima : “Iya Bay, amarga mau bengi aku ora bisa turu?”
Bayu : “Loh kok ora iso turu, ana apa?
Bima : “Amarga nunggu bapakku ning rumah sakit.”
Miturut pacelathon ing nduwur, Bima ngantuk amarga ….
a. sinau pacelathon bahasa jawa
b. nggarap tugas nggawe pacelathon
c. ngancani ibune gerah ing rumah sakit
d. nunggu bapake gerah ing rumah sakit
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Ani : ( garuk – garuk sirah, nggarap PR Basa Jawa )
Bapak : "Lagi apa ta, Ndhuk?"
Ani : "Nembe sinau, Pak. Kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi
ingkang dereng kula mengertosi".
Bapak : "Babagan apa ta, Ndhuk?"
Ani : "Tegesipun nakdherek menika napa, Pak?"
Bapak : "Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah."
Ani : "Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan mbak Rini putranipun Pakdhe
Tirto menika ugi saget dipun wastani nakdherek?"
Bapak : "Iya bener Ndhuk, lha wong Pakdhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe
karo Rini iku nakdulur."
Paraga ing pacelathon ing nduwur yaiku ….
a. Ani lan Pakdhe
b. Ani lan Bapak
c. Ani lan Rini
d. Ani lan Ibu
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Ani : ( garuk – garuk sirah, nggarap PR Basa Jawa )
Bapak : "Lagi apa ta ndhuk?" Ani : "Nembe sinau, Pak. Kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi
ingkang dereng kula mengertosi". Bapak : "Babagan apa ta nDhuk?" Ani : "Tegesipun nakdherek menika napa Pak?" Bapak : "Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah." Ani : "Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan mbak Rini putranipun Pakdhe
Tirto menika ugi saget dipun wastani nakdherek?" Bapak : "Iya bener Ndhuk, lha wong Pakdhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe
karo Rini iku nakdulur."
Basa sing digunakake Ani marang bapakke ning pacelathon nduwur yaiku basa ….
a. krama alus
b. krama inggil
c. ngoko alus
d. ngoko lugu
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Bayu : “Bim, ngapa esuk-esuk kowe kok ngantuk?”
Bima : “Iya Bay, amarga mau bengi aku ora bisa turu?”
Bayu : “Loh kok ora iso turu, ana apa?
Bima : “Amarga nunggu bapakku ning rumah sakit.”
Bayu : “ Oh, bapakmu gerah? Lha gerah apa, Bim?”
Bima : …
Wangsulane Bima kang trep yaiku ….
a. “Inggih Bay, bapak kula gerah.”
b. “Iya Bay, bapak gerah tipes.”
c. “Ora lara mung masuk angin.”
d. “Ora gerah, sing gerah ibuku.”
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Mbah Sri : “Din, aku kok ora weruh Ibumu. Ibumu ana ngendi?”
Nurdin : “Ibu durung bali, Mbah.”
Wangsulane Nurdin iku ora trep, sing trep miturut ungah ungguhing basa yaiku ….
a. “Ibu durung mulih, Mbah.”
b. “Ibu dereng wangsul, Mbah.”
c. “Ibu dereng kondur, Mbah.”
d. “Ibu durung wangsul, Mbah.”
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Bapak : “Bagus, mrenea! Rewangono Bapak ngresiki plapon iki!”
Bagus : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak : “Gus, jupukna andha kanggo ngranggeh panggonan sing reged
Bagus : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “Kene… kene, kae lo regete kaya ngana.”
Bagus : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Gus, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”
Bagus : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Pacelathon ing dhuwur ngemu topik ....
a. gawe omah
b. ndandani omah
c. reresik omah
d. mageri omah
Basa kang digunakake marang wong kang diajeni yaiku ....
a. Ngoko
b. krama alus
c. ngoko alus
d. krama lugu
Gatekno pacelathon ing ngisor iki!
Bu Guru:”Bocah-bocah sapa sing durung nggarap PR?”
Bimo :”Kulo Pak, kulo kesupen menawi wonten PR”
Pak Guru:”…”
Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku ….
a. ora popo bijimu wis apik
b. kowe pancen bocah sregep
c. kok kowe malah bali
d. kok kowe iso lali
Supaya ancase kang bakal dikandhakake ana sajroning pacelathon isa ditampa kanthi cetha, rembugan kudu ....
a. ngambra-ambra
b. jumbuh karo bab kang diomongake
c. ngayawara
d. milih-milih sapa kang diajak rembugan
Menawa nulis teks pacelathon, antarane tokoh/lakon Ian ukara pacelathon diwenehi tandha ....
a. titik loro ( : )
b. titik ( . )
c. titik koma ( ; )
d. pitakon (?)
Nalika pacelathon kaliyan kanca sapantaran nggunakake basa...
a. krama madya
b. krama Alus
c. ngoko Lugu
d. ngoko alus
Pacelathon kang nggunakake basa ngoko lugu yaiku ....
a. adhi marang kangmas
b. wong tua marang anak
c. marang wong kang diajeni banget
d. anak marang wong tuo
Gatekno pacelathon ing ngisor iki!
“Diutus Ibu Blanja”
Ibu : “Din,tulung tukokne gula lan teh menyang warunge Bu Sari!”
Dini: “Nggih, Ibu.”.
Ibu : “Tuku gulane sak kilo wae, ya? Iki tak gawani duwit rong puluh ewu”.
Dini : “Nggih, Ibu! Lajeng tehipun tumbas pinten?”
Ibu : “Gula sak kilo Rp 14.000,00. Teh sak bungkus regane Rp. 5.000,00. dadi teh entuk sak bungkus”.
Dini : “Nggih bu”.
Irah-irahan pacelathon ing ndhuwur yaiku ....
a. diutus ibu blanja
b. diutus bude blanja
c. blanja menyang warung
d. blanja gulo karo teh
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : "Beni, deloken jam tembok nang omah kae!"
Beni: “Nggih bu!” (Beni ndeleng jam ing tembok) “Wah! Jarum mboten obah, Bu!”
Ibu : “terus piye ?”
Beni : “batrene kedah di ganthos , Bu!”
Ibu : “ Beni arep ganti batre ?
Beni : “Nggih bu!” (Beni munggah andha).
Ibu : "Ati-ati, Ben!"
Beni : “Nggih bu!” (Nalika njipuk jam tembok, Beni ora ngati-ati).
Ibu : “Wah, jame pecah.”
Beni : “Nuwun sewu, Bu! Beni mboten ngati-ati mendet jam temboke, dados jame dawah."
Ibu : “ora popo,sesuk meneh ojo kesusu lan kudu ngati-ati.”
Amanat pacelathon ing dhuwur sing bisa kanggo patuladhan ing panguripan yaiku ....
a. nek didawuhi ibu lek ndang mangkat
b. yen ngrampungke pagawean aja grusa-grusu
c. senengo tetulung marang sapa wae sing mbutuhake
d. dadi bocah kuwi kudu seneng dikongkon
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Bapak : “Bagus, mrenea! Rewangono Bapak ngresiki plapon iki!”
Bagus : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak : “Gus, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonan sing reged
Bagus : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “Kene… kene, kae lo regete kaya ngana.”
Bagus : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”
Bagus : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Pacelathon ing dhuwur ngemu topik ....
a. gawe omah
b. ndandani omah
c. reresik omah
d. mageri omah
Tembung “mangan nongko” yen ditulis ngango aksara jawa yaiku…
Yen di tulis ngango aksara latin yaiku….
a. Pak Bambang tuku sate
b. Pak Bambang tuku soto
c. Pak Bambang teko solo
d. Pak Bambang seko solo
Kang diarani aksara pengkal yaiku….
Aksara jawa kang ora kena di pepet yaiku….
a. aksara ha lan la
b. aksara ha lan ra
c. aksara la lan ra
d. aksara la lan pa
Jumlahe aksara jawa legena yaiku….
a. 15
b. 20
c. 25
d. 30
Aksara jawa legena iso diarani uga…
a. aksara Carakan
b. aksara Sriwedari
c. aksara Cirikan
d. aksara Blambangan
Tembung ing samping yen ditulis aksara latin yaiku….
a. Gathutkaca gugur
b. Gathutkaca mabur
c. Gathutkaca ajur
d. Gathutkaca akur
Miturut ing wacan, satria kang di critakake asale saka….
a. Madukara
b. Sawojajar
c. Jodhipati
d. Ngastina
Sakwise … , larahane kudu di dibuwang
Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik yaiku….
a. dolan
b. pamit
c. umbah-umbah
d. mangan
Gambarkan ekspresi tercantik dan terganteng kalian...

