wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA (DRAMA TRADHISIONAL DAN AKSARA JAWA)

Total questions: 20

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Tembung “Drama” asale saka basa... kang ateges...

a)

Yunani, aksi

b)

Inggris, aksi

c)

Yunani, sandhiwara

d)

  Inggris, solah bawa

2.

Pangerten drama tradhisional kang bener yaiku...

a)

Drama kang nggelar crita jaman biyen lan ngemu crita kasekten salah sawijining pawongan.

b)

Drama kang nggelar crita wayang tradhisional

c)

Drama kang nggelar crita salah sawijing pawongan

d)

Drama kang nyeritaake kasekten sawijing pawongan ing jaman saiki

3.

Kethoprak lan lodrug iku kalebu kesenian tradisional, amarga...kejaba...

a)

Digelar kanthi nggunakake alat music tradhisional

b)

Dipentasake nggunakake busana tradhisional

c)

Diiringi tetembangan lan tarian

d)

Nggelar crita panguripan bangsawan kraton

4.

Bab wigati kanggo bisa nemtokake pesen moral saka pangripta, kudune...

a)

Nggawe cengkorongan saka isi crita

b)

Mangerteni kanthi temen isine crita

c)

Maca bolak-balik teks crita

d)

Mangerteni tokoh lan penokohan crita

5.

1.     Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!

Jaka Tarub

Para nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus

ing bumi.

Nawang Sekar : “Ayo dulur, dolan menyang bumi.”

Nawang Lintang : “Wah... ayo! Nanging dolan menyang ngendi?”

Nawang Sari : “Aku nduwe pamikiran, ayo adus ing tlaga wae”

Para Nawang : “(Nggawa slendhange) Ayo...!”

Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing ndhuwur watu gedhe.

Nawang Sekar : “Wah...seger tenan banyune”

Nawang Sari : “Iyaa bening banget”

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub lewat lan ndingkik para

Nawang sing lagi adus.

Jaka Tarub : “Wah... sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane.”

Pesan moral kang bisa diteladhani saka crita ing dhuwur yaiku...

a)

ulung tinulung marang sapadha-padha

b)

Kudu duweni pamikiran kanggo plesir

c)

Ajining raga gumantung ing busana

d)

Goleka Widodari ing pinggire tlaga

6.

Tari kanggo pembuka kethoprak yaiku tari...

a)

Tari bedayan

b)

Tari gambyong

c)

Tari gandrung

d)

Tari remo

7.

Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!

Senopati Gonjang&              : “Kula ngaturaken puja lan puji dhumateng Kanjeng Adipati.”

Senopati Wijang

Adipati Hendro Katong        : “Ya..ya.. tak tampa puja lan pujimu, pangestuku wae tumrapa kowe kabeh ya”

“Gonjang lan kowe Wijang, apa ta sebabe dina iki kowe tak timbali mara ing kene?”

“Pancen ana bab kang wigati sing bakal tak dhawuhke marang kowe.”

Senopati Gonjang                 : “Lajeng bab punapa Kanjeng? Kok sajak wigatos sanget.”

Adipati Hendro Katong        : “Bloko wae, aku kepengin duwe garwa prameswari, wanita kuwi ora liya Dewi Kumala Retno, putra saka Adipati Bojonegoro”

Saka teks ing dhuwur ing ngendhi latar papane...

a)

Pasewakan

b)

Pasar

c)

Pawon

d)

Pendapa

8.

Wacanen pethikan teks drama ing ngisor!

Senopati Gonjang&             : “Kula ngaturaken puja lan puji dhumateng Kanjeng Adipati.”

Senopati Wijang

Adipati Hendro Katong      : “Ya..ya.. tak tampa puja lan pujimu, pangestuku wae tumrapa kowe kabeh ya”

“Gonjang lan kowe Wijang, apa ta sebabe dina iki kowe tak timbali mara ing kene?”

“Pancen ana bab kang wigati sing bakal tak dhawuhke marang kowe.”

Senopati Gonjang               : “Lajeng bab punapa Kanjeng? Kok sajak wigatos sanget.”

Adipati Hendro Katong    : “Bloko wae, aku kepengin duwe garwa prameswari, wanita kuwi ora liya Dewi Kumala Retno, putra saka Adipati Bojonegoro”

Saka teks ing dhuwur kepriye watake senopati..

h

a)

  Ora patah semangat

b)

Wicaksana

c)

Jujur

d)

Manut prentah

9.

Titikane Kethoprak sing bener yaiku....

1) Nganggo basa baku/krama

2) Nyritakake crita rakyat Jawa Timuran

3) Nganggo basa Jawa Timuran

4) Setting panggonan ing Kraton, utawa kerajaan

5) Ing awal pementasan nggunaake tari Gambyong

a)

1, 2, 3

b)

1, 2, 3, 4

c)

  1, 4, 5

d)

2, 4, 5

10.

Ing ngisor iki kang kalebu drama tradhisional Lodrug, kajaba....

a)

Balada Sukarsih

b)

Rara Mendut

c)

Sarip Tambak Oso

d)

Branjang Kawat

11.

Asmane abdi Prabu Ajisaka yaiku...

a)

Gathotkaca lan Sembada

b)

Dora lan Sembada

c)

Sembada lan Pandawa

d)

Dora lan Janaka

12.

Tembung “Da Ta Sa Wa La” ing Aksara Jawa nduweni teges...

a)

Ana utusan

b)

Padha kekerengan

c)

Padha digdayane

d)

  Padha nyunggi bathange

13.

"Prabu Kaméswara”. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku...

a)

ꦥꦿꦧꦸ​ꦑꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫ

b)

ꦥꦿꦧꦸ​ꦑꦩꦼꦱ꧀ꦮꦫ

c)

   ꦦꦿꦧꦸ​ꦑꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫ

d)

ꦦꦿꦧꦸ​ꦑꦩꦼꦱ꧀ꦮꦫ

14.

ꦩꦱ꧀ꦲꦢꦶ​ꦭꦸꦔ​ꦩꦼꦚꦁ​ꦯꦺꦴꦭꦺꦴ

a)

Mas ida tuku roti ing kana lo

b)

Mas edi mangan ing Solo

c)

Mas Adi turu menyang Solo

d)

Mas Adi lunga menyang Solo

15.

1) ꦲꦢꦶꦒꦁ​꧈​ꦲꦢꦶꦒꦸꦁ​꧈​ꦲꦢꦶꦒꦸꦤ

2) ꦮꦶꦠꦶꦁ​ꦠꦽꦱ꧀ꦤ​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦏ​ꦏꦸꦭꦶꦤ

3) ꦧꦥꦏ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦏꦺꦴꦥꦶ​ꦏꦫꦺꦴ​ꦩꦕ​ꦏꦺꦴꦫꦤ꧀

4) ꦔꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃ​ꦮꦺꦴꦲꦶꦁ​ꦥꦏꦼꦂꦠꦶ

5) ꦦꦿꦧꦸ​ꦄꦗꦶꦱꦏ​ꦔꦸꦠꦸꦱ꧀ꦣꦺꦴꦫ

Saka pilihan ing dhuwur, kang kalebu paribasan Jawa yaiku...

a)

1

b)

1, 2, 4

c)

1, 2, 5

d)

2, 4, 5

16.

Sandhangan ing dhuwur jenenge...

a)

Wignyan

b)

Layar

c)

Pangkon

d)

Pengkal

17.

Aksara murda ing aksara jawa digunaake nalika...

a)

Tembung ing awal ukara

b)

Nulis jenenge uwong lan kutha

c)

Nulis jenenge Raja

d)

Tembung sakwise titik

18.

Tembung ing ngisor iki yen ditulis aksara jawa sandhangan pepet yaiku...

a)

Lele

b)

Duren

c)

Sepet

d)

Sendok

19.

"Tlalene gajah kuwi tatu"

Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi...

a)

ꦠ꧀ꦭꦭꦺꦤꦺ​ꦒꦗꦃ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦠꦠꦸ

b)

ꦠꦭꦺꦤꦺ​ꦒꦗꦃ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦠꦠꦸ

c)

ꦫꦗꦃ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦠꦠꦸ

d)

ꦠ꧀ꦭꦭꦺꦤꦺ​ꦒꦗꦃ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦩꦠꦸ

20.

"Paman Ken Sora dados Nayapati"

Panulisan aksara Jawa sing bener kanggo tembung ing nduwur yaiku...

a)

ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦟꦪꦥꦠꦶ

b)

    ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦪꦥꦠꦶ

c)

ꦥꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦱꦺꦴꦫ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦪꦥꦠꦶ

d)

   ꦦꦩꦤ꧀ꦑꦺꦤ꧀ꦯꦺꦴꦫ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦟꦪꦥꦠꦶ