wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDI BASA JAWA KELAS X PTS

Total questions: 50

Worksheet time: 49mins

Name
Class
Date
1.

Struktur artikel kang trep yaiku….

a)

Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan

b)

Irah-irahan, pambuka, masalah, kesimpulan

c)

Pambuka, masalah, kesimpulan, panutup

d)

Pambuka, masalah, kesimpulan

e)

Pambuka, isi, dudutan

2.

Karep kang diandharake dening penulis jumbuh karo jinise artikel sing ditulis kalebu struktur artikel kang jenenge….

a)

Dudutan

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

e)

Irah-irahan

3.

Miturut teorine jinise artikel yaiku, kajaba….

a)

Preskriptif

b)

Deskriminatif

c)

Eksplanatif

d)

Prediktif

e)

Eksploratif

4.

Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....

a)

Ekploratif

b)

Eksplanatif

c)

Deskriptif

d)

Prediktif

e)

Preskriptif

5.

Tuladhane artikel prediktif yaiku….

a)

Ramalan cuaca

b)

Penemuan piranti telephone

c)

Jinis upacara adat Jawa

d)

Bencana tanah longsor

e)

Tutorial masak

6.

Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.


Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean .....

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

7.

Pambarape pandhawa yaiku .....

a)

Bima

b)

Yudhistira

c)

Karna

d)

Duryudana

8.

Pandhawa kuwi nduweni simbah kakung sing keparing asma .....

a)

Bisma

b)

Citranggada

c)

Wicitrawirya

d)

Sentanu

9.

Gegaman sing dienggo Nakula yaiku .....

a)

Tombak

b)

Gadha

c)

Kapak

d)

Pedhang

10.

Struktur teks carita wayang utawa teks narasi yaiku .....

a)

Orietasi, Prastawa, Reorientasi

b)

Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean

c)

Orientasi, Komplikasi, Klimaks, Resolusi, Reorientai, Koda

d)

Idhentifikasi, Komplikasi, Resolusi

11.

Nalika perang Bharatayudha, saka bagean Pandhawa dipandhegani(dipimpin) dening .....

a)

Arjuna

b)

Krisna

c)

Bima

d)

Sadewa

12.

Sawise ibune seda, Nakula lan Sadewa dirukti dening ibu Kunthi. Tembung dirukti dasanamane yaiku .....

a)

Disuceni

b)

Diopeni

c)

Disampurnakake

d)

Dikendhalekake

13.

Rong tembung sing tegese meh padha lan digunakake bebarangan kanggo mbangetake diarani tembung .....

a)

Dasanama

b)

Garba

c)

Saroja

d)

Entar

14.

Tuladha tembung iki sing kalebu tembung entar yaiku .....

a)

Jembar segarane

b)

Aneng

c)

Ijo royo-royo

d)

Andhap ashor

15.

Struktur teks sing isine dudut utawa njupuk kesimpulan nilai budi pekerti saka wacan diarani .....

a)

Klimaks

b)

Komplikasi

c)

Klasifikasi

d)

Koda

16.

Arjuna rumaos ciut manahe boten saged nglajengaken perang. Tembung ciut manahe nduweni teges .....

a)

Bingung

b)

Ragu-ragu

c)

Sabar

d)

Ora wani

17.

Cekaking carita, amarga padha sekti mandragunane mula perang tandhing ora ana rampuge. Tembung sing kacithak miring kalebu tembung .....

a)

Garba

b)

Dasanama

c)

Entar

d)

Saroja

18.

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan. Tembung sing kacithak miring, basa ngokone yaiku ….

a)

Lingguh

b)

Pinarak

c)

Lungguh

d)

Linggih

19.

Tembung rinengga antuk seselan –in sing tembung linggane rengga, tegese direngga yaiku ….

a)

Digambari

b)

Diresiki

c)

Dipaesi

d)

Dikiasna

20.

SUMANTRI NGENGER

Ing sajabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinakdir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.

………………………………………………….”

(Kacuplik saka Buku Kirtya Basa Kelas VII)


Adhedhasar cuplikan carita wayang "Sumantri Ngenger" cacahe paraga ana .....

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

21.

Acara nalika panganten kakung ngucapake janji ing ngarepe penghulu sinebut ......

a)

Lamaran

b)

Siraman

c)

Ijab Qobul

d)

Panggih Manten

22.

Upacara adat nalika wong lanang nggawa kaluwargane tujuwane kanggo njaluk wong wedok ing jenjang kang luwih serius. Lumrahe pihak lanang nggawa srah-srahan lan ana acara tukar cincin sinebut .....

a)

Lamaran

b)

Srah-srahan

c)

Ijab Qobul

d)

Panggih Manten

23.

Upacara adat kasebut sinebut .....

a)

Lamaran

b)

Siraman

c)

Ijab Qobul

d)

Panggih Manten

24.

Upacara kasebut nduweni makna yen panganten kakung nduweni kuwajiban menehi nafkah lair lan batin marang panganten putri. Upacara adat kasebut sinebut .....

a)

Siraman

b)

Kacar-kucur

c)

Lamaran

d)

Sungkeman

25.

Ing ngisor iki kang kalebu upacara adat yaiku .....

a)

Wayang kulit

b)

Kethoprak

c)

Tingkepan

d)

Ludruk

26.

Upacara tingkepan biyasane ditindakake nalika usia kandhutane ibu ana ing umur .....

a)

3 sasi

b)

5 sasi

c)

7 sasi

d)

1 taun

27.

Ing upacara adat temu manten, biyasane panganten sakloron nindakake adat sungkem marang wong tuwane panganten lanang lan wedok. Tujuwane yaiku .....

a)

Nyuwun dhuwit marang wong tuwa

b)

Nyuwun pangestu marang wong tuwa

c)

Nyuwun nafkah

d)

Nyuwun adat istiadat

28.

Upacara adat kasebut sinebut .....

a)

Sinduran

b)

Timbangan

c)

Kacar-kucur

d)

Kembul bujana/Dhahar klimah

29.

Upacara adat kembul bujana/dhahar klimah nduweni teges .....

a)

Panganten lanang tresna marang panganten wadon lan nrima apa anane

b)

Panganten sakloron lungguh jejer-jejer

c)

Panganten sakloron nduweni hajat kang gedhe kanthi nrima apa anane pasangan

d)

Panganten sakloron padha aweh panyengkuyung, uga gelem urip susah lan seneng bebarengan

30.

Fungsine upacara adat yaiku .....

a)

Kanggo keslametan wong kang percaya

b)

Kanggo kewajiban upacara ing dhaerahe dhewe-dhewe

c)

Supaya nduweni umur kang dawa lan dillindungi sesepuh ing dhaerahe

d)

Supaya dilindungi ing ngendi wae panggene

31.

Wacana Eksposisi iku awujud....

a)

pitutur

b)

pinemu

c)

piweruh

d)

piwulang

32.

gambar iku kasebut....

a)

kembang janur

b)

kembang rawe

c)

kembar kembang

d)

kembar mayang

33.

pathok'ane eksposisi yaiku panulise kudu....

a)

prigel nggoleki masalah

b)

bisa ngandharake prastawa kang penting

c)

bisa ngandharake prastawa kanthi cetha lan konkret

d)

bisa ngonceki prastawa

34.

urutan adat panggih kasebut, diarani....

a)

balangan bantal

b)

balangan balangan

c)

balangan gantal

d)

uncal uncalan

35.

menawa nembe upacara panggih manten, gendhing kang diagem ngiring manten, yaiku....

a)

prau layar

b)

kebo bongkang

c)

gugur gunung

d)

kebo giro

36.

sak durunge adicara ijab qobul, yaiku adicara....

a)

midodareni

b)

lamaran

c)

srah-srahan

d)

sungkeman

37.

kang diarani adat kacar-kucur yaiku....

a)
b)
c)
d)
38.

tata urutan adat panggih, sak wise balangan gantal yaiku....

a)
b)
c)
d)
39.

kang sinebut adat dhahar klimah yaiku....

a)
b)
c)
d)
40.

siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, limo donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa yaiku....

a)

siraman

b)

midodareni

c)

sungkeman

d)

kacar-kucur

41.

tatacara mantu kang ngemot piwulang supaya reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahargyan wis bisa resik lair lan batine, yaiku....

a)

kacar-kucur

b)

siraman

c)

wiji dadi

d)

midodareni

42.

tatacara adat panggih kang minangka pralambang, piyayi kakung iku sawijining kepala keluwarga kang kudu tanggungjawab menei nafkah, yaiku.....

a)

kacar-kucur

b)

siraman

c)

wiji dadi

d)

mecahan tigan

43.

jadah warna kang kudu dipidak karo bocah, ing upacara tedak siten, iku ana pirang warna....

a)

setunggal

b)

gangsal

c)

wolu

d)

pitu

44.

Upacara adat jawa kanggo mengeti pitungsasine wong kang nggerbini, kasebut.....

a)

tedak siten

b)

bancakan

c)

tingkeban

d)

tibanan

45.

tatacarane wong tingkeban sing nganggo perangan kambil gading kang digambari gambar wayang, yaiku....

a)

mecah tigan

b)

dodol rujak

c)

angrem

d)

brojolan

46.

gambar ing ngisor iki kang kalebu upacara adat tedak siten yaiku....

a)
b)
c)
d)
47.

jadah kang warnane wungu,ana ing upacara tedak siten ngemot teges....

a)

keagungan

b)

kasejahteran

c)

kasetyan

d)

rondo

48.

tatacara upacara tedak siten kang maknane panggawean kang mengkone bakal dipilih bocah, yaiku kagambarake koyo gambar....

a)
b)
c)
d)
49.

upacara adaat kanggo mengeti kabisane bocah kang nembe bisa mlaku, diarani...

a)

dudutan

b)

rasulan

c)

bancakan

d)

tedak siten

50.

tatacara mitoni, ingkang pungkasan yaiku...

a)

brojolan

b)

dodol dawet

c)

ngethok benang lawe

d)

mecah endhog