NEW
Font size
WorksheetsBusana Adat Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 9mins
1. Gatekna wacan iki!
Beskap kelebu rasukan, beskap wujude kaya jas, gulune katutup karo kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancinge sakmengingsor ana telu. Dene sisih tengen dhadha diapsangi kancing (benik) cacah loro.
Paragraf kasebut kelebu paragraf jenis ... .
narasi
deskripsi
argumentasi
persuasi
eksposisi
Gatosaken paragraf menika!
Selop utawa canela (sandhal) mujudaken lembaran suku. Selop menika kadi dene sepatu namung kemawon krowok ing perangan wingking. Padatan selop dipunagem priyantun kakung ing acara tartamtu.
Rantaman ukara-ukara ing nginggil minangka paragraf deskripsi. Ingkang mboten kalebet tengeripun wacana deskripsi kados dene tuladha kasebat inggih menika ... .
ngandharaken pokok pikiran kangge njembaraken wawasan
nggambaraken sawijining kedadosan kanthi cetha
maringi peprincen-peprincen saking sawijining barang
ngajak pamaos supados kepranan
ngandharaken pamrayoga marang bebrayan
Gatekna ukara-ukara iki!
a. Ubede kawiwitan saka dhuwur terus mengisor supaya mengkone bisa kanggo nyekelitake dhuwung ing sisih mburi.
b. Setagen sing wis nyingseti jarik supaya aja nganti mlorot banjur ditutup karo sabuk iki.
c. Biasane anggone nganggo kanthi ngubedake ing awak kawiwitan saka dhuwur diubedake mengiwa.
d. Sabuk minangka peranganing busana adat Jawa kakung kang dienggo kanggo nutupi setagen
e. Urutan ukara-ukara kasebut supaya koheren saengga dadi paragraf sing apik yaiku ... .
a, b, c, d
b, c, a, d
b, c, d, a
d, a, b, c
d, b, c, a
Padatan simbol dipunangge tiyang estri ingkang dipuntempel sawingkingipun mustaka radi nginggil minangka rikma tambahan. Gambar ingkang dipunkajengaken inggih menika ... .
Sawijining hiasan kang jumlahe bisa siji, telu, lima utawa sanga, tegese menawa jumlahe siji minangka pralambang kepercayaan marang Gusti Kang Maha Asih. Gambar kang dikarepake yaiku ... .
Gatekna wacan iki!
Udheng basa ngokone yaiku iket utawa diarani blangkon kang wis siap dienggo. Dene basa kramane yaiku dhestar. Dhestar arupa panggonan kang dienggo kanggo nutupi mustaka/ sirah.
Udheng lumrahe digawe saka kain bathik awujud persegi kang kalempit, katata, lan kawangun kanthi njlimet supaya rerenggan kiwa tengene padha, banjur dijait miturut ukurane sirah/ mustaka. Ing wektu saiki wis akeh toko-toko kang ngedol udheng kanthi ukuran kang bedha-bedha.
Jaman biyen isih lumrah udheng nduweni ukuran sekacu utawa taplak meja banjur diubet-ubetake kanthi tata cara kang umum, ananging kaya saiki wis ora dienggo maneh.
Kang dadi surasa utawa isi saka wacan “Udheng” yaiku ... .
udheng basa ngokone yaiku iket utawa diarani blangkon kang wis siap dienggoi
jaman biyen udheng lumrahe nduweni ukuran sakacu banjur daubed-ubedake
udheng lumrahe digawe saka kain bathik awujud persegi, kang kalempit, katata, lan kawangung kanthi njlimet
sing wektu iki wis akeh toko-toko kang ngedol udheng kanthi ukuran kang bedha-bedha
udheng yaiku salah sijining busana Jawa kang kudu diuri-uri supaya tansah lestari ing jaman saiki
Gatekna wacan iki!
Setagen iku arupa piranti kanggo nyingseti utawa ngencengake temempele jarik utawa sinjang ing badan, supaya aja nganti mlorod kepara udhar. Setagen digawe saka kain tenun kandel, benange tenun agal, mula rada kaku. Dhawane setagen watara 2 – 4 m. Ulesane warna-warni, ana kang werna ireng, ijo, putih, mung kabeh kuwi ora wigati, jalaran manggone setagen iki bakalan katutup dening sabuk, ana njero dadi ora ketok saka njaba. Setagen anggone nganggo diubedake ana ing weteng dadi tegese manungsa iku kudu ubed anggone golet rejeki kanggo nyukupi kebutuhane.
Miturut paragraf kasebut, pokok-pokok isine yaiku ... .
setagen anggone nganggo diubedake ana ing weteng dadi tegese manungsa iku kudu ubed anggone golet rejeki kanggo nyukupi kebutuhane
setagen iku arupa piranti kanggo nyingseti utawa ngencengake temempele jarik utawa sinjang ing badan supaya aja nganti mlorod kepara udhar
setagen digawe saka kain tenun kandel, benange tenun agal, mula rada kaku
setagen dhawane watara 2 – 4 m
ulese warna-warni, ana kang werna ireng, ijo, putih, mung kabeh kuwe ora wigati jalaran manggone setagen iki bakalan katutup dening sabuk
Gatekna wacan iki!
Setagen iku arupa piranti kanggo nyingseti utawa ngencengake temempele jarik utawa sinjang ing badan, supaya aja nganti mlorod kepara udhar. Setagen digawe saka kain tenun kandel, benange tenun agal, mula rada kaku. Dhawane setagen watara 2 – 4 m. Ulesane warna-warni, ana kang werna ireng, ijo, putih, mung kabeh kuwi ora wigati, jalaran manggone setagen iki bakalan katutup dening sabuk, ana njero dadi ora ketok saka njaba. Setagen anggone nganggo diubedake ana ing weteng dadi tegese manungsa iku kudu ubed anggone golet rejeki kanggo nyukupi kebutuhane.
Nitik saka isine wacan kasebut, nilai luhur saka setagen yaiku ... .
manembah marang Gusti Kang Maha Agung
kudu ngati-ati, ora grusa-grusu lan ora gampang nesu
kudu ubed anggone golek rejeki kanggo nyukupi kebutuhan
sajroning golek ngelmu kudu taliti, tumemen supaya kanggo sangu golek pegawean
kawruh kang disinaoni mau dipahami nganthi cetha lan gamblang ora bakal nduweni rasa samang-samang/ ragu-ragu
Gatekna wacan iki!
Beskap
Beskap yaiku wujud saka jas, gulune katutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja/ dada sakmengisor katutup tangkepan mengiwa, mring mangisor. Kancing ing sisih kiwa sakmengisor ana telu. Dene sisih tengen dada dipasangi kancing loro. Kayadene atelah, ing mburi uga ana bagean kang dikrowok kanggo nyengkelit dhuwung. Beskap uga kudu trep ukuran marang awak, amarga yen ora trep bisa kadeleng ora apik. Kaya dene wong kang nduweni awak cilik kudu nganggo beskap kang ukurane uga cilik lan ora kuwalik.
Wos surasa saka wacan kasebut, yaiku ... .
wong kang nduweni awak cilik kudu nganggo beskap kang uga cilik
beskap yaiku wujud saka jas, gulune katutup kanthi kancing ing sisih tengah
beskap ana bagean kang dikrowok kanggo nyengkelitake dhuwung
sisih tengen dada ing beskap dipasangi kancing loro
kancing beskap ing sisih kiwa cacahe ana telu sakmengisor
Gatekna wacan iki!
Beskap
Beskap kalebu rasukan, beskap wujude kaya jas, gulune katutup karo kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancinge kiwa sakmengisor ana telu. Dene sisih tengen dhadha dipasangi kancing (benik) kang cacahe loro.
Beskap dadi tanda minangka wong Jawa kudu paham agama lang ngibadah mring Gusti kang Maha Agung kanthi nglakoni apa wae kang dadi dhawuhE lan ninggalake kang dilarang.
Saka paragraf kasebut, tetembungan kang ngemot patuladhan becik yaiku ... .
beskap kalebu busana adat Jawa kang kudu dienggo nalika patemon agung
beskap wujude jas, gulune katutup karo kancing ing sisih tengah nganggone kaya klambi
beskap dadi tandha minangka wong Jawa kudu paham agama lan ngibadah mring Gusti Kang Maha Agung
nglakoni apa kang dadi dhawuhe, lan ninggalake kang dipening aja nganti grusa-grusu
dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa lan miring mangisor
