wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH B.JAWA TEMBANG MACAPAT 7

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Cacahe tembang macapat ana pira....

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

2.

Apa tegese tembang macapat iku....

a)

Tembang kang ana ing pulo Jawa

b)

Tembang kang budaya tradhisional

c)

Tembang kang diwaca papat-papat

d)

Tembang Jawa

3.

Cacahe gatra saben sapada iku paugerane saka tembang macapat kang diarani....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Wilangan

c)

Guru Lagu

d)

Guru Sapada

4.

Pagurane tembang macapat kang kudu diitung saben tembunge (wanda) iku diarani....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Sapada

d)

Guru Wilangan

5.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra sajrone paugeran tembang macapat iku diarani....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Wilangan

c)

Guru Gatra

d)

Guru Sapada

6.

Kang sekar pangkur winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton dipunkandulu

Miwah ta ing tata krama

Den kaesthi siyang ratri

Saka tembang macapat ing ndhuwur, apa wae guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune....

a)

Guru Gatra : 7

Guru Wilangan : 8, 11, 8, 7, 9, 8, 8.

Guru Lagu : a, i, u, a, u, a, i

b)

Guru Gatra : 7

Guru Wilangan : 8, 11, 8, 8, 9, 8, 8.

Guru Lagu : a, i, u, u, u, a, i

c)

Guru Gatra : 7

Guru Wilangan : 8, 10, 8, 7, 9, 8, 8.

Guru Lagu : a, i, u, a, u, a, r

d)

Guru Gatra : 7

Guru Wilangan : 8, 11, 8, 7, 9, 8, 8.

Guru Lagu : a, i, u, a, u, a, r

7.

Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon

Saka tembang macapat ing ndhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku....

a)

7u – 10u – 12i – 8u – 8u

b)

7u – 10u – 12e – 8u – 8o

c)

7u – 10u – 12i – 8a – 8o

d)

7u – 10u – 12i – 8u – 8o

8.

Dedalanne guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukanni
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun

Saka tembang macapat ing ndhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku....

a)

10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o

b)

10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u

c)

10i – 6o – 10e – 10e – 6i – 6o

d)

10i – 6a – 10e – 10i – 6i – 6o

9.

Lumrah tumrap wong ngaurip
Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepethuk
Kang mangkono bundhelana

saka tembang macapat ing ndhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku....

a)

8i – 8a – 8e – 8a – 7a – 8u – 8a

b)

8i – 8a – 8e – 7a – 7a – 8u – 8a

c)

8i – 8a – 8e – 7a – 8a – 8u – 8a

d)

8i – 8a – 8o – 8a – 7a – 8u – 8a

10.

Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi

saka tembang macapat ing ndhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku....

a)

12a – 7i – 6a – 7n – 8i – 5a – 7i

b)

12a – 7i – 6a – 7a – 8e – 5a – 7i

c)

12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i

d)

12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7a

11.

Muwah ing sabarang karya
Ingprakara gedhe kalawan cilik
Papat iku datan kantun
Kanggo sadina-dina
Lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
Kabeh kang padha ambegan
Papat iku nora lali

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang apa ?

a)

Durma

b)

Pangkur

c)

Asmaradana

d)

Sinom

12.

Sinengkuyung sagunging prawali
Janma tuhu sekti mandra guna
Wali sanga nggih arane
Dhihin Syeh Magrib tuhu
Sunan ngampel kang kaping kalih
Tri sunan bonang ika
Sunan giri catur
Syarifudin sunan drajat
Anglenggahi urutan gangsal sayekti
Iku ta warnanira

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang apa ?

a)

Sinom

b)

Dhandhanggula

c)

Pangkur

d)

Pucung

13.

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang apa ?

a)

Maskumambang

b)

Pucung

c)

Megatruh

d)

Gambuh

14.

Tembang kang nyritakake ngenani laire manungsa (bayi kang lagi lair) yaiku tembang....

a)

Maskumambang

b)

Pucung

c)

Mijil

d)

Pangkur

15.

Tembang kang nyritakake ngenani fase uripe manungsa kang pungkasan (dadi mayit/dipocong) yaiku tembang...

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Durma

d)

Pucung

16.

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kalantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

Saka tembang macapat ing ndhuwur, tembung "awon" nduweni teges....

a)

Apik

b)

Bener

c)

Awan

d)

Ala / elek

17.

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kalantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

Saka tembang macapat ing ndhuwur, tembung "kalantur" nduweni teges....

a)

Kebacut

b)

Ngantuk

c)

Kajegur

d)

Nglantur

18.

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kalantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

Saka tembang macapat ing ndhuwur, tembung "catur" nduweni teges....

a)

Sekak

b)

Prakara

c)

Lima

d)

Papat

19.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra pepeki,

lamun becik wurukipun,

iku pantes sira anggo.

Saka tembang macapat ing ndhuwur, tegese tembung "sira" yaiku....

a)

saya

b)

kepala

c)

kamu

d)

sesuatu

20.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra pepeki,

lamun becik wurukipun,

iku pantes sira anggo.

Saka tembang macapat ing ndhuwur, apa pitutur / nasehat kang dikarepake?

a)

Nasehat yang baik supaya dilaksanakan

b)

Nasehat yang keluar dari orang ternama

c)

Nasehat itu pantasnya ditiru apapun itu

d)

Nasehat yang bisa baik dan buruk di kehidupan