wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BHS JAWA KELAS 4 SEM 1

Total questions: 55

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Puisi modern iku pada karo . . . .

a)

cangkriman

b)

geguritan

c)

pacelathon

d)

parikan

2.

Ing ngisor ora klebu struktur teks geguritan yaiku . . . .

a)

tembung

b)

larik

c)

sarana

d)

bait/pada

3.

Salah sijine cara kanggo mahami isi geguritan bisa didadekake gancaran (prosa/cerita) iku mau diarani . . . .

a)

parafrase

b)

prosa/cerita

c)

ngarang gancaran

d)

ngowahi gamcaran

4.

wujude dialog, ukarane cekak aos/singkat, bahasa apik iku ciri-cirine . . . .

a)

geguritan

b)

pacelathon

c)

cangkriman

d)

parikan

5.

Babagan sing ora klebu kanggo nulis pacelathon yaiku . . . .

a)

Ekspresi

b)

nentokake tema

c)

golek info sing cocok karo tema

d)

ngembangake tema dadi ukara

6.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

Puisi jawa gagrak anyar sing ora kaiket dening paugeran, nanging isih ngugemi rasa kaendahan, diarani . . . .

a)

pepindhan

b)

cangkriman

c)

geguritan

d)

pacelathon

8.

Kumpulan larik ing sak jrone geguritan diarani . . . .

a)

pada

b)

swara

c)

surara

d)

swasana

9.

Sak jrone geguritan yen diwenehhi tandha ( / ) tegese . . . .

a)

leren mendek gak ana teruse

b)

leren sedhelo

c)

leren rada suwe

d)

leren suwe banget

10.

Ing ngisor iki klebu titikane geguritan, kajaba . . . .

a)

Bentuke bebas

b)

ora kaiket paugeran

c)

Nganggo tembung sing endhah

d)

Ukura kanggo nacad wong

11.

Ukara cancut taliwandha iku tegese . . . .

a)

kerja bareng

b)

nyambut gawe

c)

resik-resik

d)

bebarengan

12.

Solah tingkahe paraga kang cocok karo isine pacelathon diarani . . . .

a)

Intonasi

b)

Ekspresi

c)

Gestur

d)

vokal

13.

Babakan kan kudu digatekake maca pacelaton, kajaba . . . .

a)

Ekspresi

b)

vokal

c)

intonasi

d)

birama

14.

Tuladha kang klebu swara "a" miring yaiku . . . .

a)

dewa

b)

bata

c)

reca

d)

nanas

15.

Swara sempurna, olehe maca padha karo tulisane, diarani .. . .

a)

swara jejeg

b)

swara miring

c)

tulisan jejeg

d)

tulisan miring

16.

Swara kang olehe maca owah (berubah) saka tulisane, diarani . . . .

a)

swara jejeg

b)

swara miring

c)

tulisan jejeg

d)

tulisan miring

17.

Basa kang awujud saka tembung ngoko kabeh ora ono kramane, diarani . . . .

a)

krama alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

18.

"Mas Bayu diutus ibu tumbas lampu LED"

ukara ing nduwur yen diowahi dadi ngoko lugu yaiku . . . .

a)

Mas Bayu diutus ibu tuku lampu LED

b)

Mas Bayu dikongkon ibu tumbas lampu LED

c)

Mas Bayu dipun utus ibu mundhut Lampu LED

d)

Mas Bayu dikongkon ibu tuku lampu LED

19.

"Simbah durong ngombe kopi"

Ukara ing nduwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . . .

a)

Simbah dereng ngunjuk kopi

b)

Simbah durong ngunjuk kopi

c)

Simbah nembe ngunjuk kopi

d)

Simbah badhe ngombe kopi

20.

Ing ngisor iki tuladhane ngoko alus, kajaba . . . .

a)

kowe apa wis sinau?

b)

Bu Yuli tindak pasar tumbas gula

c)

Mbak Ani sesuk sore tindak Jakarta

d)

Simbah durong sare

21.

"Adhiku turu ing kamar" yen ditulis aksara jawa yoiku...

a)
b)
c)
d)
22.

yen ditulis latin yoiku ...

a)

sega krawu

b)

sega jagung

c)

sego jagung

d)

sego krawu

23.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

24.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

25.

yen ditulis latin yaiku...

a)

piring pecah

b)

piring resik

c)

piring rusuh

d)

piring remuk

26.

Kathah wargo ingkang mboten saged makaryo amargi dados korban endhut Lapindo. Ukara iku yen digawe basa ngoko yaiku ...

a)

akeh warga kang mboten saged kerjo amarga dadi korban endhut Lapindo

b)

akeh warga kang ora bisa kerjo amargo dados korban endhut Lapindo

c)

Akeh warga kang ora biso kerjo margi dadi kurban endhut Lapindo

d)

akeh warga kang ora biso kerjo amarga dadi kurban endhut Lapindo

27.

Banjir iku kadadean ing mangsa ...

a)

labuh

b)

ketigo

c)

rendeng

d)

tandur

28.

Dina Minggu kapungkur ing Desa Sugih Waras ana musibah kobongan. Tembung musibah tegese ...

a)

bencana

b)

seneng-seneng

c)

karnaval

d)

pameran

29.

sekolah nganakake lomba pidhato iku bisa kanggo nglatih ...

a)

maca

b)

wicara

c)

nyemak

d)

nulis

30.

Geguritan asale saka tembung...

a)

Gurit

b)

Ngurit

c)

Gurit

d)

Guritan

31.

tembung "Gurit" artine ....

a)

Milih

b)

Nulis endah

c)

Maca

d)

Cerita

32.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

33.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

34.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

35.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

36.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

37.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

38.

Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…

a)

Priyayi kakung marang garwane.

b)

Srawunge wong dewasa kang wis kulina.

c)

Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.

d)

Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.

39.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

40.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

41.

diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

42.

Sari numpak ... .

a)

meja

b)

lemari

c)

sepedha

43.

supaya pinter kudu ... .

a)

sinau

b)

dulinan

c)

tuku jajan

44.

uyah iku rasane ... .

a)

pedhes

b)

asin

c)

legi

45.

Bu Ani - ngapura - nyuwun

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

nyuwun ngapura bu Ani

b)

Bu Ani ngapura nyuwun

c)

nyuwun bu Ani ngapura

46.

nyuwun - warah - Edo

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

Edo nyuwun warah

b)

warah nyuwun Edo

c)

nyuwun edo warah

47.

momong - ayo - adik

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

adik ayo momong

b)

ayo adik momong

c)

ayo momong adik

48.

sing ngobati wong loro nang rumah sakit jenenge ... .

a)

polisi

b)

dokter

c)

guru

49.

Melebu omahe uwong ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

50.

Apa irah irahane tembang ing duwur?

a)

Kupu kuwi

b)

Kupu Kupu

c)

Menclok Cegrek

d)

Saparan paran

51.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

52.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

53.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

54.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

55.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang