wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B.JAWA KELAS X

Total questions: 45

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.
Artikel sing digawe isine crita sing nyenengake kanggo para pamaca, yaiku tujuan …
a)
Hiburan
b)
Kreatip
c)
Ekstensi
d)
Panugasan
e)
Informasi
2.
Jinis artikel ing antarane yaiku …
a)
Deskriptif, Predhiktif, Eksploratif
b)
Pambuka, panutup, eksplanatif
c)
Pambuka, panutup, isi, Eksplanatif
d)
Eksploratif, pambuka, panutup
e)
Isi, panutup, deskriptif
3.
Dasanama yaiku padha karo ...
a)
Sinonim
b)
Antonim
c)
Akronim
d)
Paragraf
e)
Bait
4.
Antawacana yaiku ...
a)
Dialog antar paragane wayang
b)
Dialog antar paragane nayaga
c)
Dialog antar paragane wiraswara
d)
Dialog anatar paragane dhalang
e)
Dialog antar paragane sindhen
5.
Artikel yaikusawijine karangan prosa ing media massa karo pembahasan pokok masalah sing dibahas kanthi lugas yaiku miturut…
a)
Ensiklopedia Pers Indonesia
b)
Sumandiria
c)
Al Aqli
d)
Rillan E. Wolseley
e)
Andi Baso Mappatato
6.
Artikel yaiku karya tulis sing jangkep, tulisan nonfiksi, uga tulisan sing dawane ora ditepungi yaiku miturut …
a)
Andi Baso Mappatato
b)
Sumandiria
c)
Al Aqli
d)
Ensiklopedia Pers Indonesia
e)
Rillan E. Wolseley
7.
Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine perkara, kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan. Iki ingaran artikel ….
a)
Preskriptif
b)
Predhiktif
c)
Eksplanatif
d)
Dheskriptif
e)
Eksploratif
8.
Lumrahe predhiksi asil tetandhingan bulu tangkis nasional iku didungkapake sajrone artikel …
a)
Predhiktif
b)
Preskriptif
c)
Eksplanatif
d)
Dheskriptif
e)
Eksploratif
9.

Kang ora kalebu jinis-jinise wayang yaiku.....

a)

b lan f

b)

c lan e

c)

d lan a

d)

e lan d

e)

a lan c

10.

ARJUNA

Arjuna mujudake anggota kulawargane Pandhawa kang angka telu. Arjuna putrane Prabu Pandhu dalah Dewi Kunthi. Arjuna duweni jeneng liya yaiku; Dananjaya, Panduputra, lan liya-liyane. Sawise dewasa Arjuna sinebut Janaka. Arjuna iku sakti mandraguna amarga saperangan kasaktene Hyang Wisnu tumurun marang anggane lan saperangan maneh tumurun marang Prabu Kresna. Arjuna bisa mabur ing akasa lan bisa ngilang ing papan kang terang. Arjuna uga duweni maneka werna senjata kang sakti.

Arjuna iku cacad: tangan tengene adriji panuding loro. Driji panuding sing siji asale saka raja Negara Paranggelung, Prabu Palgunadi kang dening Dahyang Durna [gurune Palgunadi] dijaluk supaya nyoplok ali-aline saka driji panuding engga njalari pedhote driji kasebut. Banjur ali-ali serta drijine dipasrahahe marang Arjuna lan sawise ditempelake ing tangane nuli ora bisa uwal maneh sakali-aline kasebut. Ali-ali mau nambah kasektene Arjuna. Matane ali-ali kaaran Mustika Ampal.

Perlu dimangerteni yen kramane Arjuna klawan Dewi Wara Sumbadra iku nurunake raja-raja engga pungkasane jaman Purwa lan sabanjure.

Ing sajrone parang Bhatarayuda, Arjuna perang lumawan Adipati Karna. Abot rasaning atine Arjuna anggone nindakake perang kana adu arep klawan sedulur tuwane kang nungggal ibu beda rama. Wasunane, Adipati Karna sedulur tuwane kang banget diajeni kasebut tewas ing tangane Arjuna, panengahe Pandhawa.

Miturut wacan ing ndhuwur, Arjuna iku sakti mandraguna amarga saka tumurune saperangan kasaktene......

a)

Hyang Wisnu

b)

Hyang Surya

c)

Hyang Bayu

d)

Hyang Suksma

e)

Hyang Indra

11.
Artikel Preskriptif yaiku ….
a)
Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kaluputan
b)
Artikel kang isine ndungkapake fakta-fakta miturut pamawase si penulis
c)
Artikel kang njlentrehake sawijine babagan marang pamaos miturut maneka pamawas utamane saka pamawase panulise
d)
Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi miturut analisa sipanulis.
e)
Artikel kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine permasalahan kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan.
12.
Dalan crita utawa rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab-akibat) arane ...
a)
Plot / alur
b)
Tema
c)
Tokoh / paraga
d)
Gaya basa
e)
Latar/ seting
13.
Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ...
a)
Tema
b)
Paraga utawa tokoh
c)
Gaya basa
d)
Lattar / seting
e)
Plot utawa alur
14.
Wayang sing wujude cilik-cilik digawe saka bahan kayu, arane …
a)
Wayang Krucil
b)
Wayang Gedog
c)
Wayang Golek
d)
Wayang Wong
e)
Wayang Topeng
15.
Lumrahe artikel iku sinebar liwat ….
a)
Medhia massa secara online/ offline
b)
Banner ing dalan-dalan
c)
Giyaran-giyaran ing televise
d)
Giyaran-giyaran ing radio
e)
Wangsulan a, b,c bener
16.
Artikel bisa diartekake tulisan kang isine …
a)
Panemu, ide utawa fakta
b)
Imajinasi lan fantasi
c)
Eksplanatif
d)
Daya khayalan
e)
Lelucon kang nglipur
17.
Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine permasalahan kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan. Iki ingaran artikel …
a)
Dheskriptif
b)
Preskriptif
c)
Predhiktif
d)
Eksplanatif
e)
Eksploratif
18.
Struktur artikel kang bener miturut urutane yaiku …
a)
Irah-irahan- pambuka- isi – panutup
b)
Irah-irah – panutup – isi – pambuka
c)
Irah-irahan- dudutan-isi-panutup-pambuka
d)
Irah-irahan – pambuka-dudutan-panutup
e)
Pambuka – isi- dudutan-panutup
19.
Wayang suluh sinebut uga kanthi julukan….
a)
Wayang sandiwara
b)
Wayang drama
c)
Wayang ludrug
d)
Wayang kethoprak
e)
wayang pamarentah
20.
Paraga Antagonis yaiku …
a)
Paraga kang mujudake kosok balene paraga utama (ala)
b)
Paraga kang sipate becik
c)
Paraga pelerai
d)
Paraga panyengkuyung (pembantu)
e)
Wangsulan c lan d bener.
21.
Dasanamane Gunung yaiku …
a)
Agni
b)
Bayu
c)
Sasangka
d)
Giri
e)
Kartika
22.
Suta, Sunu, Weka , nunggal teges karo …
a)
Yoga, tanaya, siwi
b)
Angga, raga, tubuh
c)
Ditya, denawa, diyu
d)
Buminata, bumipati, dhatu
e)
Kadhaton, dhatulaya, kraton
23.
Werkudara iku Pandhawa sing nomer ...
a)
Loro
b)
Siji
c)
Telu
d)
Papat
e)
Lima
24.
Raden Permadi iku Pandhawa sing nomer ...
a)
Telu
b)
Siji
c)
Loro
d)
Papat
e)
Lima
25.
Pandhawa sing kapisan yaiku ...
a)
Puntadewa
b)
Nakula
c)
Sadewa
d)
Bimasena
e)
Arjuna
26.

Kacarita ing Praja Ngastina ana sawijine pangeran kang kondhang kaloka sekti mandraguna pangeran kasebut jenenge raden Dewabrata. Raden Dewabrata putrane raja Ngastina, Prabu Sentanu, karo garwa Dewi Gangga.

Pethikan carita kasebut kajupuk saka sumber cerita........

a)

Mahabarata

b)

Ramayana

c)

Gawean dhewe

d)

Babat

e)

Cerita rakyat

27.
Ing ngisor iki kang kalebu unsur intrinsik yaiku …
a)
Paraga, Tema, Plot / alur
b)
Paraga, Plot, situwasi sosial
c)
Amanat, Latar, Budaya laire karya sastra
d)
Situwasi sosial, budaya laire karya sastra, Sudhut pandhang
e)
Paraga, latar, situwasi sosial
28.
Dasanamane “anak” yaiku ...
a)
Atmaja, suta, sunu
b)
Biyung, umi, wibi
c)
Abrit, ambranang, merah
d)
Guna, lebda, wasis
e)
Candra, sasi, sitengsu
29.
Gambaran ngenani wektu, panggonan lan swasana kang dumadi sajroning cerita arane …
a)
Latar/ setting
b)
Tema
c)
Tokoh/ paraga
d)
Gaya/ basa
e)
Plot/alur
30.

Njaga Keseimbangan Alam lan Lingkungan

Pemanfaatan kekayaan alam kang ora seimbang bisa nuwuhake prakara tumrap manungsa dhewe. Pemanfaatan hutan lan sumber-sumber daya mineral sing ngluwihi wates bakal nyebabake dumadine karusakan-karusakan alam. Lemah garapan (lahan pertanian), utawa alas, yen ing njero lemahe ana bahan minerale lan ditambang, bakal dumadi karusakan-karusakan lingkungan kang bisa gawe kapitunan kang gedhe tumrap manungsa dhewe. Indonesia diparingi dening Gusti Allah kekayaan alam kang melimpah, mula rakyat Indonesia kudu bisa ngaturake rasa syukur marang Gusti Allah kanthi tumindak kang ngati-ngati anggone manfaatake kekayaan alam kasebut lan ora ngrusak lingkungan alam kanthi cara sembarangan.

Tumindak kang becik kasebut tuladhane ora nerak angger-angger (Undang-undang) anggon kita manfaatake kekayaan alam kasebut. Tuladhane ora nindakake penggaweyan penambangan liar, tanpa ijin marang pihak-pihak kang nduwe wewenang. Mulane ayo kita bebarengan njaga kalestarene alam lan lingkungan kita, supaya alam ramah marang kita lan ora dumadi bencana alam kang bisa gawe kapitunane manungsa.

Apa akibate yen pemanfaatan alam ora seimbang?

a)

Nuwuhake perkara tumrap manungsa

b)

Alam bisa subur

c)

Kekayaan alam ngrembaka

d)

Wit-witan bisa ijo lan ngrembaka

e)

Wangsulan kabeh bener

31.
Ing ngisor iki kalebu lakon-lakon kanggo wayang kulit purwa, kejaba.....
a)
Anoman muksa
b)
Pandhawa swarga
c)
Wiratha parwa
d)
Sumantri ngenger
e)
Duryudana gugur
32.
Ing ngisor iki kang kalebu lakon sajrone pagelaran wayang kulit madya yaiku....
a)
Sri aji jayabaya
b)
Gathutkaca gugur
c)
Banjaran karna
d)
Babad alas wanamarta
e)
Petruk dadi ratu
33.
Jinis artikel sing gunane kanggo nambah informasi tumrap para pamaca diarani artikel.......
a)
Eksposisi
b)
Deskripsi
c)
Narasi
d)
Argumentasi
e)
Persuasi
34.
Urip ing desa ........ ing kutha kuwi padha-padha kepenake. Tembung penggandheng kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku.....
a)
utawa
b)
lan
c)
uga
d)
sarta
e)
kepara
35.
Ing ngisor iki sing ora kalebu teks non sastra yaiku.......
a)
Cerkak
b)
Artikel
c)
Pawarta
d)
Makalah
e)
Esay
36.
Jinise artikel sing isine cerita ngenani sawijine tokoh utawa sawijine bab yaiku artikel ....
a)
Narasi
b)
Deskripsi
c)
Argumentasi
d)
Eksposisi
e)
Persuasi
37.
Ukara ing ngisor iki ngemot tembung saroja yaiku...
a)
Puspita wis kondhang minangka kembang desa.
b)
Bocah lanang kuwi katon gagah prakosa.
c)
Tindak tanduke tansah diwaspadakake wong liya.
d)
Kahanan omahe katon edi peni.
e)
Budaya kang adi luhung kudu dilstarikake.
38.
Ukara ing ngisor iki sing ana tembung entare yaiku.....
a)
Muga-muga dheweke tansah bening atine.
b)
Sawijine dina bocah kuwi bakal konangan.
c)
Sanadyan dheweke ayu, nanging ora tau umuk.
d)
Kabeh manungsa mbesuk bakale mati.
e)
Oea ana sing uwal saka bebaya.
39.

ARJUNA

Arjuna mujudake anggota kulawargane Pandhawa kang angka telu. Arjuna putrane Prabu Pandhu dalah Dewi Kunthi. Arjuna duweni jeneng liya yaiku; Dananjaya, PAnduputra, lan liya-liyane. Sawise dewasa Arjuna sinebut Janaka. Arjuna iku sakti mandraguna amarga saperangan kasaktene Hyang Wisnu tumurun marang anggane lan saperangan maneh tumurun marang Prabu Kresna. Arjuna bisa mabur ing akasa lan bisa ngilang ing papan kang terang. Arjuna uga duweni maneka werna senjata kang sakti.

Arjuna iku cacad: tangan tengene adriji panuding loro. Driji panuding sing siji asale saka raja Negara Paranggelung, Prabu Palgunadi kang dening Dahyang Durna [gurune Palgunadi] dijaluk supaya nyoplok ali-aline saka driji panuding engga njalari pedhote driji kasebut. Banjur ali-ali serta drijine dipasrahahe marang Arjuna lan sawise ditempelake ing tangane nuli ora bisa uwal maneh sakali-aline kasebut. Ali-ali mau nambah kasektene Arjuna. Matane ali-ali kaaran Mustika Ampal.

Perlu dimangerteni yen kramane Arjuna klawan Dewi Wara Sumbadra iku nurunake raja-raja engga pungkasane jaman Purwa lan sabanjure.

Ing sajrone parang Bhatarayuda, Arjuna perang lumawan Adipati Karna. Abot rasaning atine Arjuna anggone nindakake perang kana adu arep klawan sedulur tuwane kang nungggal ibu beda rama. Wasunane, Adipati Karna sedulur tuwane kang banget diajeni kasebut tewas ing tangane Arjuna, panengahe Pandhawa.

Miturut wacan ing ndhuwur, Drijine Arjuna sing cacad yaiku …

a)

a. Driji penuding

b)

a. Driji jenthik

c)

a. Driji manis

d)

a. Driji panengah

e)

a. Driji jempol

40.
Geneya wayang utawa lakon-lakon wayang kuwi uga dianggep kaya ensiklopedi Jawa?
a)
Jalaran sajrone lakon dan pagelaran wayang ngandhut piwulang saha maneka unsur kabudayaan Jawa sing jangkep.
b)
Jalaran ing pagelaran wayang dhalange tansah nggunakake tembung-tembung sing ngandhut unsur estetika saha sastra sing dhuwur.
c)
Jalaran sajrone cerita wayang kasebut bisa nuduhake keprigelan saha kapinterane para pujangga Jawa ing jaman biyen.
d)
Jalaran sumber-sumbere crita wayang kajupuk saka kitab-kitab kuna kang minangka kaskayane wong Jawa kang banget adiluhung.
e)
Jalaran ing pagelaran wayang butuhake paraga kang akeh banget, mula bisa nuwuhake watak gotong royong.
41.
Kacarita ing Praja Ngastina ana sawijine pangeran kang kondhang kaloka sekti mandraguna pangeran kasebut jenenge raden Dewabrata. Raden Dewabrata putrane raja Ngastina, Prabu Sentanu, karo garwa Dewi Gangga. Pethikan crita kasebut kajupuk saka sumber cerita........
a)
Mahabarata
b)
Gawean dhewe
c)
Ramayana
d)
Babat
e)
Cerita rakyat
42.

Salah siji tokoh penting ing Mahabharata. Dheweke iku garwane saka Prabu Pandu lan ibu saka Nakula lan Sadewa. Putri saka Raja Madra. Dheweke dikenal minangka wanita sing becik bebudine. Sapa paraga wayang kasebut?

a)

Dewi Madrim

b)

Dewi Kunti

c)

Dewi Amba

d)

Srikandi

e)

Dropadi

43.

Dewa paling agung ing kahyangan, penguwasane kabeh dewa. Putra saka Hyang

Tunggal sing dadi raja ing Jonggring Salaka. Sakwise omah-omah karo Dewi

Uma, dheweke nduweni anak sing akeh, antarane: Bathara Kala, Bathara

Sambu, lan Bathara Kamajaya.

Sapa paraga wayang kasebut?

a)

Bathara Guru

b)

Gatotkaca

c)

Bathara Bayu

d)

Puntadewa

e)

Bathara Narada

44.

Putrane Bima lan Hidimbi, kang uga dikenal minangka

raksasa kanthi kekuwatan istimewa, nduweni kekuatan super, bisa

mabur, lan nggunakake kekuwatan gaib. Sapa paraga wayang kasebut?

a)

Gatotkaca

b)

Antasena

c)

Antareja

d)

Duryudana

e)

Abimanyu

45.

Salah siji saka Pandhawa Lima, putra Prabu Pandu lan

Dewi Madrim. Dheweke ganteng, ahli ngopeni jaran, lan pengobatan.

Sajroning uripe, setya marang kakang-kakange lan

nduweni peran penting ing perang Bharatayuda. Sawise perang rampung,

bebarengan karo Pandhawa liyane lunga menyang Himalaya

kanggo nggayuh moksa.

Sapa paraga wayang kasebut?

a)

Nakula

b)

Sadewa

c)

Abimanyu

d)

Bima

e)

Yudhistira