wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS Basa Jawa 7 Genap 24/25

Total questions: 40

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Puisi jawa gagrag anyar sing panulisane ora kaiket paugeran-paugeran tartamtu, yaiku....

a)

parikan

b)

macapat

c)

geguritan

d)

crita cekak

2.

ing ngisor iki ciri-cirine geguritan, kajaba....

a)

pilihane tembung sing mentes lan mantesi

b)

nggunakake purwakanthi guru swara, sastra, lan basa

c)

ora kaiket ing guru gatra, wilangan, lan lagu

d)

kaiket ing guru gatra, wilangan, lan lagu

3.

kaendahan geguritan iku dumunung ing ngisor iki, kajaba....

a)

rantamane ukara jumbuh karo isi karangan

b)

cendhak dhuwure swara saben sapada

c)

nggunakake wirama kang becik

d)

pilihane tembung sing mentes lan mantesi

4.

supaya bisa ngerteni isi lan maksute geguritan, kang kudu ditindakake pamaos yaiku....

a)

maca geguritan kudu sing banter

b)

swarane ora oleh diempet

c)

kudu diwaca bola-bali

d)

ekspresine kudu trep

5.

kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah

larik kasebut bisa dimangerteni lumantar pancadriya, yaiku....

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangecap

6.

tembung kricik-kricik kalebu tuladhane jinis tembung....

a)

camboran

b)

andharan

c)

lingga

d)

rangkep

7.

........................................

dadia wong pinter nanging

aja keminter lan keblinger

dadia wong sugih nanging

aja semugih

dadia petinggi nanging

aja ngapusi lan korupsi

surasane pethikan geguritan kasebut yaiku....

a)

dadi manungsa samadyane wae

b)

yen dadi wong pinter pareng gumedhe

c)

dadi manungsa kudu bisa manfaatne kancane

d)

dadi pejabat kudu bisa degsiya

8.

...........................................

aku ngugemi ngendikanmu ibu

nalika arep budhal sekolah

nyangking tas kebak buku

ngger, jagad iki amba tebane

ukara kang kacethak kandel migunakake purwakanthi....

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru lumaksita

d)

guru basa

9.

...........................................

aku ngugemi ngendikanmu ibu

nalika arep budhal sekolah

nyangking tas kebak buku

ngger, jagad iki amba tebane

surasane pethikan geguritan kasebut yaiku....

a)

pituture ibu

b)

ngugemi ibu

c)

arep budhal sekolah

d)

jagad kang amba

10.

nggawe adhem ing sukma.

tembung sukma duweni teges.....

a)

raga

b)

nyawa

c)

manah

d)

netra

11.

kahananmu dadia tuladha ing jagad

dene tembung jagad duweni teges....

a)

bawana

b)

manungsa

c)

manah

d)

jaladri

12.

..............................................

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

ananging mawa wisa

pocapmu kang manis

nanging pait yen dinulu rasa

saka pethikan teks geguritan kasebut ngemu surasa, yaiku.....

a)

wong sing seneng gawe serike wong liya

b)

wong sing seneng gawe ganda arum

c)

wong sing seneng gawe guyune wong liya

d)

wong sing seneng aweh pitulungan mring liyan

13.

..............................................

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

ananging mawa wisa

pocapmu kang manis

nanging pait yen dinulu rasa

tembung puspa kalebu tuladhane tembung....

a)

entar

b)

wancah

c)

saroja

d)

garba

14.

dasanamane puspa yaiku....

a)

kembang

b)

estri

c)

jalu

d)

manah

15.

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

tembung puspa kasebut minangka pralambang.....

a)

kembang

b)

wanita

c)

manah

d)

bawana

16.

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

kang migunakake tembung saroja yaiku....

a)

sliramu

b)

kadya puspa

c)

angambar

d)

arum ganda

17.

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

kang kalebu tuladhane tembung andhahan yaiku......

a)

sliramu

b)

puspa

c)

arum

d)

ganda

18.

sliramu kadya puspa

angambar arum ganda

dene tembung kadya kalebu tuladhane......

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

purwakanthi

19.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

20.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

21.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

22.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
23.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

24.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

25.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

b)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

26.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanthi guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

sastra g

27.

jalaran dheweke jatining tresna

asalira tresna

busana tresna

watak tresna

jatining tresna.

tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

diksi

28.

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


Luhku tumetes...tes...nelesi bumi. Ukara ing ngarep nggambarake wong sing lagi...

a)

Ngguyu

b)

Nesu

c)

Nangis

d)

Susah

29.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura

Panulis geguritan ing ndhuwur lagi ngrasakake....

a)

seneng

b)

getun

c)

gumbira

d)

belasungkawa

30.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura


Ing geguritan kasebut, si penggurit (penulis) nggunakake tembung "Panjenengan". Sapa sing dikarepake dening tembung "panjenengan"?

a)

Juragane

b)

Kancane

c)

Anake

d)

Allah SWT

31.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura

Apa pesen kang kinandhut sajrone pethikan geguritan ing ndhuwur?

a)

awake dhewe yen dolan kudu eling bali nyang omah

b)

manungsa kudu eling marang Gustine lan enggal mertobat marang dosa-dosane

c)

yen ngrusak barange wong kudu tanggung jawab didandani

d)

kudu njaluk sepura marang wong tuwa yen nduwe kesalahan

32.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
33.

Tuladha iki sing kalebu purwkanthi guru sastra yaiku .....

a)

Ana awan, ana pangan

b)

Tiwas sayah, ora paedah

c)

Tata titi titig tatag, tanggung tertib

d)

Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe,

34.

Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Sang Hyang Bagaskara

tegese tembung "Sang Hyang Bagaskara" sing ana ing pethikan geguritan ing dhuwur duweni teges....

a)

Bulan

b)

Geni

c)

Srengenge

d)

Angin

35.

Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama.

Dene kang dikarepake wirama yaiku…

a)

Gedhe cilik ukara

b)

Rasa pangrasane pocapan

c)

Munggah mudhune swara

d)

Dawa cendheke tetembungan

36.

Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku .....

a)

Nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara

b)

Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang

c)

Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane

d)

Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan

37.

Salah sijine unsur basa ing geguritan yaiku migunakake tembung kawi. Apa sing di arani tembung kawi?

a)

syair ing sajroning geguritan

b)

tembung jawa kuno

c)

paugeran sing ana ing geguritan

d)

tembung paribasa

38.

Sajrone geguritan saora-orane kudu ngandhut basa kang endah, mentes lan mantesi. Bab kasebut nduweni tujuwan kaya kang diandharake ing ngisor iki, kejaba...

a)

nambahi minat wong kang maca

b)

nambahi endahe geguritan

c)

nambahi isine geguritan

d)

geguritan dadi kepenak diwaca

39.

Tembung "geguritan" dumadi saka tembung...

a)

gurit

b)

gegurit

c)

guritan

d)

rita

40.

Supaya bisa mangerteni/ memahami isine geguritan ing antarane, kejaba...

a)

negesi tetembungan sing angel

b)

nggoleki simpulan saka isine geguritan

c)

mahami makna saben larik

d)

diwaca lan ditulis bola-bali