NEW
Font size
WorksheetsPenilaian Sumatif Tengah Semester
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 39mins
Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....
Panguripan sabendina
Epos Ramayana-Mahabarata
Prastawa sejarah
Kedadean sajerone kraton
Kedadean apa anane
Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....
Latar
Panggonan
Paraga
Alur
Tema
Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ....
Tema, amanat, watak, alur, dialog
Tema, blegere crita, penokohan
Amanat, isi, latar
Sudut pandang, alur, dialog, pamawas
Sudut pandang, alur, tokoh, amanat
Unsur kang mbangun cerkak saka sajabane cerkak kang ngaribawani, diarani unsur...
Sosial
Ekstrinsik
Instrinsik
Pendukung
Pendidikan
Crita/ karangan kang nyritakake bab - bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes diarani...
Novel
Crita cekak
Mitos
Dongeng
Crita pengalaman
Bageyan cerkak sing gegayutan wiwitaning perkara kang dilakoni dening paraga lan uga watake, uga gayut kaliyan sebab akibat yaiku . . . . . .
orientasi
evaluasi
Komplikasi
Eksposisi
koda
Tahapan utawa tataran crita kuwi diarani alur/plot. Tahapan crita kang diwiwiti saka wektu ana kedadeyan sepisan mundhak akibate terus nganti rampung iku diarani alur...
Biasa
Rumit
Mundur
Maju
Campuran
Langit wulan april tansah peteng ndhedhet kaya-kaya arep ambruk, dasar nganggo angin gedhe lan bledhek nyamber-nyamber. Unsur kang katon ing pethilan cerkak kasebut yaiku...
Penokohan
Amanat
Setting
Alur
Tema
Urut-urutane / struktur lakon crita cerkak yaiku...
abstrak, orientasi, komplikasi, evaluasi, resolusi, koda
abstrak, koda, orientasi, resolusi, komplikasi, evaluasi.
abstrak, komplikasi, koda, resolusi, orientasi, evaluasi
abstrak, orientasi, evaluasi, komplikasi, resolusi, koda
abstrak, orientasi, evaluasi, resolusi, komplikasi, koda
Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
Sumiyati mung predhuli marang Winarto
Sumiyati putri kang bekti marang ibune
Sumiyati putra kang bhekti marang Winarto
Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
Sumiyati seneng ngalamun
"Omah warna soklat sing madhep sisih wetan yaiku omahe wong tuwaku. Omah sing dadi mula bukane awakku lair ing donya. Ana rong wit jambu dersana ing pekarangan. Nalika isih bocah, aku asring menek wit jambu lan njupuki woh sing daklebokke ing klambi kanggo gantine kanthong kresek".
Sudhut pandang sing diginakaken ing pethilan cerkak kasebut yaiku . . . . .
wong kapisan
wong kapindho
wong katelu
campuran
sampingan
"Apa kowe mau ora krungu yen swarane bantere nganti kaya bledhek". Lelewaning basa kesebut inggih menika . . . .
Asosiasi
Metafora
Personifikasi
Perbandingan
hiperbola
Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah inggih menika . . . . .
Sesorah / medhar sabda
Wara-wara
Pambagyawara
Pariwara
Pranatacara
Sesorah kanthi cara ngasta cathetan cilik minangka pangeling-eling urutaning isi ingkang badhe kawedharake, kalebu methode sesorah . . . . .
ekstemporan
manuskrip
lipsing
impromtu
memoriter
Ngaturaken puji sokur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saha kawilujengan saengga kempal wonten acara menika. Kalebu pethilan sesorah ing bageyan . . . . .
Pambuka
Atur pakurmatan
Atur puji syukur
Surasa
Pangajeng-ajeng
Cara nyegah virus punika ingkang kapisan, wijik mawi sabun paling sakedhik 20 detik. Kaping kalih Physical distancing utawi wicanten kaliyan tiyang sanes paling sakedhik wonten jarak 2 meter punika wigatos sanget. Kaping tiga, menawi kedah medal saking griya, kedah ngagem masker. Kaping sekawan, enggal periksa dhateng griya sakit menawi wonten gejala watuk, benter, lan ambekanipun sesek. Ingkang pungkasan, menawi mboten wonten masalah ingkang wigatos, tetep wonten griya mawon. Pethilan ing sesorah menika kalebu perangan . . . . . .
Pambuka
Surasa
Panutup
Pangajeng-ajeng
Pamuji syukur
Ingkang kinabekten Ibu Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Andharan kasebut klebu perangan . . . . . . . . ing sesorah.
Salam pambuka
Pambuka
Wos
Atur pakurmatan
Panutup
Ing ngisor iki paugerane nulis sesorah, kajaba ....
nemtokake tema
nemtokake cengkorongan
ngrembakake cengkorongan
nemtokake busana
nemtokake topik
Sesorah kang nduweni ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu kang rawuh ing acara inggih menika . . . . .
Pambagyaharja
Tanggap wacana
Wursitawara
Pranatacara
Medhar sabda
"sedaya kekirangan saha kalepatan anggenipun rama Brata anampi saha angacarani rawuh panjenengan sakadang pangombyong, rama Brata tansah nyuwun agunging pangaksama" Surasa pethilan sesorah kasebut yaiku nyuwun . . . . .
donga pangestu
pamit
sumbangan
pitulungan
pangapura
"Saking panitya ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para warga masarakat ingkang sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon. Satemah pasamuan ing dalu menika saged kasembada kanthi sae. Mugi - mugi . . . . .
amargi piyambakipun taksih wontening wekdal saking bocah dhateng tiyang diwasa.
ngenani panjenengn sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa.
amal kasaenan panjenengan pinaringan lelintu saking Gusti lan hanambahan arum kuncaraning panjenengan wonten ing madyaning bebrayan agung.
kula dherekaken tansah ngonjukaken raos bagya mulya wonten ngarsa Gusti Ingkang Murba ing Dumadi.
awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadya lan kula saged kempal tebih saking sambekala.
Nalika praktek sesorah kuwi kudu nggatekaken patang bab wigati, kajaba . . . . .
Basane
Busanane
Swarane
Patrap/solah bawane
tamune
Lelewaning basa sing mbandhingake nanging ora nggunakake tembung kayata marang barang sing dibandhingake inggih punika . . . . .
Asosiasi
Metafora
Personifikasi
Hiperbola
Hiperaktif
"Wis nganti adus kringet anggonku sinau, nanging bijiku tetep tasih elek". Tembung adus kringet kalebu lelewaning basa . . . .
Asosiasi
Hiperbola
Personifikasi
Metafora
Tetandhingan
Ing ngisor iki kang klebu ancase sesorah, kajaba . . . . .
Atur pambagya
atur kabar
aweh panglipur
Pangajak
pangarep - arep
