wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kelas XI Penilaian Sumatif Semester Gasal Mapel Bahasa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 7hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Serat Tripama kang kanggit dening KGPAA Mangkunegara IV ngemu teges ....

a)

Tulisan kang ngandharake ngenani ajaran kautaman kanggo wong ngaurip

b)

Tulisan kang ngandharake ngenani 3 paraga wayang kang bisa didadekake patuladhan utama

c)

Tulisan kang digawe dening raja Ngayogyakarta

d)

Tulisan kang dumadi saka 5 pupuh tembang yaiku Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi

e)

Tulisan kang bisa digunakake kanggo cekelane wong urip ing bebrayan agung

2.

Tembang macapat kang ngemu surasa utawa pangandikan/ pitutur kang becik yaiku ....

a)

Dhandhanggula

b)

Maskumambang

c)

Megatruh

d)

Pocung

e)

Sinom

3.

Watak tembang ing ndhuwur yaiku ….

a)

Tresna asih, trengginas

b)

Becik, tresna asih

c)

Madhep mantep, grapyak

d)

Luwes, seneng

e)

Lucu, seneng srawung

4.

Paugeran tembang Dhandhanggula yaiku ….

a)

9 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i

b)

9 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 7a

c)

10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

d)

10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7e, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

e)

10 gatra: 9i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

5.

Paraga kang gugur mbelani nagarane saka pangamuke wadyabala Prabu Ramawijaya yaiku ….

a)

Arjuna Sasrabahu

b)

Adipati Karna

c)

Patih Suwanda

d)

Kumbakarna

e)

Sumantri

6.

Tuladha paraga kang mbelani nagara utawa kang nggulawenthah dheweke awit cilik tinimbang sedulure ing perang Bharatayuda yaiku …

a)

Arjuna Sasrabahu

b)

Adipati Karna

c)

Patih Suwanda

d)

Kumbakarna

e)

Sumantri

7.

Watak Patih Suwanda kang bisa kotuladhani yaiku ….

a)

Mbelani negarane Ngalengka

b)

Mbelani kangmase Kumbakarna

c)

Males budi kabecikane liyan

d)

Guna, kaya, lan purun

e)

Bisa dadi andelane Prabu Sasrabau

8.

Pratelan kang trep karo wose tembang Dhandhanggula kajaba….

a)

Suryaputra isih sedulure Pandhawa

b)

Suryaputra ngabdi kalawan Ramawijaya

c)

Suryaputra minangka senapati Ngastina

d)

Suryaputra prang tandhing ing perang Bratayuda

e)

Suryaputra padha ibu seje bapak karo Pandhawa

9.

Wos surasane pupuh Dhandhanggula pada 4 ing ndhuwur yaiku ….

a)

Kethek putih ngobrak-abrik Ngalengka jalaran Dewi Sinta diculik dening Anoman.

b)

Kumbakarna duweni watak becik kang bisa dituladhani yaiku guna, kaya, lan purun.

c)

Anoman sumpah siyaga gugur ing madyaning paprangan lawan Kumbakarna.

d)

Kumbakarna maju perang minangka ksatria mbelani Rahwana jalaran arep perang lawan Ramayana.

e)

Kumbakarna maju perang minangka ksatria mbelani Ngalengka jalaran arep dirusak dening kethek utusan Ramayana.

10.

Guna bisa saniskareng karya ateges ….

a)

Guna bisa ngrampungi gawe

b)

Dipersudi bisa dadi unggul

c)

Nalika biyantu prang ing nagara Manggada

d)

Mboyong putri cacah wolung atus

e)

Perang tandhing klawan buta saka Ngalengka

11.

Aprang tandhing lan ditya Naglengka aji ateges ….

a)

Guna bisa ngrampungi gawe ing Ngalengka

b)

Dipersudi bisa dadi unggul ing Ngalengka

c)

Nalika biyantu prang ing nagara Manggada

d)

Mboyong putri cacah wolung atus saka Ngalengka

e)

Perang tandhing klawan buta saka Ngalengka

12.

Saben dina Senin dianakake upacara bendera ing lapangan Skaone. Ing adicara kasebut, kepala sekolah ngendikan ing sangarepe para siswa supaya tansah tumindak becik ing ngendi papan.

Kang ditindakake kepala sekolah yaiku ….

a)

Pariwara

b)

Sesorah

c)

Pawarta

d)

Nggurit

e)

Nembang

13.

Pak Bembi dianggep sesepuh ing dhukuh Bibis. Nalika Pak Galih mantu, Panjenengane disuwun kanggo atur pambagyaharja ing adicara kasebut. Pak Bembi saka dalem ngagem ageman Jawa jangkep kayata beskap, jari, selop, lan blangkon.

Saka andharan kasebut, nalika nindakake sesorah Pak Bembi nindakake paugeran ….

a)

Basa krama inggil

b)

Patrap kang becik

c)

Precaya marang dhiri pribadhi

d)

Busana jumbuh karo swasana/acara

e)

Swara kang cetha

14.

Pratelan sesorah kasebut kalebu ….

a)

Salam pambuka

b)

Surasa

c)

Purwaka

d)

Wasana

e)

Salam panutup

15.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Tegese tembung karaharjan yaiku ….

a)

Kaslametan

b)

Kasarasan

c)

Kabagyan

d)

Kacilakan

e)

Kadurakan

16.

Urutna ukara iki supaya dadi dudutan sesorah kang trep!

a)

(1) – (2) – (3)

b)

(1) – (3) – (2)

c)

(2) – (1) – (3)

d)

(2) – (3) – (1)

e)

(3) – (2) – (1)

17.

Mugia kenging kangge panglimbang saha paninting muriha kamajenganing nusa lan bangsa.

Tegese tembung paninting yaiku ….

a)

Tetimbang

b)

Sarana

c)

Cara

d)

Prakara

e)

Pilihan

18.

Wos surasa sesorah ing ndhuwur yaiku ….

a)

Paraga Kula minangka wakil kelas IX ngaturake panuwun awit uwis digulawenthah dening Bapak Ibu Guru. Saliyane kuwi uga njaluk pangapura dene sasuwene sekolah gawe duka lan kuciwa Bapak/Ibu Guru.

b)

Siswa  kelas XI padha pepisahan karo Bapak/Ibu Guru lan ora lali padha nyuwun pangapuran lan donga pangestu

c)

Paraga Kula minangka wakil kelas XI ngaturake panuwun lan njaluk pangapura dene sasuwene sekolah gawe bombonge Bapak/Ibu Guru

d)

Paraga Kula minangka wakil kelas XI ngaturake panuwun awit uwis digulawenthah dening Bapak Ibu Guru. Saliyane kuwi uga njaluk pangapura dene sasuwene sekolah gawe duka lan kuciwa Bapak/Ibu Guru.

e)

Siswa  kelas IX padha pepisahan karo Bapak/Ibu Guru lan ora lali padha nyuwun pangapuran lan donga pangestu

19.

Pitutur becik kang bisa kosinau saka sesorah yaiku ….

a)

Bocah sekolah aja lali njaluk pangapura amarga bisa gawe bombonge Bapak Ibu Guru.

b)

Bocah sekolah aja lali njaluk pangapura lan ngaturaken panuwun marang Bapak Ibu Guru.

c)

Bapak/Ibu guru maringi ilmu kang mupangat kanggo siswa-siswa.

d)

Bapak/Ibu guru nggulawenthah para putra kanthi rasa sih katresnan kang tanpa upama.

e)

Bocah sekolah didukani Bapak/Ibu guru supaya dadi siswa kang becik lan pinter.

20.

Bisa dipahami lan orane pambagyaharja iku yen sing diwedharake cetha dirungokake saka basa lan swarasane. Saliyane iku yen nindakake kanthi tata cara kang bener mesthi diajeni dening pamirenge. Bab kasebut dadi salah sijining tata cara nalika pambagyaharja kang diarani ….

a)

Nggunakake basa kang angel

b)

Gawe cengkorongan sesorah

c)

Mekarake cengkorongan sesorah kang milih tembung kang bener

d)

Nggatekake unggah-ungguh

e)

Maragakake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang bener)

21.

Ngandharake pambagyaharja iku becike nggatekake tamu kang rawuh. Sabab status lan kalungguhan tamu iku uga nyebabake pamilihe tembung lan basa. Perangan kang wigati iki diarani …

a)

ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokakae tanggap wacana

b)

ngreteni wektu utawa dhurasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

busana kang jumbuh karo swasana

22.

Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih priyayi kang duwe gawe lan dipundhapuk kanggo atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa, bapak ngageme jas nasional nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ….

a)

ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokakae tanggap wacana

b)

ngreteni wektu utawa dhurasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

busana kang jumbuh karo swasana

23.

Kang kalebu undha-usuk basa kajaba ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama ndesa

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

24.

Wingi sore Hendi kang omahe Salatiga arep nonton PSIS neng Stadion Jatidiri. Bareng tekan PLN Jatingaleh, dheweke ora ngerti dalan menyang stadion kuwi. Hendi takon karo pawongan kang ana ing kono sing umure kira-kira padha dheweke.

Manut pratelan kuwi, becike Hendi takon mawa basa ….

a)

Krama alus/inggil

b)

Krama lugu

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama ndesa

25.

Basa kang digunakake dening Bu Dian lan Pak Narya yaiku ….

a)

Krama ndesa

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama alus/inggil

26.

Wingi sonten Bapak nyuwun … dhateng bandhara awit badhe … Bali.

Tembung krama inggil kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ….

a)

Dipundherekaken – tindak

b)

Diterke – lunga

c)

Didhereke – tindak

d)

Diterke – tindak

e)

Dipundherekaken – kesah

27.

Wingi nalika blanja menyang warung Ibu kesupen ora … tas blanja.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ….

a)

Nggawa

b)

Ngasta

c)

Bekta

d)

Nyangking

e)

Mundhut

28.

Basa kang digunakake dening Ardi lan Yoga yaiku ….

a)

Krama ndesa

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama alus/inggil

29.

Wangsulana Dana kang trep yaiku ….

a)

Sampun malah dipunaturi Ibu kathah..

b)

Dereng Pak. Kula nyuwun Bapak wae

c)

Dereng Pak. Kula mangke ditransfer mawon nggih.

d)

Sampun malah dipunparingi Ibu kathah

e)

Sampun nanging dipunparingi Ibu sekedhik

30.

Wangsulane Sutrisna kanggo mangsuli pitakonane Pakdhe Aris yaiku ….

a)

Bapak senenge ngunjuk kopi, Pakdhe

b)

Bapak paling remen ngombe kopi, Pakdhe

c)

Rama paling remen didamelaken kopi, Pakdhe

d)

Rama remene ngunjuk kopi, Pakdhe

e)

Rama remenipun ngunjuk kopi, Pakdhe

31.

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

a)

Gadhahane, kagunganku

b)

Kagungane, gadhahane kula

c)

Kagungane, duwekku

d)

Gadhahanipun, duwekku

e)

Gadhahanipun, kagunganku

32.

“Aku ora melu dhisik, amerga simbah lagi lara untu.”

Ukara ing ndhuwur menawa didadekake krama alus dadine ….

a)

Kula boten ndherek rumiyin, amergi eyang nembe gerah untu.

b)

Kula boten tumut rumiyin, amergi simbah saweg gerah waja.

c)

Kula boten ndherek rumiyin, amergi simbah nembe sakit waja.

d)

Kula boten ndherek rumiyin, amergi simbah saweg gerah waja.

e)

Kula boten tumut rumiyin, amergi eyang nembe sakit waja

33.

Unggah-ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawongan kang diadhepi. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basane yaiku ….

a)

Pak Sardi arep kesah dhateng peken.

b)

Simbah nembe wae tilem, nembe wae.

c)

Omahe Pak Lurah ingkang majeng ngilen.

d)

Bapak sampun rawuh kalawau enjing.

e)

Pakdhe sampun mangan menapa dereng?

34.

“Anggonmu nggawa jeruk mengko dipangan ana ing sepur wae!”

Ukara kasebut menawa digawe krama lugu dadine ….

a)

Anggenipun panjengan ngampil jeruk mengko didhahar ana ing sepur wae.

b)

Anggenipun sampeyan bekta jeram mangke dipuntedha ing sepur kemawon

c)

Anggenipun panjenengan bekta jeram mangke dipuntedha ing sepur kemawon

d)

Anggenipun panjenengan bekta jeram mangke dipundhahar ing sepur kemawon

e)

Anggenipun sampeyan bekta jeram mangke dipundhahar ing sepur kemawon.

35.

Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg diarani ….

a)

Paribasan

b)

Unen-unen

c)

Cangkriman

d)

Parikan

e)

Wangsalan

36.

Ing ngisor iki titikan parikan, kajaba ….

a)

Cacahe wanda ukara sepisa, kudu padha karo ukara kapindho

b)

Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi

c)

Cacahe larik bebas

d)

Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra

e)

Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben gatra

37.

Parikan iki tutugna!

Nyangking ember kiwa tengen

a)

Dadi murid kudu pinter

b)

Lungguh jejer nggo tamba kangen

c)

Luwih becik sing prasaja

d)

Wong urip aja neka-neka

e)

Mumpung enom sregep makarya

38.

Parmin iku wong kang seneng nguja kasenengane anake. Mung kanggo nyenengake anake ditukokake montor kanthi dodolan lemah.

Parikan kang jumbuh karo pratelan iku yaiku ….

a)

Neng Pasar Mungkid tuku wader, dadi murid kudu pinter

b)

Bumiayu kuthane gedhe, ben rahayu sakabehane

c)

Jarik lurik weton Purbalingga, luwih becik sing prasaja

d)

Pitik cilik cucuke dawa, wong urip aja neka-neka

e)

Saron bumbung ditabuh ing ara-ara, mumpung enom sregep makarya

39.

Jodhokna parikan ing ngisor iki sing bener!

a)

(a 2), (b 1), (c 3)

b)

(a 1), (b 2), (c 3)

c)

(a 3), (b 2), (c 1)

d)

(a 2), (b 3), (c 1)

e)

(a 1), (b 3), (c 2)

40.

Parikan kang jumbuh kanggo nggambarake kahanan ing ngisor iki yaiku ….

“Bocah kang duwe tumindak nakal mula ora disenengi kancane”

a)

Wedang bubuk tanpa gula, aja ngamuk selak tuwa

b)

Sega berkat lawuhe empal, sega mambu diselehke ngisor - Dadi bocah aja nakal, luwih becik andhap asor

c)

Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu sregep

d)

Bulik Surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti - Uwong urip panci abot, mula becik ngati-ati

e)

Jangan kacang jangan kara, kadhuk uyah kurang gula - Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa